Kaweden MY.ID adalah situs tempat berbagi informasi terkini. Berita dalam negeri kunjungi situs RUANG BACA. Untuk berita luar negeri kunjungi DJOGDJANEWS

Misteri Dendam Kesumat

Misteri Dendam Kesumat

Misteri Dendam Kesumat

Story by : Dokter Kung Top


Petualangan Indigo - Tak critani meneh yo lur..
Crita iki asli ndobos..!, tenin kui aku ora ngapusi
Wani di gledah nek nganti aku ora nbobos.
Critane ngene..
Wektu kui dina rebo pon,jam enem sore, mendung peteng ndedet hawane sumuk banget. Wah iki mengko mesti udhan deres nganggo angin batinku. Barang barang sing neng njobo gage tak amanke.manuk manuk tak lebokke, nyiapke teplok karo lilin mbok menawa mengko trus mati lampu. Maklum lur, mapanku neng ndesa dadi isih okeh wit witan sing numpang numpang kabel.. Hhh.. Karang urip neng ndesa ki rada angel luuurr.isih akeh wong kolot nek di omongi ngeyel, nek diterangke ra dong .
" Mbah wit duren e iki mbok ditegor, opo di paprasi.. Bahaya lho nek nganti ngembruki kabel listrik! "
" Ben...!, uwit karo kabel e disik uwite og nyalahke uwite! " Ngono kui wangsulane.. Hedehh.. Wong tuwoo.. Wong tuwoo..
 
Tenan wae lur.. Angine saya banter, mobat mabit swara gludug wes krungu kadi kadohan. Ora sue bresss... Udan deres gludug nyamber nyamber...mbrebegki kuping, Udan angin.. Trus pet.
Mati lampu.. Ajeg
Hawa ngene iki enake Ming nggo ngringkel, bar magriban langsung mapan turu.
Jam sewelas bengi aku nglilir, krungu swara lawang ngarep teng glotek merga kesurung angin, udane durung terang, listrik e yo durung urip. Menyat seka dipan, dasare wetengku yo ngintir intir , tretek tretek neng dapur golek mie instan. Sega lawuh mie kayane syahdu ya lur.. . Nutup lawang ngarep ndisik trus tak ganjel kursi wong ora ono kuncine.
Lha kok liwat ruang tengah mak jegagik antena ghoibku krasa nek ana mahluk tak kasat mata neng cedakku.
 
Tak matke kanti permana... Lha dalah.. Neng pojokan omah ono wujud ula gedhe banget matane murub abang namatke aku, gek loro meneh... Hedehh.
Jelas nek bangsane kajiman sing umure wes atusan taun.. Pamore semburat abang kaya urubing geni.
Hedeeh.. Gek arep golek opo iki nganti saba tekan kene. Aku etok etok ora weruh, dasare yo peteng to lur.
Aku tetep ngurupke kompor gawe mie trus madyang .
Bar madang warek trus tak parani wujud ula mau. Tak matke wujudte... Koyo aku tau kepetuk karo Jim iki... , nanging aku lali... Nengendi ya..?.
Ulane ngerti tak matke trus njenggelek, sisike mekrok, ilate melet melet...matane abing namatke aku, Embane nantang ngejak gelut.
Aku uga wes siap mateg, japa mantra sing isa nggo nggrayang bangsane lelembut.
Epek epeku wes murub wena biru.
 
" Kayane aku wes tau weruh wujudmu?, entas meguru anyar po..? Wani marani aku? " Takonku
" Zzzzz....Arep males lara wirang pepundenku! Zzzz....!" Jare Jim wujud ula karo ilate melet melet.
" Pepundenmu sapa..? " Takonku.
" Prapto..! "
"Prapto sapa?, kaya tau krungu jeneng kui..? " Omongku blas ora eleng.
" HASEMBUH...! AREP PRAPTO KEK, TUKIJAN KEK.. AKU ORA NGURUS SING BAKU KOWE WES WANI MLEBU OMAHKU BERARTI KOWE WES WANI NANTANG PERKORO KARO AKU.. HAYO...TOKNO KASEKTENMU KABEH..!, TUMPLAKEN GAMANMU..! AKU ORA GIGRIK NYAWANG WUJUDMU, IKI MARGANE PATIMU..! "
langsung tak betot ilate, matane nganti mendelik mecotot meh metu trus tak banting ambyar dadi titik titik abang.

Ula sijine ngerti kancane ambyar langsung kaget gilapen mlayu metu nembus tembok . Tak oyak metu wes ilang, kelangan lacak hedehh..
Tenan angger wani bali rene meneh tak gecek tenan.. Hhh
Byarrr... Lampu murup padang trawangan...
Prapto..?, Prapto sapa ya lur..?, koyo aku durung tau urusan karo Prapto.
---------
Isuke aku mangkat glidig ( mbut gawe ) kaya biasane.
Bali glidig kok ono pit jawa elik wis semende neng tembok omahku .
Ora pangling ... Kendaraane kang Tarjo.
Ngerti to kowe lur karo kang Tarjo.. Alah bakul bakmi sing bukak neng sleman kae lho.
Nek sing durung ngerti tak kandani yo lur..
Kang Tarjo kui ngakune seko wonosari gunung kidul kana. Ya ora duwe anak bojo, jarene ndeknen lho kui. Gawehane dodol bakmi Jawa neng sleman kana. Ning rasah do mampir,mending golek bakmi Jawa liane wae.... Ora enak blas..wkwkwk Ming gumunku kok yo payu..buktine ora bangkrut bangkrut tekan saiki.
Deweke kui klebu wong indigo menurutku. Duwe kepinteran kang linuwih. Duwe kasekten sing unik, yokui mantram AJI KACA PAESAN , mbuh seka ngendi le entuk.
Dadi deweke iso ngerti sakdurunge winarah.. iso nonton masa depan..!, opo ora ngeri kui lurr...!, malah ora ming kui isa ngerti masa lalu barang. 
Ning yo kui... Pelit e ora umum
Nek aku sing duwe wes tak nggo tuku togel syariah mbendina wes mesti tembus e .
Hongkong isa ... Bangkrut

--------------------------------------

Bali seka glidig kok ana pit Jawa gawean landa semende neng tembok omahku.. Ora pangling kendaraane kang Tarjo. Njur menungsane nengendi iki? Batinku
Bareng aku mlebu omah , jebul kang Tarjo karo si P wes teng glenik neng teras mburi omah.
" Kula nuwun..! " Omongku
" Manggaaa. .! , wee..... Sing gadah griyo pun kondur! " Omonge kang Tarjo karo mrenges.
" Do ting glenik, mesti do nggrenengi aku? "
" Ora ya kung..! , kita baru membicarakan masalah politik! " Jare si P
" Halahh.. Politik taeeek...!, Ming gedibal we ngomongke politik,.. Mbok ngomongke nomer mengko bengi sing metu piro malah genah! "
" Karang le teng glenik ki arep tak giring ndono e! " Jare si P
" Mbok pisaaan wae kang.. Mengko bengi metune pira? " Omonge si P
" Ora peee... Duit nang nangan main utawa judi kui ora berkah..! " Jare kang Tarjo.
" Nek iki kan hadiah merga bener le nebak nomer dadi dudu judi! " Si P ngeyel
" Hayo tetep judi kui..! , emange kowe duwe duit nggo tuku nomer? "
" Hayo perkara kui gampang, isa tak usahakke! " Jare si P
" Sekali ora tetep ora! "
" Yowes rong angka wae rapapa! "
 
" Ora..! "
" Jitu wes.. Jitu! "
" Tetep ora..! " Jare Tarjo kekeh
" Wes suwe po kang le mu teka? " Takonku
" Yo lagi sak untara.. Mau kowe tak tunggu ngarepan njur kepetuk si P malah kon mlebu "
" Iyo kung tak kon mlebu rekane arep tak gawekje kopi jebol gulamu entek! " Jare si P
" Yowis kana tuku gula trus nggodog banyu! " Omongku kara ngulungi duwit.
"Siaap..! " Jare si P trus minggat.
" Kok njanur gunung kowe sobo tekan kene.. Ono perlu opo ming dolan? " Takonku
" Hayo Ming dolan..! " Jawabe kang Tarjo singkat
" Aku ki Jane deg degan je nek mbok dolani ki kang! "
" Lha ngopo?, apa ora oleh aku dolan ndene? "
" Ora perkara kui..!, iki mesti ana sambung rapete karo lelakonku mau bengi, jujur wae, Jane aku arep kena apa? " Omongku

" Lha kowe rumangsa duwe musuh apa ora? " Takone Tarjo ro nyekekek
" Lha nek rumangsaku aku ki ora tau duwe mungsuh..! " Omongku
" Ning kowe saiki lagi diarah patimu je kung! " Omonge kang Tarjo.
" Njur aku mati?, nek pancen aku takdir e kudu mati ya rapapa ta kang.. ? "
" Sayange ora je kung, makane aku tekan keneki arep ngandani koe je kung! "
" Ngandani opo je kang? "
" Hayo kowe arep cilaka kui! "
" Kang ..!, tak kandani ndisik sak durunge kowe ngandani aku, wong urip neng alam ndonya iki Ming sakderma nglakoni, pati uribku wes tak pasrahke karo sing gawe uripku !, dadi kowe rasah repot repot melu ngurusi sing dudu urusanmu, wong aku ki ora wedi mati ..!"
" Lha yo nek langsung mati, nek umpama Ming njur lara kejit kejit,trus mlebu rumah sakit, njur entek biaya pirang pirang njur sapa sing arep nanggung? " Omonge Tarjo
" Lha nek kui, aku malah wedhi! "

Aku banjur nyritakke lelakonku mau bengi.
" Lha sing jenenge Prapto kui sapa? " Takone kang Tarjo.
" Lha yo embuh..!, aku dewe lali! " Omongku
" Iki kopine.. Durung tak keki gula lho iki, mwrgane menei gula tergantung selera masing masing, gulamu pirang sendok kang? " Takone si P karo kang Tarjo
" Aku rasah dikeki gula pe..! "
" Berarti gulane 0 ? " Takone si P
" Iya! "
" Haniat ngeban..!, mau bengi ekore enol mosok sesok yo enol! " Jare si P
" Wooo... Wongedan! "
" Wah ya repot nek kowe ora ngerti uwonge..! " Jare Tarjo
"Sapa to? " Si P melu kepo
" Kui lho si kung intuk ancaman seka Prapto! "
" Loh... Prapto kan wes mati! " Jare si P
" Prapto endi to pee..? "
" Alaaaaah... Sing mati ketlindes trek tronton muat semen kae lho.. Mosok ora kelingan kowe kung! "
" Sing endi to. ? " Takonku merga blas ora kelingan,.
" Alah.. Sing duwe padepokan neng lereng gunung Semeru, malah awak dewe tau tekan kana..! "
" Oalah.. Si gareng...!, sing amit amit sikile cacat kae to..! "
" Iyaa... Kae kan jenenge asline kan Prapto..!, sing mateni kluargane ani! "
" Oalahhh... Iyaa... Kelingan aku saiki! "
( baca petualangan indigo seri "Ani oh Ani ")
" Tapi kan si Prapto kan wis mati, sirahe pecah nganti kelet neng aspal! " Omonge si P
" Iyo... Wes suwi banget kui! "

 
--------------------------------------

Bareng kelingan aku sing jeneng Prapto pancen tau berurusan karo aku merga menungso laknat iki tau membantai kluargane Ani ming gara gara duwe milik bandane bapake Ani.. hh jenenge aku lali .
Rampok berkedok melipat gandakan uang. Kasus e isa trungkap gara gara aku ketemu arwahe si Ani neng sekolahan SD kana kae . Kui we wes limolas taun kepungkur . Le ketemu we yo ora sengaja gara gara aku kon metuk si Adit anake wantinah tanggaku. Kok ono bakul otok otok duwe tato Naga karo elang. Yen ora kleru jenenge Gunadi anak bawah e Prapto. Mbuh saiki nasipe piye, wes mati opo durung wonge. Lha saiki si Adit sing mbiyen isih SD, saiki malah wes kerja wes duwe bojo. berarti aku wes tuwo tenan ya lur . ( baca petualangan indigo " Ani oh Ani ").
Sing jenenge Prapto kui wes mati, gara gara mlompat seka mobil polisi ditampani trek tronton momot semen. Dadi ambyar kuwandane.
 
" Padepokane neng daerah plosok lumajang Jawa Timur kae yo pee..? "
" Iyo.. Dalane lunyu banget, mobile polisine we kepater ora tekan nggone to kae, kelingan ora?, polisine do kejengkang bola bali " Jare si P
" Dasare kae bar udan og peee... Jalanya jadi licin " Omongku
" Cedak gunung Semeru yo kung "
" Iya kayane wektu kui ora pati nggatekke! "
" Opo mbok menawa arwahe Prapto njuk bersekutu karo setan njuk balas dendam nggoleki kowe yo kung " Jare si P
" Bisa jadi kui..! " Omonge kang Tarjo karo manggut manggut.
" Ora yoo... Durung tau menangi arwah kok tumindak olo kui ora ana..!, nadyan kui arwahe wong olo "
" Kok isa ngono..? " Takone kang Tarjo kepo.
"Aku ki yo ora ngerti.. Ming berdasarkan observasi ku dewe ... Arwah sing durung sempurna tegese durung isa bali maring ngarsane gusti, apa cara gampang e terjebak neng dimensi menungsa kui ming njaluk disampurnake, sing isa nyampurnakke ya sebagian wong tertentu, karo anak turune, dadi kirim doa dinggo wong tuwane kae tekan tenan "
 
"Omongmu kui ana dalile apa hadise po kung? "
" Wah nek kowe takon perkara kui aku ora ngerti wong ilmu agamaku cetek . Sing jelas ngene kang, PADA DASARNYA MANUSIA DILAIRKE NENG ALAM DUNIA IKI KABEH APIK!, mbuh kui Jawa, cina, Arab, landa, yahudi , negro, selama kui terlahir sebagai manusia kui kabeh apik , sing marai dadi elek apa? , NAFSU..! "
" Menungsa terlahir di bumi iki digawani utawa disandangi hawa nafsu. Nek ora jenenge dudu menungsa tapi robot. Secara garis besar nafsu kui dibagi papat ! "
" Kui lima kung! "
" Crewet...!, pokoke papat...! , Siji nafsu untuk hidup

Conto ne.. Pangan, sandang, papan. Sing angka loro Nafsu untuk berkembang biak.seneng karo lawan jenis. Sing angka telu Nafsu Rasa.. Bangsa Nesu, sedih, bungah, susah lan sak pinunggalane. Seng terakhir nafsu Diajeni liyan pingin duwe kuasa lan sakpanunggalane. Nah dinggo nguja hawa nafsu kui kabeh mau tuwuh pikiran pikiran lan tumindak jahat merga butuh.. Mula tega marang liyan. Intine kabeh mau merga dinggo nguja raga. Lha nek wes mati..?, sing isa mambengi nafsu kui Ming siji yo kui ilmu norma agama. dadi wong terlahir neng ndonyo iki pada dasarnya ruh e apik kabeh mboh kui lanang po wedok selama dia manusia pada..!, conto aku duwe kanca tukang maling, rampok, ngapusi uwong.... Wes gento gak enak I wake.. Nonton sinetron neng TV... Isa misuh misuh ngonek onekke penjahate.... . Mula aku paling geting nek ilmu Agama dinggo sarana politik. Yo pora? "
 
" Ggrrrrrr... Zzzzz... Zz... "
" Hajingan malah do micek, suuuog.. Malah koyo di dongengi! "
" Apik je kung.. Terus kung! " Jare si P karo liyer liyer.
" PREEEK... RASUDI...! "
Dumadakan seko nduwur pating sliwer sinar abang abang pating cruwet suarane.
" Kang ana sing ngejak gojeg iki..!, peee... Kowe arep olah raga ora, kene tak lelet matamu ben isa weruh! "
"Apa ta..?, ngejak Madang po? " Takone si P karo liyer liyer

-------------------------------------------

Orasah nganggo suwe, raine si P tak raupi nganggo air surgawi bocahe langsung njempling njempling ro muni muni.
" Kowe ki edyan og kung! "
" Lha kowe nek ora tak leleti kemandenku mengko ora isa weruh malah cilaka! " Omongku
" Kui apa ta kung sing mabur mabur kaya laron ning suarane kaya lawa? " Takone si P bareng isa weruh wujud sing nganeh anehi.
" Hayo kui sing diarani ilmu santet, sihir Jawa nek le do ngarani " ,
" Kok murub kaya geni ya kung? "
" Aku piye? " Kang Tarjo kepo
" Lha karang kui sejenis jin je pe..! , kui wujude kaya menungsa ning cilik, duwe tangan duwe sikil ana buntute, coba gatekna kae, ono sing nggowo paku, kawat, suket, godong rawe " Omongku
" Lha kui kok ming mabur mubeng mubeng karepe piye? " Takone si P
" Kui nunggu perintah..!, sasaran e sapa sing kudu di leboni barang barang kui! " Omongku
" Kok ono sing nyiptake ilmu sihir koyo ngono ya kung? " Takone si P
" Asline ngilmu sihir iki awale dinggo ngirim panganan prajurit mojopait waktu ngelar jajahan nganti isa mempersatukan Nusantara..! "
" Nek cara saiki, termasuk jasa pengiriman barang yo kung "
" Aku piye? " Kang Tarjo kepo.
" Iya ning liwat ghoib, lha kae opo komandan e ngetok! " Omongku merga weruh wujud Jim ula gedhe mlungker neng cagak mburi omah.
 
" Saiki kowe nggepyoki sing murub mabur mabur kui, nyoh tak silihi lembaran iketku iki! "
" Mengko ngetub ora? "
" Ora...!, padakke tawon wae.. Gampang og kui mbok gepyok gampang kenane wong kui jenis jin bodho..jajal cobanen! " Omongku
" Aku piye? " Omonge Tarjo
Karo si P, jin sing murub kaya geni di gepyok nganggo iketku iso mak
" Pletok.. Pletok..! "
Trus mak pet.. Trus do tibo teng tlepok byar dadi titik titik ireng trus ilang tanpo bekas, Ming barang barang sing digawa teng bececer neng njobin. Ono paku, peniti, sileet, potongan rambut.
"Wah.. Asik iki kung! "
" Wes truske dientekke sisan..! , aku tak marani ula kae..! "
" Aku piye? " Omonge Tarjo
" Wes kowe rasah nengendi endi lungguh anteng kono wae ! " Omongku
 
Ula gedhe bareng ngerti misine ora berhasil arep nggleser lungo melarikan diri . Langsung tak playoni tak cekel petite. Ow iya lur.. Neng dimensi alam ghaib, nadyan jin kui wujudte gedhe, tetep wae enteng ora ono bobote, karang jenenge we badan alus.
"HEEH AREP NENG NGENDI KOWE? "
Ulane mbalik tutuk e mengo ngetoke siunge sing sak gedang ambon, mingis mingis...karepe arep meden medeni.
Langsung tak tapuk cangkeme nganti perot perot
" Plak.. Plok.. Plak.. Plok..! "
" Ora mas... Kowe ki Jane menungsa apa to? " Jare ulane
" MENUNGSA LUMRAH...!, AREP NGOPO KOWE? "
" menungsa lumrah kok ora wedi karo wujudku, ora koya biasane..? " Jare ulane
" LHA RUMANGSAMU KOWE KUI MEDENI IYO...!, KOWE WES MEDENI..!, APA MBOK KIRO AKU WEDI NYAWANG DYAPURMU! "
" PLOK... PLOK... "
"ampun masee... mbok ojo galak galak tooo..! "
 
"OPO NJALUK TAK SUWEK CANGKEMU..! "
" ojoooo... mass... cangkem wes ombo arep disuwek... Wes aku tobat, culno aku tak mlayu! "
" KOWE SING MAU BENGI MELU MLEBU KENE.. AYO NGAKU..!, KANCAMU SING KEMENDEL WES MODYAR...!, KOWE AREP NUSUL..? HIYO... KOWE AREP NUSUL KANCAMU...! "
" Oraa.. mas... Aku njaluk urip, aku tobat! , wes gage culna aku tak mlayu! "
" KENAPA KOK KOWE WANI WANINE MLEBU WILAYAHKU..? "
" lha aku ora ngerti nek kene omahmu og! "
" SING NGAKON SAPA?, SING NGAKON KOWE TEKAN KENE SAPA? " takonku karo tak betot petite
" HUWADUUUUH Sakit masss... Tobat tenan aku... wess.. Wess.. Remok awaku.. "
" AYO NGAKU... SAPA SING NGAKON, JANJI ORA NGAKU TAK PECAH NDASMU! "
" aku ki ming dikongkon bangsane menungsa, jenenge HUDA! "
" Huda sapa..?, HUDA SAPAAA ? "
" Huda ya Huda.. aku dewe yo ra genah! " omonge ulane.
 
"KOWE KUI DICIPTAKAN KARO PENGERAN KON MANEMBAH KARO NJAGA BUMI MALAH CENANANGAN NGETUTKE WONG RANGGENAH.. KOWE SAIKI KUDU TAK KUNJARA MLEBU KANTONG KARUMBA! "
ula gedhe langsung tak lempit tak lebokke kantong KARUMBA . Jim jenis ula ngene iki watak e licik mula kudu tak amanke ndisik.
Tak sawang si P yo wes rampung le nggepyoki Jim santet. Kringete nganti dleweran.
" Piye pe.. Wes rampung lemu berburu laron? "
" Uwes kung.. Seru jebule.. Ming iketmu iki ratau mbok kumbah yo... Ambune penguk banget..! "
" Ojo meneh kok iket.. Kae sandanganku teng klumbruk nganti kaya susuh... Karang ora sempat ngumbahi udan terus.. "
" Aku kok krasa ngelih yo kung? " Jare si P
" Saiki jam pira ta? "Takonku
" Jam setengah sanga bengi! " Omonge kang Tarjo.
" Golek bakmi Jawa wae yo pee.. Mumpung isih yah mene! "
" Cocook kung, mangkaaat..! "
" Nek liane bakmi Jawa piye to?, lha aku ki bakul bakmi Jawa je.. Malah arep tuku bakmi Jawa! " Jare kang Tarjo.
"RASAH CREWET..!, BEN KOWE NGERTI BAKMI SING LAYAK DIPANGAN MENUNGSA KI KAYA NGAPA! "

-------------------------------------

Bubar Madang aku gage njikuk banyu suci perwito sari trus manembah marang Gustiku sing ngrumpaka jiwa raga ku. Intine njaluk ngapuro mbok menawa ana sing kleru sakjroning nglakoni urip merga bener kanggoku durung mesti bener kanggo Gusti.
" Duh gustiii.... Tuduhna dalan kang bener kanggoku bener kanggo MU.. uga bener kanggo jagat sak isine.. ALLAHUMA... AMIIIN! "
tak sawang wong loro wes do teng glundung koyo semangka,mbiler ngorok merga kewareggen. Aku dewe yo trus bleg sek ora eling purwa duk sina.
Tangi tangi ngarepke subuh.
" Pe kowe ngliwet sega karo blanja iki duite, terserah arep masak opo sing penting cukup! " Akonku
" Siap..! , mengko tak blonjo nek wes rada padang! "
" Neng warung e bu dukuh kui jam lima wes bukak! " Omongku
" Mengko aku tak sing bagian masak..! " Omong'e kang Tarjo.
"RASAH..! , MASAKANMU RA ENAK..!," Omongku ro si P bareng timbang ra kepangan lak malah mubazir to lurr..
 
????
" ilatmu wes mati..!, kowe ngewangi aku ubah ubah, kayane dinaiki ora udan ! "
' Hobiku ki masak je kung..! "
" ORA URUSAN..! "

-----....... 

Bar do sarapan krungu neng njobo ono pawongan nggoleki aku, diterke tanggaku.
Aku gage metu ditutke si P ro kang Tarjo.
Tak sawang ono wong telu, nganggo iket sandangan sarwo ireng, seng siji isih enom, kir kiranku umur 20 an, bagus rupane pawakane cilik putih resik kulit e , ming pangari bawane luarbiasa, mripate nyawang aku tanpo kedhep, sajak nyimpen dendam kesumat. Sing loro gagah gedhe duwur, umure sak pantaranku brengose nggentaweng jiaan sangar sangar tenan penampilane.
Tak jak mlebu omah ora gelem.
 
" Ati ati lho kung! " Omonge kang Tarjo.
" Wes rasah crewet menengo kang..! " Omongku
" Nuwun sewu, menapa leres mriki meniko papan dunungipun mbah kung? " Omonge cah enom alus sopan banget.
" Iyo pancen bener, kene omahku, yo aku iki wonge, lha kowe kui sapa bocah seka ngendi, karepmu apa nggoleki aku, trus jenengmu sapa Hudaa? "
 
Deweke ketok kaget tak sebut jenenge.  
" Loh njenengan kok pun ngertos jeneng kula? " Takone deweke
" Lha kowe ki wong kondang je mosok aku ora ngerti! " Wangsulanku... Jane yo blas ra kenal
" Lha sing brengose nggentaweng sak kelut kelut sisih kui sapa? " Takonku genteng
" DITEPUNGKE.. JENENGKU DARMO GANDHUL..! " omonge kementus karo nepuk nepuk dadane.
" JENENGKU SASTRO KOPLAK..!, SING NYEKEL PARKIRAN PASAR MRANGGEN LERENG GUNUNG SEMERU! "
"WEDYAAAN...!, do sangar sangar jenenge " Jare si P
" Nek kepingin ngerti jenengku cukup si pee..! "
" MBUH.. RATAKON.! "
" WOOO... asuiii..! "
" kung...umpomo sing jenenge sastro koplak kae nek langsung tak karat ndase piye? "
" Mengko pee... Sabar! "
" Mangkelke je rupane, ketmau namatke karo nyengir nyengir sajak ngece "
" Mengko si gadul kae kon mungsuh Tarjo sing pada tuwane! "
" JENENGKU GANDUL DUDU GADUL! "

Sing duwe jeneng protes
" Lha trus karepmu nggoleki aku? " Takonku
" Nuwun sewu aku nungkak krama karo kowe mbah! " Omonge Huda
" Yoh rapopo sak karepmu! "
" Asline aku wes suwe nggoleki kowe mbah! "
" Njur yen wes ketemu? "
" Aku arep neter kadikdayanmu!, ngiras pantes males lara wirang mbelani ramaku! " Jare Huda
" Bapakmu sapa? " Takonku
" Bapakku Rama Prapto, jarene ibuku kowe sing mateni bapaku, malah ora ming kui kowe wani ngobrak abrik pertapane bapaku, wani mateni santri santrine bapaku..malah kowe wani nggagahi santri santri watine bapaku, MULA SAKA KUI AKU ANAKE LANANG WES SUMPAH AREP MALESKE PATINE BAPAKU! "
" BAGOOOOSSSS...! , cekak e rembuk kowe nantang ngejak duwel karo aku, arep cara alus gelem cara kasar yo gelem ! " Omongku

Lagi serius serius rembugan dumadakan krungu swara
" Guuuuuiik breeeeeeet..breettt"
" Asuog kowe ki joo... ono wong rembugan serius malah nggembos..! " omongku
" DUDU AKU YO KUUING..!, SI PEE... KUI! " jare Tarjo
" WUUH... KOK NJUR AKU...!, HAMBOK WANI GLEDAH!, KAE LHO AKU CURIGA KARO SING JENENGE SASTRO KOPLAK... KAE LHO..!, ANGGER WAYAHE GELOT MING KAKEAN ALASAN... NDI SING AGI MUMET, WETENGE MULES... RUPANE SANGAR SING DI NDELKE MING BADHOKANE TOK! " jare si P
sing dirasani ming ketap ketip.
" Hayoh saiki po kapan? " Takonku
" Golek papan sing jembar ben marem leku ngajar kowe mbah! " Omonge Huda
"Kui mburi omahku ana lapangan jembar..! "
"Tak tunggu nang kana mbah! "
" Rasah enten entenan ayo mlaku bareng! "

 
-------------------------------------------

Takbacutke critaku ya lur..
Akhire aku ketemu karo nom noman sing jenenge Huda. karepe arep males lara wirang merga aku di dakwa mateni bapake.
Akhire ditentokke le arep duel neng lapangan mburi omahku. Ndilalahe cuacane mendung, dadi ora panas. Kayane arep tiba udan meneh. Asline sing tak pikirke ming siji lur.... PEMEHANKU. nek tibo udan ora ana sing ngentasi, iso sesok ra sempakan tenan aku
" Piye.. Isih kurang jembar ora papan kene? " Takonku.
" Tak kira cukup " Jare si Huda
" Wes gek ndang cekat ceket, kowe arep ngejak apa..? , adu kasekten, antem anteman, opo bantingan apa pingsut wae yo..! "
" Adu kasekten! "
" Woke...!, gelut cara alus.. SAKLIYANE AKU KARO HUDA SEMINGKIR RADA ADOH..! " omongku
" AYO... RASAH KESUWEN, WATEKKEN AJI KAWIJAYANMU, TUMPLAKEN ELMUMU KABEH... KATOGNA BUDIMU.. ORA ORANE AKU TINGGAL GLANGGANG COLONG PLAYU..! "
 
Akhire perang tanding cara alus di mulai. Tak sawang si Huda wes persiapan tenan nggo ngalahke aku, wes pasang kuda kuda lambene ngedumel ngrapal japa mantra.
Aku yo kudu ekting ben ora mati gaya, pencak silat delok trus lungguh sila tumpang neng suketan, jian kaya nggon filem filem kae lho lor.. Jian ketok keren..
Tak rasake kaya ana kleler kleler.. Neng njero Katokku trus... Clekiit...
Spotan aku njenggirat.. Njingkat njingkat ,Tak rogoh jebul aku nglungguhi leng semut sing ireng rada gedhi kae lho lur..
" MBOK SENG SERIUS TO KUUNG...!, MALAH NJIL NJILAN KI PIYE..! " bengokke si P
" NJIL NJILAN MATAMU KUI...!, MANUKU COKOT SEMUT E SUUUU...! "
Seka epek epek tangane Huda wes metu peluk kaya pedut werna ireng suwe suwe rubah wujud dadi Singa barong sing gedhene sak pedhet...solahe medeni ...nubruk ngalor nubruk ngidul jian ketok buas banget. Nggereng nggereng koyo macan ora tau di pakani. Tangan Huda nunjuk aku, mbok menawa muni, menungsa kae panganmu!, ketoro njur mlayu banter marani aku karo suarane gereng gereng..sajake kepingin nubruk trus ndowak ndowak awakku...Jian ora fer tenan..
Ha piye aku kan durung siap,...lagi sibuk nguculi semut sing gejiret ranjau malah wes di serang.. Hedehh

Nanging ono kaelokan...
Macane bareng soyo cedak weruh rupaku..
Koyo kaget...Langsung ngerim dadak, nganti ngosek ngosek trus mlayu mbalik banter banget karo kaing kaing kaya asu kena pentung.. Trus plas ilang tak kedepke.
Tak sawang si Huda bingung trus mbaleni maca mantra meneh.. Seka tangane metu ula wakeh trus kloget kloget marani aku... Gedhene sak lengen lengen.
" Hedehhh.. Iki sihir opo meneh...! " Batinku
Ming trus tak bukakke kantong karumbo isi ula sing
Tak cekel mau bengi kae lho lur... Jian ming tak duduhke ndase tok kui.. Ulane Huda langsung bubar mawut ora karu karuan...
Paling batin e ulane Huda... " Hajingggaaan... Ula gedene sakmono we kalah opo meneh aku... Lariii..! "
"ISIH ONO SING AREP MBOK PAMER KE AKU MENEH ORA? "takonku ngleling

Huda sajak mangkel banget karo aku, deknen langsung gawe gerakan ritual trus ngabul abul lemah trus ngiris tangane dewe ngango peso cilik, getih mancur netesi bumi.
Dumadakan broool metu mahluk mahluk aneh seko njero lemah, sayo suwe mbentuk pasukan iblis nggowo pedang jumlah wakeh banget atusan do metu ting jredul seko lemah gek duwure meh rongmeteran... Energi ghoibe kuat banget..
" Wes iki mergane patiku! " Batinku
Aku ming pasrah merga ceta kalah.. Jebul Huda ilmune medeni umat..
Aku ming ngadeg nggejejer nrima takdirku ora isa apa apa..
Dumadakan mahluk pirang pirang mau sakdurunge nyedaki ragaku trus ambyar dewe dewe... Bali dadi lemah meneh mboko siji.
Kaya diserang tatit kae lho lur.. Sinare mblerengi mripat. Suarane pating jedher.
Bareng tak toleh.. Jebul mburiku ana kaya pasukan numpak jaran ming ndase manuk.. Jumlahe ewon ... Kemeclap kaya kaca bening lagi do manahi pasukan iblis sing dibangkitkan si Huda...
Nganti resik gusik ajur mumur.. Tanpo tabet.
 
" Wooo... Berarti jin jin do giraben mau ora wedi karo aku ning weruh pasukan langit sing jumlah.... HORA UMUM! " hedehh... Tiwas GR aku
Tak sawang si Huda ngambruk trus nangis gulung gulung kaya bocah cilik ora ditukokke dolanan.. Hedehh
Trus gage tak parani.
" Aku ngaku kalah mbah.... Saiki patenono aku, timbang aku isin luwung aku patenono..! " Jare Huda karo nangis gero gero sajak gela kalah mungsuh aku.
" Aku kui sakjegke urip durung tau mateni uwong!, ngerti..! , uripmu rumangsa gagal merga ora iso mateni aku.. Ngono?, aku ki rasah mbok pateni mbesok ki mati dewe tak kandani! "
" Kowe mbok nganti tekan kiamat ora bakal isa ngalahke aku, merga sejak awal kowe kui salah..! "
" Salahku nggon ngendi? " Takone Huda karo nangis
" Ayo tak duduhke salahmu nggon ngendi! "
" Kowe sastro karo gadul arep njajal karo aku ora? "
" Mboten guss.. Kula niki ming ngeterke guse Huda niku og, mboten ajeng gelut! " Jare koplak
" Nek karo aku ojo ngundang guss.. Ndak dikiro anak kyai, nek karo si P kui kudu guss..! " Omongku
" Neng kene ki sing piyayi ki meng aku je.. Padakan! " Jare si P
" Nggih guss..! "
"Den guss..! " Jare si P
" Nggih Den guss..! "
" DEN GUUS I MAJU! "
' cangkemee..! "
" Wes kui si Huda di bopong, gawa ngomahku!, trus pee...tangane Huda kui di perban!, " akonku
" Ok siap! "
" Joo.... Memeane dintasi selak udan! "
 
---------+++++++++

Bareng tekan ngomah
" Kenapa njenengan ora gelem mateni aku mbah? " Takone Huda meneh
" Kandani aku kui ora tau mateni uwong og ngeyel! "
" Lha buktine njeng Rama? "
" Kowe ki ming kena fitnah...!, trus karo jaremu aku nggagahi murid muridte bapakmu kui sing kanda sapa...? "
" Kowe kepingin ngerti kejadian sak tenane ora..? "
" Njih mbah..! " Omonge Huda
" Joo.. Rene jo... Setelke CCTV-mu jo ben ngerti bocahe kelakuane bapake sak tenane ! "
Tarjo gage njikuk banyu diwadahi ember gedhe.trus di umak umiki mantram kaca paesan sing jare tinggalane nabi sulaiman. drijine dicelopke trus byscak... Metu gambare kejadian kelakuane bapake sak matine.
Huda bareng ngerti sak nyatane trus nangis gero gero rumongsa salah, bola bali njaluk ngapura.
" Ngerti Huda bocah bagus.... Ilmu kui ibarate kaya gaman sak umpamane, iso nggo tumindak apik uga isa dinggo tumindak ala...!, ilmu kui gunane dinggo nulung marang sepada titah. Pilihan ilmu sing ana manfaat e kanggo wong liya. Mumpung durung kebacut guwangen ilmu sing ora ono manfaat e! "
" Nggih mbah ngestoaken dawuh...! " Omonge Huda
Akhire wong telu pamit bali neng lumajang arep mulai nata padepokane.
" Loh pe... Sagane entek to..? " Takonku
" Dientekke karo si koplak kae mau opo! "
"Hedehhh... Yo ngliwet meneh no! "
" Berase entek! " Jare si P
" Joo... CCTV- ne disetel meneh jo... Mengko bengi metune piro, nggo nempur beras! "
" Gah..! "
" Cen asuog kowe joo..! "
================ TAMAT =================

Anda telah membaca artikel dengan judul Misteri Dendam Kesumat. Semoga bermanfaat dan terima kasih sudah berkunjung di website Kaweden MYID.

Lokasi Kaweden