Aniii..! Oh..Anii
Aniii..! Oh..Anii
Aniii..! Oh..Anii
Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ

Critane ngene..
Aku entok proyek seko kantore koncoku jenenge CV Amiluntur..kon gawe blumbang iwak, neng sekolahan SD terkenal DIY .sekolahane jian jembar buanget wong isih bekas peninggalan londo bangunane,...pojok beteng kae lho lur...wkwkwk .
Gandeng ming gampang tak jikuk, ning yo kui lur...kudu lembur mergo nek isuk dinggo sekolah bocah bocah..tukang telu we wes nyukupi..seminggu kudu dadi apik..ok siaaap..laksanakan !. Dadi mulaine nggarap jam 12 awan nganti surub ndak ngganggu cah do sekolah,
Jam telunan wes mulai aktifitas dunia lelembut pating sliwer roto roto anak londo do playon wkwkk..biasa lur....ning sing menarik perhatianku ..ono wujud badan Alus..ora melu gojek koyo liane..ming dolanan dewe , wedok lur...kiro kiro kelas 5 - 6 , nek praupane jelas dudu londo, ning wes ketok bakal dadi cah ayu.putih rambute sak pundak . Terus terang lur aku ki sok mesakke banget nek ono badan alus wedok isih bocah , mboh ngopo..aku dewe ra ngerti .
Deknen nyedaki aku , nyawang kiwo tengen mungkin batine , iki arep di gawe opo??. Njuk dolanan pasir ora sadar nek tak gatekke.bareng tukange pamit bali, aku isih nunggoni cahe dolanan pasir..alon alon tak sapa " wes sore kok ra bali ? Ora di goleki wong tuwamu po ?" ..deknen ming clingak clinguk nggoleki sopo seng tak ajak omong, njuk bali dolanan pasir meneh.."nek dolanan lemah ngono kui ,nek klambimu reget ora seneni ibumu po ?". Deknen tros anteng njuk mengo alon alon nyawang aku, njuk clingak clinguk meneh nggoleki sopo seng tak jak omong.." hayo kowe kui lho nok ! " Kok malah koyo wong bingung..!. Bareng sadar nek deweke sing tak jak omong , malah dadi koyo wong wedi ..mundur mundur njuk mlayu njrantal nembus tembok koyo bar diweruhi menungso wkwkwkk..
Hari berikute .lur...bocahe ngetok meneh..genten aku seng di gatekne wjwkwk deknen namatke aku terus..ning karo amping amping cagak ,durung percoyo nek aku iso weruh . Langsung tak undang "Ndene...rasah wedi.!" Deknen juk moro alon alon.." jenengmu sopo nduk..cah ayu ?" Takonku , deknen isih namatke aku terus, sajak gumun.." "ditakoni kok meneng wae ! Jenengmu sopo ?" Takonku mbaleni " Anii..!" Wangsulane deknen alon."Ani sopo ? " Deknen gedek gedek njuk malah ngruket awakku karo nangis ngguguk..sajak bungah banget...hhhh...
-----------------------------------
Koyo seng tak critakke dek duwur kae, nek aku ketemu lelembut ,isih bocah ngaku jenenge Anii..lebar ngerti nek aku iso weruh njuk deknen ketok seneng , malah nemplek koyo prangko wkwkwk..bola bali nggandeng tanganku dijak mubeng mubeng sekolahane wkwkwk aku yo ming manut wae...malah duwe momongan lelembut kih wkwkwk..tukangku nganti gumun dikiro aku kentir ngomong dewe wkwkwk..ning ra tak omingi ndak wedi njuk ra nggarap gawehane malah cotho mengko wjwkwk..
Mbasan wayahe bali ,si ani ngrengek ngrengek njaluk melu hedeeh ,"yowes ayo gek mbonceng kene..!" Omongku..deknen ketok seneng banget wkwkwk ,bareng wes tekan omah jian mbungahi opo opo di deloki ,njingklak njingklik ,mlayu mrono mrene wjwkwk.tingkahe ngguyokke...jebul nek nduwe bocah cilik ki nyenengke ,suasana omah dadi ketok urip hedeeeh..aku kelingan nek neng,gudang aku duwe dolanan boneka ,boneka bekas nggone ponakanku ,wuaah ndelok ekspresine si Anii..dadi ngguyu dewe aku wkwjwkk
Ning suwe suwe njuk trenyuh rasaku hhh...njuk sopo seng tegel mateni kowe nduuk cah ayu ??..nitik ono bekas luka tusukan nggon dadane hhhh. Suwe suwe kok njuk seneng aku karo bocah iki..ojo salah tompo lho lur..! seneng karo bocah ora seneng antarane lanang wedok....wjwkwk,jian tak ujo njaluk opo wae tak turuti . Tak gawekke kamar dewe..tak desain kamar cah wedok wernane ping..komplit sak isine wkwjwjk tak tukoke boneka berby wakeh wjwkwkk..ben betah karepku ..nek di pikir malah dadi kentir aku wjwjwj..nek aku lungo deknen tak pamiti njuk dolanan dewe neng omah wjwkk..rasane malah koyo wes duwe anak aku..
Lah sak wijining ndino aku ngimpi jiann ceto banget..aku ngerti ngerti wes neng omahe uwong mboh omahe sopo ..neng kono ono wong limo wedoke siji mboh do rembukan opo ora ceto ..sing jelas ono salah sijine rupane bagus pakeane rapi nylempit peso njuk seng wong telu do teng glundung...do ditusuki..klebu wong wedoke...getih getih ..do teng klepret neng njobin..tros tros.ono bocah wedok bali seko seko sekolah..ora pangling Anii ....! mlebu omah kaget weruh wong do godres getih...lagi arep mbengok wes disikep tross...cress...
"ANIIIIII....... ! GRAGABAN tangi..
Ora sadar aku mbengok banter banget..hhh..tak sawang si Anii wes lungguh neng jejerku ndelokke aku karo wes ndrejes eluhe nangis sesenggrukan..
----------------------------------
Tak sawang ketok Anii nangis sesnggrukan sengal sengal ,koyo ngerti opo seng tak impekne..ketok nek bocah keweden..hhh.,njuk tak ruket.." sabar yo nduuk ..!" Omongku , tros tak colke tak cekeli pundake..tak tamatke raine melas banget.." Anii...seng sabar yo..! Iki mbok menowo pancen wes di takdirke karo gusti nek kowe di temokke karo aku..!.Ani...! Ndangako nduk.! .ojo sedih,..ojo wedi..! Aku janji bakal tak cekel Bajingan seng mateni kowe..aku janji..!" Ani tros ndangak namatke aku tros tak peluk meneh, ning janjane aku sadar nek kasil kebongkar aku bakal pisah karo Ani..mesti kui..ora kroso mripatku mili banyu..hhhh.. kasus di bukaaa !
Isuke aku moro neng sekolahan ngiras pantes ngecek gawean seng meh rampung, takon takon karo bagian TU , ngecek siswi seng jenenge Anii..di goleki datane karo pegawe TU ne..
" Nggak ada je..taun ini kelas 5-6 yang namanya Anii..!" Aku yo melu nggoleki.nek jeneng Ani ono..! neng fotone bedo..
Lagi sibuk nggoleki ndilalah ono guru wedok mlebu..ditakoni karo mas Aji pegawe TU " ngertos siswa kelas 5 nopo 6 seng medal seking SD mriki jenenge Anii..?" Deknen ketok nek ngeling eling.."Anii..? Sek koyo tau krungu...Ooo....ada..ada mas itu kalo nggak salah taun 93 kelas lima dia pindah apa..yaa..! Saya lupa, tapi Ada..kebetulan saya wali kelasnya !" Jare bu Dian guru senior SD kono..." Dulu malah sempat tak tanya kok nggak pernah masuk ..ada apa sama tetangganya..katanya pindah mendadak ke luar jawa....! " Jare bu Dian.." coba mas tulung nek ono Fotone..!" Akonku karo mas Aji..ora suwe lur..fotone ketemu..hitam putih..lhaaaa...iki seng tak goleki..akhire ketemu..malah buku rapote yo isih di simpen sekolahan...sudah ada tanda tanda..titik terang..nengkono Jeneng bapak ibuke karoAlamate yo ono jelas..hhh...ciandak kowe..sambung neh yo lur
-----------------------------------------------------
Bareng wes ngerti alamat omahe Anii aku pamit mulih, karo ngesel mas Aji duwit biru tanda trimakasih wjwjwk..ning di tolak mergo ono Bu guru Dian wkwjwkk.." Alahh..empun mas ..mboten sah !" Jare Adi..wkwjwjkk..emang tak sengojo lur wjwkwk.." mas aku sendiri juga penasaran ..kalau perlu apa apa ini no tepun saya ! " Jare bu Dian .." siaaap buu !" . Nek alamate ki jane cedak ro sekolahane , bapake jenenge Setiawan ibune jenenge Nuruul. Hhh
..ning kok aku kangen karo Ani yo..bali ndisik we lah...
😍
😍 mengko sore tak parani meneh.
Tekan omah si Ani wes ngenteni neng teras ngarep..ngerti aku mulih seneng banget wkwkwk.." anii..tak bawain oleh oleh..kesukaanmu nih..cilok !" Tros tak seleh piring wkwjwk nek ndelok lelembut mangan ki yo ngguyokke lho lurr, plek koyo wong lumrah mangan ming barange ora ilang wkwkwk..ning gumunku nek pedes ki deknen yo uhah uhah wkwkwk..aneh yo lur wkwjwk..lagi asik dolanan ro Ani krungu suoro motor bebek dua tak 75 .edek edek edek ..mandek neng ngarep omah..hhhedehh..Aura buruk datang hhh..sopo meneh nek ra si p. Deknen langsung mlebu omah " Ayoo...! Ko bengi kaaat ..apik iki !" Jare si p..ngajak golek lawoh mancing lumbon. " Ora pee..! Prei ndisik ..!" Wangsulanku ,si p njuk matane jelalatan nyawang kok ono seng berubah.????.njuk ndelok kamare Ani..rodo curiga ndelok rupane wjwjw
" Kowe arep rabi po ? Kok gawe kamar pembantaian " Takone si p. " Lambeeemuu..!" Lha kui..ono kamar di cet jambon tros dipane anyar...? Ning kok ono boneka boneka? Maksute opo iki ?" Takone si p kepo.." ojo ojo kowe ngetengi uwong yo !" Hedeeh..ndene tak omongi..! Trus si p tak critani..deknen manggut manggut koyo wong mudeng
😀.." Opo kowe pingin weruh..? Tak ke'i minyak surgawi koyo ndisik kae po ? " GIYAAAH..!"..wkwkwk..
"Anii..iki koncone si Om ! Jenenge Om pee..! Ora galak iki wes jinak.ming rodok mambu mergo jarang adus...!" " Hallo Anii..! " Jare sip karo ngulungke tangane..wkwkwk.." ayu ra bocahe ?" Takone si p kepo.." yo..cantik ya ni ya !" Nek kejadiane th 93 berarti saiki umure wes pitu likuran ...hh..niyat iso meteng !" Jare si p ro mangani cilok, " lambemu pe...! Iso ngetung ora kowe ki...hh..!" . " Dolan we yo pee !" Nengendi ? " Gembiro loka , wes suwe ra niliki pacarmu !" Wkwkwkk.." yo ayoo..!"
Sidane wektu kui malah do dolan neng mbiro loko..wkwkwk pisan pisan momong bocah wkwkwk si Anii ketok seneng banget, ngguya ngguyu opomeneh ndeloke tingkahe si p..sing paling di senengi Anii numpak sepur sepuran...wkwkwk..
Bareng wes kesel leren ndisik neng korsi taman cedak kandang macan kae lho lur..wektu kui pengunjunge akeh ,sinambi cres bul bul ,karo nyawang cewek cewek seng bening bening wkwkwkk..lagi asik cuci mata kok njuk di kagetke bengoke si Anii.." Buuudeee....! " Karo tangane nunjuk pawongan wedok .nggandeng bocah cilik....bude..?? " Bude sopo nii ?" Takonku .." Bude sriii..!" Omonge ani. Langsung tak playoni lur pawongan wedok mau.hhh.ndak ilang wong akeh je.
" Nuwon sewu ....hhh..!" Omongku ro mengkis mengkis.." mbak sri nggih ?" Deknen nyawang aku...njuk mantuk.." sinten nggih kulo kok rodo pangling ?"
----------------------------------
" Njeenengan mbak srii ngihh ? Hoos..hoos..hoss..hedehh suwe ra olah raga ming mlayu sedelok we ...mengkis mengkis !"
" Enggih leres...lha njenengan sinten ?" Takone mbak sri , " Di tepangaken nggih mbak kulo Arjuna !" Ngapusi sitik ra popo to lur..wkwkwk...mergane pas banget karo tampangku
😀.
Raoleh protes lho lur wong kowe dewe we yo rung tau petuk Arjuna asli wkakwk..
" Lha niku seng di gandeng putrane nopo ?" Takonku iseng.." wkwkwk...sanes mas niki putu..anake mbarep kulo !" Ooo.....momong putu to ! Lha sak niki lenggahe teng pundi ? " Lha kulo ket mbiyen nggeh teng magelang ..! " Oo.....alamat lengkape mbok mbok nek pas dolan mriko tak mampir..!" Lha njenengan ki jan jane sopo ?
😀
😀Wkwkwk..hedeehh. " kulo cobo tak takon ning di jawab jujur nggih..njenengan tau duwe ponakan seng jenenge Anii ??" Bareng aku nyebut jeng Ani rupane sri langsung rubah dadi serius.." nggih..Anii niku anake adikulo Nurul, sakniki manggon teng pundi ?..kulo le nggoleki pon pirang pirang taun kangen banget karo nurul..sakniki teng pundi si nurul ??" Karo lingak linguk nggoleki si nurul hedeeh..
" Lha..mboten ngeros...jan jane kulo niki yo nggoleki je..!" Omongku.." loh...lha mau mlebune liwat ngendi ? Mbok lapor ben diumumke nganggo pengeras ..! omong digoleki mbak sri..ngoten cepet...selak pingin ketemu aku !" Hedeeh..maksud kulo niku mbak nurul mboten teng mriki" ... nurul mboten melu to..? Lha sakniki Anii teng pundi..? Wes sepiro bocahe ? Wes duwe bojo durung ? Njuk anake wes piro ? Mesti ayu bocahe mbiyen cilikane wes ketok ayu..! Njenengan bojone Anii po ? Kok yo ra kabar kabar..!" Hedeeehh..mati akuh..di brondong pertanyaan koyo ngono kui..ora let suwe teko rombongane mbaksri tak deleng ono bapak bapak karo wong wedok 2 'stw karo seng siji enom neng wes nggendong jarek sajake anake Sri ,mboke cah seng di gandeng kui..
" Pak..iki lho..bojone Anii...!" Omonge Sri sok tau.. " Anii sopo ?" Anii..anake Nurul !"
" Yaa Allaah ..Anii anake mbak nurul ..!" Bengoke wong wedok loro meh bareng.." lha..mbak nurul saiki nengendi ? " Takone wong wedok sijine " ora melu jare..!" Omonge si Sri sok tau..." Yowes mengko mampir neng omahe sisan ,po mbak ! Kangen banget aku karo mbak Nurul...! Lha iki Anii nengendi ani ??" Haduuh....peeeeee...! Toloooooooong ..wkwkwk aku di kroyok ibu ibu...hhh
Aku jian blas ora dinei kesempatan nggo ngomong..hhhh...seko kadohan tak delok si p mlayu mlayu.." Hajiinganii..tak goleki mubeng mubeng affuoq..hoss.hoss..nganti lempoh..ngerti to nek aku ra nggowo duit blas..! hh..nek mbok tinggal iso bali mlaku tenan !" Omonge si p karo krenggosan " seng arep ninggal ki yo sopo..? hedeh..!" Lha mau lagi tak tinggal nonton iwak gede banget..hh..iwak aipama...hhh.kowe.wes ra ono..hh...leku nggoleki nganti tekan nggon munyuk munyuk kae..hoos..hooss..bol malah do ngobrol neng kene..hh !" Lha tros iki sopo mas Arjuna..? " Takone mbak Sri wkwk
----------------------------------------
" Lha iki sopo mas Arjuno ?" Takone mbak Sri karo ngejak salaman si p seng isih mengkis mengkis..hh, si p njuk namatke aku..hhh "whaat..!!! .Arjuna..?????? , Sejak kapan kowe ganti jeneng ?" Sssttttt...! Karo tak pentelengi raine si p ..sajake deknen mudeng karepku..hhhh..slamet slamet.. " Oohh..! di tepangke kulo rencange mas Arjuno niki..kulo Dosomuko !" ..hhh...anjiiiiirr..sejak kapan Arjuno duwe konco Dosomuko..hh..jan jane kowe dong wayang ra to peeee...! Hedeeh ." Untung wae kluargane mbak sri yo ra dong wayang...hh.." kulo Sri niki bojo kulo ,Putra naminipun..!
njuk wong loro niki adine Nurul, Gita kaleh weni ..lha niku anak kulo wedok wijiati ..!" Ngeten mbak ..! Jan jane kulo niki yo lagi nggoleki mbak Nurul ibuke Anii..!" Aku nggenahke omongan " Piye to ikih kok aku malah dadi bingung..!" Omonge mbak sri." Niki dowo critane mbak , sing baku nggo golek papan seng iyup ben,penak ngobrole..!" Omongku..njuk do jagongan .." kapan njenengan terakhir ketemu kaleh Nurul ?" Takonku nlesih .." kapan yoo ? ..Wes suwe bianget mas juna !" Trakhir kae lho....! teko karo bojone arep utang limang juta ning awak dewe ra duwe njuk bojone nesu nesu !" Bojone mbak sri melu nimpali omong.." bojone nurul niku jenenge Stiawan nopo ?" Enggih...! " Wangsulane meh bareng nganti koyo koor ! Wkwkwkk..." Njenengan kenal nopo ? Mesti setiawan duwe utang njenengan !" Omonge Gita sok tau " untunge..mboten !" Omongku..wjwkwkk dasare yo aku dewe ra gablek wkwk.singkat crito ngene lur..
Setiawan bapake Ani kui mbien bukak toko alat alat tulis laris jare ..wong ono poto kopine barang.ning gandeng deweke (si setiawan bojone Nurul) melu perkumpulan kejawen njuk usahane terbengkalai alias bangkrut mergo duwite sitik mboko sitik kesedot neng dunia per klenikan.." maksute piye to kui mbak ...?? dunia perklenikan ??" Takone si p ..." Kui lho mas ..jare ono emas pirang pirang ton..dana refolusi jaman pak karno.jare.seng isih di simpen jin..aku mbiyen we yo sempat melu melu je mas..! Untunge di elekne karo dek Srii..Omonge bojone sri
" Lha setiyawan kui dukun po kiai po opo to ? kok ora muden kulo ??" Takonku melu melu kepo wkwkwk Udu mas..!!.deknen ki bagian golek sarono..bongso kon tuku candu , minyak minyak seng regane jutaan..lha terakhir kepetuk niku lak deknen arep njilih duwet limang juta ajeng ngge tuku minyak nopo kulo lali dinggo ngijoli jin seng jogo emas ber ton ton niku..jaree..nek kasil ajeng di balekke dadi seket juta..ning gandeng wektu niku kulo yo ra nyekel duit dadi ora tak silihi...tros nesu..kalih kulo..ngejak pedot le paseduluran tros blas ra kocap tekan sak niki, nek kabare sak kluarga do pindah teng luar jawa..neng nangendi ora ngerti !...Ooo...dadi dukune kui iso menggandakan duit ngono po ?" Takone si p.." jareenee..! Jawabe bojone Srii.." njenengan wau ngandakke nek tau melu ubyang ubyung kalih setiawan ! Nah wong pintere mesti sampean yo kenal to ?" Takonku nlesih meneh " jenenge Romo Prapto !" Omonge bojone sri.. Dyaaaaar...ciandak ra .. kowe..hhh.." pon tuwo nopo isih enom ? Mbiyen lho pak seng kulo takokne ?? " pas niku isih enom mas sak umuran kulo paling ning pun di undang Romo... ! mergo sekti banget..!" jare Pak Putra bojone srii..
Hikiiih seng tak goleki ..duwe lawan seimbang akuuh ...ora kroso untuku krekot krekot mergo ngampet selak kepingin ngajiiiar si Prapto dukun apus apus....hh
------------------------------------------
.Mbok menowo wes di atur karo Gusti po yo lurr ! Kok iso ditemokke keluargane Anii..neng kebun binatang..malah diwenehi titik terang nadyan durung ceto ..nek seng mateni kluargane Anii , Jenenge Romo prapto, kui iseh dugaanku lho lur..! Ning dugaanku biasane bener ming sayange si prapto saiki manggon ngendi do ra ngerti..
Singkat crito yo lurr Gandeng tak sawang si Anii yo wes ketok kesel , aku njaluk pamit karo mbak Sri sak kluargane. Aku janji arep moro karo Anii neng omahe magelang wong wes diwenehi alamat jelas karo no telpune.
Bali ngulon arahe ,gandeng ngliwati jok teng. " Pee..cobo nggoleki alamate Ani yo..! Sisan wong yo ngliwati !" Omongku " yo ayo..ngerti po omahe ?" Takone si p " yo nggoleki ndisik...! ,takon takon ..! nduwe cangkem nggo ngopo ? wkwk maklum lur.... wektu kui rong ono google map hehe nek alamate aku apal " .
Mbasan ketemu , jebul omah kontrakan...seng manggon tak takoni kluarga setiyawan ra ngerti. Hedehh..pantesan kok bedo karo nggon impenku..hh " hambok takon seng duwe omah kontrakan iki mbok menowo ngerti !" sarane si p , wah ..cerdas juga lu pee ! Wkwkwk..jebul seng duwe omah yo ra adoh ming ngarepe..mbasan omahe tak dodok ..jegagik..kyaaaaaaa...!
😀
😀
😀Jebul omahe konco rombongan mancing
😀 mbah joyo wkwkwl " loh kowe to kung ? Kok ngerti kene karo sopo ?" Takone mbah joyo " karo kae ..!" Omongku nunjuk si p. " Wooh...mastere !" Jare mbah joyo ..." Kene mlebu ! Ngejak mancing po ? Kapan ?" .takone mbah joyo karo nyalami aku, " Ora mbah ..geblah gebleh terus !" Omongku " wuuu...podo kung !" Wkejwkk...wah gandeng nengomahe bolo dewe aku njuk ngebel Resersene ...ben kumpul sisan ,sopo meneh nekra bang Ahmadi wkwkk..ora let suwe wes do kumpul..ngobrol ngalor ngidol ,tak sawang si Anii yo ketok wes biasa karo omahe mbah joyo, mbiyen mesti sering sobo kene batinku. " Mbah jan jane aku ki arep takon , ngarep omah kui tau di kontrak keluarga Setiawan to ?"
Mbah joyo ngeling iling njuk " iyo..bener..wes tau !". Kelingan ra mbah setiawan duwe anak cilik jenenge Anii ? ," Iyo kelingan wong sering sobo rene mbiyen !" Jare mbah joyo " Ngotrak 2 po 3 taun yo ..? Aku lali...! Ning njuk pindah ora neruske kok kung !" Pindah ngendi mbah ?" Takonku " kono neng daerah ringrut barat .." ngerti mbah nggone ?" ..Hayo ngerti wong wektu kui aku melu usung usung.! Lha piye to ?" Nahh ngene mbah mbok menowo iki wes di atur karo gusti nek kasus iki bakal ter bongkar...tros tak critakke kabeh..seko A nganti z..ngerti ono kasus misteri ngeneiki kang Ahmadi langsung semangat ekjwjwk " sesok paranih..!!! Mengko tak gawekke laporane...tamat meneh. Wjwkkk
--------------------------------
Isuke lurr..kang Ahmadi wes teko karo kancane nggawake sarapan gudek.
"Kok gasik men kuang !" Omongku karo isih ongap angop " ben ndang rampung, ayo sarapan sek !" Omonge Ahmadi karo ngetoke gudek tempelan ." Si p ?" Mau wes tak bel takon njujug rene..!" Jare Ahmadi ..ora suwe wes krungu suarane ,mbahne FU 75 ...edek edek edek , "woh wes di mulai to acarane ?" Omonge si p karo nyaut gudek tempelan .
Bubar sarapan ora lali cres bul bul ro ngopi ngopi sek wkwkwk.."sek yo tak adus sek...!..kowe wes ados po pee..?" Takonku " hayo jelas..! mboh nek polisine iki !" Omonge si p " nek deknen yo jelas uwes !" Hayoo durung karuan !" Wkwkwk..
Bar adus Niliki Anii..neng kamare tak sawang deknen ungkep ungkep neng dipan nangis mingseg mingsek " lohh..ngopo ni kok nangis ..?" Deknen ora njawab ming langsung ngrangkul njaluk gendong hhedehh..sajake ngerti nek arep tak jak neng omahe, mungkin isih kelingan kejadian seng nggegirisi. " Wes cup menengo cah ayu..karo tak gendong metu..
" Wes ayo gek mangkat ! Mbah joyo wes ngenteni neng prapatan demak ijo !" Omonge Ahmadi. Tros gage budal ," iki perjuangan lho pee...! Ora ngarep arep imbalan !" Omongku ro si p " ora....oraaa...! iki demi Anii..!" Jawabe si p wkwkwk..ora suwe ketemu omahe kontrakan setiyawan.mergo di terke karo mbah joyo jiaan teplek koyo seng neng njero impenku ndisik. Omah cilik model kampung , wektu kui yo isih ono seng ngenggoni ..tros di rembuk karo kang Ahmadi jare arep nggo nggoleki barang bukti surat surat penggledahan komplit seko kepolisian wes di siapke kang Ahmadi . Anii..tetep wegah uwal seko gendonganku raine didelekke neng pundakku ! , Wegah tak jak mlebu omahe samben aku arep mlebu omahe sikile ngroncal ngroncal njaluk metu...kae lho lurr....hedeehh..." Ndak papa nii..! Ojo wedii ! Orangnya sudah pergi kok !"
Lehku ngerih erih Anii ben gelem jak mlebu..hh..bareng mlebu jiaan teplek koyo seng tak impekke lur..prabotane, mejo kursine..isih podo ..njuk si Ani tak dokke tak lungguhke neng kursi.." Anii..si om mau tanya...habis kejadian itu ..tubuhmu di taruh mana..? " Takonku alon ..deknen ora njawab , wah..nek nganti Anii ra ngerti modyar ikih..iso kisinan akuh..tak baleni tak takoni meneh..deknen njuk ngongkon aku kon lungguh neng ngarepe tak kiro deknen arep njalok gendong mburi....,aku kon merem , jebol tangan mungile ani ndipet mataku seko mburi tak rasakke mak ces anyep neng tlapukanku njuk ono kaelokane gusti , aku merem ora peteng ning malah byaak...! padang putih koyo keno sinar mataku nganti sulap..njuk samar samar cahyo putih mau redup njuk ketok ceto neng ngarepanku gegambaran seng nggegirisi ...getih ngalir seko badan badan seng wes mbelasah neng njobin..tak sawang ono jenasah papat , seng siji ora pangling kuwandane Anii kang godres getih..hhhh..klambi seragam SD seng putih wes kebak getih..koyo koyo aku di uncalke ngliwati dimensi waktu..dadi weruh ceto kejadiane..ming kupingku isih krungu bengoke si p ,geger nek aku kesurupan jare...
" Menengooo, peee..! .aku ra popo..! Malah nek iso do metu kabeh ndisik..tak rampungke perkoro iki..!" Njuk krungu sworo langkah langkah soyo adoh...tak sawang jenasahe Anii isih obah obah kojel kojel nahan loro sajake..Wong 2 bubar mateni njuk ketok bingun ning seng bagus ketok luwih tenang , opo iki seng jenenge Romo prapto..? tros seng siji awake rodo gede putih pakulitane koyo cino..ketok nek ming anakbuahe..wong loro do rembukan opo ora ceto..ming seng koyo cino mau njuk gage ngunci lawang karo nutup korden seko njero..tak sawang neng mejo ono ubo rampe sesaji komplit sak kembange...sajake bar nglakoni ritual opo mbuh..ra ceho.! Teros prapto seng bagus ,pakean batik rapi koyo wes nggowo linggis cilik njuk akon seng awake gede kon nduduk lemah nganggo pacul , neng longkangan mburi omah..gajluk..! sajake pacule nemu septy tang ( jumbleng ) njuk di bukak ..
Tak sawang si Anii..jebul durung mati ..isih iso tangi..njuk krekel krekel mrambat mrambat arep mlayu..neng konangan karo dukune, di playoni tros di gebuki nganggo linggis cilik sak kayange ,nganti bola bali..nganti Anii ambruk meneh padake nggebuki opo wae..hhh..getihe muncrat neng joben..nganti dleweran..secara reflek aku arep tak cegah..neng ora isoo..Aniii...ohh..Anii..Bajiiiiingggaaaaan !...aku mbengok ora sadar..aku ming iso nyawang neng ora iso opo opo...atiku jan koyo di iris iris..ora kroso luhku mili dewe...jiaan sadis tenan kowe...njuk kwondo papat lanang loro wedok loro termasuk jasadte Anii, mau mboko siji di seret di cemplongke neng njumbleng sak ubo rampe sajen di cemplongke sisan njuk di tutup di cor semen ..
Bar kui njuk do copot klambi , tros getih seng wes mulai kentel neng jobin di utuki pasir tros di pel jian rapi banget...tak sawang seng awake gede putih mbuh sopo jenenge, nggon, lengene ono tato gambar nogo tarong karo elang...tros tak gatekke si romo prapto ...mlakune kok rodo pincang bareng tak gatekke luwih permono jebul sikile dowo sisih..mlakune gejlog koyo gareng ..hhh..wes aku nyebute si Gareng wae..mbasan rampung le resek resik , gareng njuk oprasi barang barange Styawan ..lemarine diobrak abrik..seng payu di dol di lebokke tas gede..hedeeh..keree kere..!.njuk do adus tros salin sandangan njok metu omah mboh nengendi , jian biasa banget , ora ketok nek bar mateni uwong...hhh..njuk pet peteng ...sirahku kroso yer yeran koyo bar di ubengke njok mboko sitik padang wes bali neng dimensiku dewe hedeee...si Anii langsung tak kekep suwi ora kroso lohku ndrejes meneh...hedehh..lagi kasus iki lur aku dadi cah gembeng..
Aku tros metu omah , Jebul neng njobo wes do ngenteni , malah ketambahan wong deso kono..do kepo ono opo kok akeh aparat hedeeh ." Kang Ahmadi mbok tulung garis polisine kui di copot wae !..ndak dadi perhatiane uwong..ketekan wartawan britane nyebar malah kacau awak dewe mengko..! Masalahe penjahate iki dugaanku ora baen baen , iki wong pinter , lunyu koyo welut..! " Akonku..tros gage di copot karo anggotane Ahmadi...kok ndang akeh uwong to iki wkwkwk.." kae barang buktimu neng mburi omah !" .
Singkat crito , bareng jumbleng di bongkar tenan wae di temoke balung balung tengkorak.cacah papat....hh...wes kui bagiane forensik sek nangani seng jelas kui tengkorake styawan, nurul, Ani , karo sijine no name...wkwkw.kang Ahmadi yo uwes ngabari mbak Sri dulure Anii sek neng magelang..malah keporo mbak sri njaluk jenasahe kabeh arep di makamke neng magelang.
------------------------
Jenasah kang wes ujud tengkorak ,di kukup di gowo neng RS di teliti kapan perkiraan hari kematiane , keno opo kok iso mati..wkwkwk nek miturut aku wong mati ki mergo ilang nyawane
😀.gandeng iki dinggo urusan kepolisian makane datane kudu komplit..ming gumunku kok yo ono ilmu seng dinggo ngerteni ,iki matine kapan..keno opo ..mleseto yo ora adoh.
Aku karo si p yo melu ngeterke jenasah neng magelang..langsung njujug neng makam ,tekan kono di rukti di dongani tros di kubur dadekke siji..ora okeh seng layat lur..ming keluargane Nurul . Bareng wes rampungan aku sak rombongan leren ndisik neng omahe mbak sri mbakyune Nurul, ngiras pantes melu tahlil ndongakke Anii...sak bapak ibune..jam limo sore aku sak rombongan njaluk pamit mulih..kluargane sri banget anggone mator nuwun karo bapak bapak polisi ,lan pesen nek wes ketangkap penjahate kon ngabar " Siap..! " Jare Ahmadi. " Mas Arjuna..kalih mas dosomuko...nek mancing teng daerah magelang mbok mampir !" Wkwk.Ahmadi ngerti aku ro si p ganti jeneng, ming ngekek.
" Sing biyangane ki kowe kok peee ! Ganti jeneng kok Doso muko !" Hedeeehh
Loh dosomuko kui lak kakange Arjuna to ?" Jare si p "watoooon tenan kowe pee..! Kakange Arjuno ki Burisrowo ! ....makane sering nonton wayang..! Ngerti budaya Asli nggone dewe hh...ora ming ndangdut wae..seng di delok !' omongku " Alah ....koyo dapurmu po ora neng ndangdutan mesti neng ngarep dewe ming arep ndelok katok to ?" Omonge si p genten ngeles aku.." wuuu...raak !"
Lanang po wedok kui burisrowo...? Takone si p
" Hayo lanang...! Wong jenenge pendowo limo..ki lanang kabeh..goblok banget koe .!" Lanang kok Bu..?" Takone si p " Asssemboh peee..! Diomongi maido dadi males rembukan ro wong goblik..!" Jare ku..
Neng perjalanan seng di bahas ming piye carane nemoke dukun apus apus si mr Gareng , alias Romo su prapto , iki..miturut dugaanku wonge saiki mesti isih urip." Njuk piye iki kung ?" Takone polisine.
Aku dewe sak iki yo ra ngerti ..! ning aku percoyo nek mengko gusti mesti bakal menehi pituduh nengendi dununge Dukun bangsat iki !.
Mbasan tekan omah aku njujuk mlebu kamare Anii..neng dipan ono kembang mawar sak ceplok isih seger neng Anii ne ora ketok.koyo biasane.njuk krungu ono sek ngundang aku ora pangling suarane Anii..! aku tros noleh . Wes tak bedek Anii wes nggandeng wong tuwane...Ani njuk marani aku tros ngekep awaku.."Aku mau pamit..om..mau pergi jauuuh sama ayah ,ibu..!" Ya...Anii..!" Jan jane rodo abot aku ngecolke Anii mergo wes bacut kegowo roso seneng.." si om jangan sedih..!" Endaak ...! Si om ndak sedih ! " Omongku karo ngusap luhku netes dewe..
" Pergi lah nii..kamu sekarang sudah bebas...slamat jalan Anii..!
Setiawan karo nurul kang wes dadi badan alus njuk nyedaki aku.njuk do ndeprok nengarepku " matur nuwun banget yo mas..! " Wes...gage lungo..o..mugo mugo lepaso paranmu jembaro kuburmu..!" Njuk sitik sitik wewujutan telu ilang tak kedepke...meng kari aku..hhhhhh....cres...bull ..bull..sepi meneh.
-----------------------------------------------
Howo isuk wektu kui kroso adem mergo meh sedino uyan terus. Kumbahanku sek wingi we durung do garing ..jam wolu we isih ketok koyo jam enem mergo mendung ..hh..hawane pancen penak nggo turu meneh..wae..wkwkkwk..lha piye arep mancing yo percumah , kali kali mesti do banjir..wong isih udyan udyen wae. Cres bul bul wae ro ngopi neng teras.." om....! ...mbok mengko aku njaluk tulung ..!" Omonge wantinah tonggoku.. " ngopo..? " Jawabku rodo aras arasen..Wantinah ki bojone kang tejo tonggo ngarep omah..wonge lemu koyo drem neng percaya dirine kliwat
😀.." tulung petoke si Adit !" ..omonge deknen " loh emange bali jam piro ?" ..takonku " jare mengko jam 10..!" ..lha kang tejo nengendi.." ket wingi rung bali je..jare ngeterke bos e !" Omonge wantinah " mbuel diapusi kowe nahh ! Paling nginep nggone mbok enom !"
😀 Godaku ..wkqkwk.." wani po ? Iso tak ajiar tenan !" Wkwkw..maklum lur ..kang tejo ki termasuk tipe STI suami takut istri..wkwk..ning nek neng njobo gayane koyo gento wkwkwk.. "yooh. !" . Tenan lho om , mengko tak teri bakmi wes, aku gae bakmi..jare wantinah tanggaku..
Adit anake wantinah sekolah neng SD negri rodo adoh..mergo neng SD seng cedak omah malah ora ketompo mergo kurang umure..wkwjwj..peraturan yang Aneh..
Jam setengah sepuluh aku budal metuk Adit ..tekan sekolahane..aku ngenteni neng njobo..mergo sekolahane di gembok satpame ndak do mbolos karo ben aman mergo sekolahane pinggir dalan gede tor rame..neng njobo pager okeh bakul bakul ono bakul gambar , jajanan bocah, cilok , bakso tusuk, siome, iwak cilik di plastiki wkwkwk..hedehh..werno werno wae..carane wong golek duwit.." kui mending sak iki rodo tertib mbiyen sak durunge di pager ..do mlebu..nganti koyo pasar..!" Jare satpame..
Neng seng dadi pusat perhatianku wektu kui..ono bakul kitiran seko barang bekas..karo dolanan ra mbejaji...wkwkwk..po yo payu ..batinku...!.wonge wes tuwo . Rambute putih..kulite wes rodo kriput.bola bali noto dagangane..nggandeng aku melas tak cedaki arep tak tukoni karepku..wkwk..mesakne.
"Sampean dodolan kongeten niki wes suwe mbah..?" Takonku. " Wah.pon dangu mas..! " Jare deknen .." waton iso nggo nyambung urip !" Jare bakule..njuk iseng tak tukoni ,ngiras pantes nukoke dolanan Adit wkwjwj..ora sengojo aku weruh awake bakule ono tatone..wkwk.." loh mbah sampean tatoan to..?" Deknen mantuk njuk nduduhke tato neng awake..niki mbiyen gambar nogo mas ..sakniki dadi welut..!" Jare deknen nglucu..lha niki gambar manuk elang..sakniki dadi emprit..! wkwjwk..aku dadi ngguyu..ora suwe Adit bali ..ngerti aku langsung mbonceng.." ayo om..cabut !" Asemik padake ojek dit..! Hh..ki tak tukoke dolanan.." opo iki om..akuki wes kelas enem je..!' Ditukokne koyo ngene..hh !" Protese Adit... " Yo iki nggo adimu..hh ! " Langsung pancal bali..neng ndalan aku kok ketak ketoken tatone bakule dolanan mau yo..? Tau weruh nengendiii..ngono..hh..gambar manuk tarung karo nogo....hhh
----------------------------------
Capet capet aku kelingan rupo rupo wengis ,seng mateni kluarga setiawan hhh..
" Dit..bakul otok otok mau wes suwe le dodol neng sekolahanmu ?" Takonku ro Adit " wes ket aku kelas siji om !" Jawabe adit.." kenal po om ?...raak ! " Jenenge sopo dit ?" Kae jenenge mbah gun..! " Jare adit..
Hhh..modyaar..!.ciandak ra kwe...!
Tekan omah si p wes ono neng..teras .cres bul bul, moco koran ,karo ngopi..hhhh..koyo wong mulyo..wkwk . " Pe....! tak andani !" Tros tak critani kedadian mau ..si p lang sung ngadek sajak emosi wkwkwk.." rasah kesuwen paranih...!" Kopi panas langsung di glogok njuk mbonceng .. koyo yak yak..o.pee...!." Sek tak ngenbel Ahmadi , polisi ne..!" Bar ngebel aku ro si p bablas boncengan mbalik neng sekolahe adit.Ahmadi yo langsung OTW ,TKP..
Tekan ngarep sekolah mbah gun isih ono..hh.nek ndelok kahanane melas banget sak iki...bedo adoh karo jaman enome. Awake gede..gagah.kulite putih kok sak iki kuru rambute seng putih...ming ra pangling ro mripate rodo sipit.." endi ?" Takone si p karo matane jlalatan " ha kui.. !" Omongku , si p nyawang mbah gun njuk " hakok..wes yo ngono ? Wah...ora tegel aku !" Jare si p mbasan ngerti kahanane..wkwkwk. ora let suwe Ahmadi yo teko karo anggotane nggo mobil patroli.. " Yakin iki wonge..?" Takone Ahmadi.." iyo neng ojo galak galak ben ora nyolok, !" Siaap.. mbuh carane piye kok njuk gampang banget mbah gun diunggahke mobil patroli sak dagangane..
Geger bakul bakul do heboh wkwkwk ngerti mbah gun ter ciduk wkwkw
Njuk ono seng takon si p .." Ooo..kui mau ..mergo dodolan neng ngarep sekolahan ora tertip marake dalane macet..sesok mboko siji yo arep do di ciduk kok !" Omonge si p wkwkwkk..
Bablas nututi Ahmadi neng kantore..
Tekon kono , mbah gun wes di lebokke neng ruang introgasi..kae lho lur, ruang kedap suara seko koco seng iso di delok seko njobo.." yakin kowe iki tersangkane ?" Iyo..cobo kon copot klambine..tak deloke seko kene ! ,Kang Ahmadi tros mlebu ruangan ..omong opo ora krungu, ning tros mbah gun nyopot klambi ..ketok ceto gambar tatone plek koyo seng aku weruh wektu kui..hh.tambah yakin . Aku njuk kon mlebu ruangan melu ngintrogasi.
Kulo mboten salah nopo nopo , kok di gowo mriki ..? Salah kulo nopo ?. Kulo dodol yo barang barangku dewe ora le nyolong ora ngugekke wong liyo ..! Omonge mbah gun. " Njenengan tak takoni di jawab jujur mbah..!" Mbiyen sampeyan rumongso tau mateni uwong mboten ?" Rupane mbahgun mbalik pucet njuk nrocos..
" Ojo meneh kok uwong mateni kewan men kulo ora tau..bla..bla..bla..bla..
" Wes rasah kakehan omong mbah...! tau opo ora ?" Dereeng tau ..! mbok sumpah..bla bla bla..! " Wes...durung tau ngih..? " Dereng..! Jawabe mbah gunadi .tegas.. " sak niki kulo tak takon melih...kowe kenal keluarga Setiawan ?" ..ora..ora tau krungu jeneng niku ...! Jawabe mbah gun soyo pucet...." Ora kenal nggih .! Deknen gedek gedek...sak niki tak takoni siji meneh..."sampean kenal seng jenenge Romo prapto ora???.." cep ..klakep ..mbah gun bakule otok otok langsung pucet , kringete brol sak jagung jagung seko batuke.." kulo baleni ..kenal mboten..?" Deknen ming meneng karo gedek gedek rupane njuk kimbik kimbik..njuk omong " kulo ora salah.... kulo ora melu mateni..!" Greeng lego rasaku lur..mergo bener tebakanku..wong iki seng melu ngenteki kluarga setiyawan ..hhh..introgasi di teroske . Mbah...jan jane seng mateni sampean nopo si prapto ?, nek jare prapto koe mbah seng tukang mateni ?"
" Mboten....! Sanes kulo..!..Prapto seng mateni..!.. Jare mbah gun karo nangis..!" Hedeehh..
Ees sak iki aku tak pingin ngerti...
Kenopo kok prapto tegel mateni, kluarga Setawan..? Awale ki piye...? Tros kenopo wektu kui koe malah ngewangi ora nyegah..?
Mbah gun tros crito , critane ngene lur..
----------------------------------
Jenenge Gunadi asal seko wonogori wes hijrah neng jakarta barat kawet taun 1982 dagang bakso laris maune..nanging gandeng keno bujuk rayu si gareng dukun apus apus , dadi bangkrut mergo sibuk ngoyak oyak barang ra ceto seng regane nganti atusan milyar. " Barang opo kui nganti sak mono regane ? " Takonku .."yo..macem macem mas..wong kui barang ghoib !" Contone..
Emas latakan pirang pirang kwintal. Modalku kesedot sitik sitik ora kroso wong di iming imingi duwet Atusan millyar..duwet entek ming nggo wira wiri karo nggo tuku sarat sarat..seng regane jutaan . Nek ming seket juta amblas mas..!..
Jaman semono kui..! omonge mbah gun.." jebul kui wes ono sindikate..
" Lha kok kowe tetep percoyo karo prapto nek ngerti diapusi ? " Takonku
Lha yo kui mas mergo romo prapto kui pinter omong , omonge sopan alus , tur yo bolo ghoibe yo okeh duwe pasukan jin ewon dadi sekti !" Jare sopo kui ?." Takonku " jare koncone prapto ! " Oaalah ...model dolop to....,! wkwkwkk ning yo karang wes bacut percoyo...
😀.sak omong omonge di nut yo wjwkwkwk..
Terus ?" ..lha nek ra manut duwetku seng bacut nyemplung ora bali.... !..yo kepekso manut akhire malah aku kedapuk golek korban liyane ben duwetku yo iso bali..seng dadi sasaran ..pengusaha seng meh bangkrut, pensiunan pejabat..opo wong nganggur seng warisane akeh.." ora aku tak takon kenopo ora mbok laporke Polisi wae wektu kui ?" Takone Ahmadi ..
" nek romo prapto di cekel polisi niyat duwitku seng bacut nyemplung ora iso bali..! Neng pikiranku ming duwitku bali aku njuk metu seko sindikat ilmu ghoib iki.
Lha sing dinggo gawe korban kancaku dewe setiyawan.......ndilalah setiyawan yo wes bacut ke jeron..dadi ngoyak teros karo romo prapto..Akhire di tentoke dino dinggo narik Emas pirang pirang ton seko njero lemah ning sarate kudu komplit ,sajen sak ubo rampe ingkung ayam , termasuk tenggok isi dueit , cacahe kudu sewelas juta .nek ra sakmono jin e ora gelem menehi emas , hhh..sajake setiawan nyilih duwet karo didik koncone seko suro boyo..ben Didik percoyo dijak sisan ritual penarikan emas secara ghoib....nek penarikan gagal duwit seng neng tenggok di balekke ..
" Ooo...rencanane setiawan ngono ? Ning romo praptomu ngerti..njuk do di pateni termasuk koncone seng jenenge Didik , pateni sisan ngono ?" Takonku ..mbah Gunadi mantuk alon " ning kenopo ono bocah cilik wedok bali seko sekolah mbok pateni sisan ?" Takonku karo plak..! , nempiling ndase mbah Gun sak kayange nganti krengkangan tibo seko kursi...hhh..aku langsung di gondeli kang Ahmadi...maklum lur..kegowo emosi..kelingan Anii le kojel kojel .sekarat..hh...mbah gun langsung mbengok Ammpuuun ...ampuun ..senes kuloo...senes..kuloo..seng mateni...tuloong tuluung..ndase mletong gede biru..
" Blegermu..menungso..neng panjalmane iblis,. Bajingan.. ! Opo kowe rangerti doso...? hehh...opo rumangsamu..nek..kowe wes modyar ora ono pengadilan seng luweh abot..? Hh h .ming goro goro duwit ilang kamanungsamu....bangsatttt..!!.opo kowe pingin ngrasake siksa geni neroko jahanam ...kene....tak gejros ndasmu ora modyar drajat opo..! " Uees...uwes..!" Omonge Ahmadi karo nyekeli awaku " sabar sabarr..!" Aku langsung nyebut asstagfirullah...
Ampuuun ampuun...ampuun...kulo ngakoni luput...kulo pon tobat...! .crito kulo dereng rampung...! .lebar niku duwet seng, teng tenggok di bagi kulo ,di sukani sekawan juta..tros kulo bali teng jakarta nemoni anak bojo kulo...ajeng mbaleni dodol bakso..lagi sedino teng mriko anak kulo lanang umur 10 taun bengi sambat ngelih...kulo metu golek pangan.kulo bali omah seng kulo nggoni pon kobong anak bojo kulo mati...bondo kulo ludes..urip kulo ketimplak timplak...siaaal terus..urip kulo...hhhdoh gusti kulo njaluk ngapuro ! " Omonge mbah gun karo nangis nguguk..." Kulo bali jogja ajeng njaluk ngapuro kalih kluargane setiawan ...pon meh 10 taun kulo goleki mboten ketemu...!"
Yoh...sesok kowe tak parake neng kluargane styawan ...angger koee sesok gelem dadi saksi yen seng nateni Prapto gareng..! Omongku isih sengal sengal karo metu seko ruangan...ben di teroske Ahmadi
" Loro ra tanganmu ?" Takone..si p. Bareng tak delok tanganku...woh jebul abuh to wkwkwk..pantesan senut senut..tuku kontelpen kono pe..! Kecetit kih wkwkwk..jebul ndase mbahgun atos wkwkw...."mantan gento je! " Jare si p wkwkwk
----------------------------------
Rodo sak untoro, Ahmadi metu seko ruang introgasi, Gunadi gento tuwo wes di amanke ,dilebokne neng hotel prodeo. " Piye kang ? Nengendi sak iki , dununge si Gareng ? Mbah gun ngerti ora ?" Takonku .kang Ahmadi njuk crito yen wong seng tak goleki sak iki madek dadi kyai utowo ngami tuwo neng lumajang ! " Lumajang ki ngendi ?" Takone si p ." Lumajang ki jawa timur kono !" Jawabe Ahmadi ...hedeeehh..adoh men..batinku , " falit ra kui informasine ? Tiwas parani adoh adoh jebul Zong !" Takonku ," iki lagi di cek neng kantor polisi lumajang karo anggotaku, sekalian golek info tentang Romo prapto !" Jare Ahmadi . "Wes di enteni karo madang madang sek yo !" Ajake Ahmadi .." cocok ...! Selak ngelih je..wjwkwk ning aku ra nggowo sangu je !" Omonge si p " Halaah...wong ono sek ngejak kok bingung peee.....! sok basa basi kowe !" Omongku seng podo ranggowo sangu wkwjwk..dasare..mental kere wjwkwk.." nengendi iki penake ?" Takone Ahmadi.."manut..!".jawabku ro si p bareng wkwjwjj
Bali seko madang , anak buwahe Ahmadi wes menehi berkas tentang si Gareng. Jebol si gareng neng kono , kondiyang dukun ampoh, di segani, duwe padepokan gedhe.. , pengikut akeh , jenenge wes ganti dadi Eyang samber nyowo ,. ..".wuhh..sangar pas banget karo kelakuane !" Omongku.."wani nyekel ra ? " Takone Ahmadi " wooo...hayo turah wani malah penasaran aku ki sepiro keampuhane, kok le...ngedir dirke...hh !' ..."njuk kapan ki arep dolan neng lumajang..?" Takone Ahmadi.. " sek..ngenteni tanganku mari ..
😀
😀 rong rong ndinongkas ,paling wes mari arep tak nggo ngiajiar , ki samber nyowo e ..! Karo klumpuk klumpuk golek sangu !" Omongku " Rasaaah...! biya ya wes ono seng nanggung kok !" Jare ahmadi " sopo..?" Yowes ..pokoke ono..ngono wae..wjwkwk ." melu ra pe ?" ..takonku.." wayo jelas melu... nek ono seng nanggung !..aku yo pingin ngidyak idyak si Gareng je..! " Lebar rong ndino , aku diampiri anggotane Ahmadi nganggo elf long , aku karo si p , gage toto toto apo , wae seng kudu di gowo..
Wong limo budal seko jogja ..selo, iso slonjoran wkwkwk...mboh pirang jam perjalanane wong mampir mampir..warung..mesjid....
Dadi santai alon alon waton tekan..
Tekan lumajang njujuk penginapan, seng wes di siapke karo polisi kono..hehe...," Oprasi penangkapane sesok wae , aku tak koordinasi karo polisi setempat..karo nyiapke berkas penangkapan .
Isuke bubar sarapan . Kabeh wes do siap , rapat ko or dinasi sedelok , karo polisi setempat , ngendi wae seng kudu di jagani ben si gareng ora iso lolos.
" Seng jelas digawe piye carane ben ora okeh korban ..mergo aku yakin , mesti Anak buwahe utowo pengikute si Gareng mesti okeh..! Ora bakal trimo yen gurune di cekel !" . Sak wise terencana kabeh gage mangkat budal nuju ,padepokan Eyang samber nyowo.!.
------------------------------------------------
Mangkat alon alon neng padepokan samber nyowo.jebul jarake seko penginepan isih adoh...neng daerah plosok, gek dalane koyo kali asat..mongko wektu kui udyan gede sisan. Hedeeh..mobile nganti ke pater bola bali..hh..maklum lur..lemahe abang gek nglempung kae lho lur.." ming arep nyekel penjahat siji we kok yo rekosonee kok yo pas udyan barang hhh !" Clatune si p mergo di koplak koplak neng njero mobil..mbasan meh tekan , mobil ora iso mlaku mergo dalane ora memungkinkan...hhh..kepekso jalan kaki..untung udane wes terang, ning yo kui lurr..dalane lunyu banget..aku we kepletre bola bali..spatuku dadi kandel banget..wkskk.wkks .seng bejo polisi polisi seng nganggo seragam ,sepatune duwur dadi etel le mlaku..ning yo sempat do kejungkel wkwkwk nek si p malah aneh meneh ....spatune di cangking, sikile di blebet plastik kresek..wkwkwk.malah koyo main seki ." isih adoh kang lokasine ?" Takonku njuk polisi stempat seng njawab " Endak paling 500 m lagi ! " ..hedeeh..mangkat awan tekan nggone meh surup..
Bareng wes tekan ..pancen gedhe padepokane..ono pendopo joglo neng ngarepe , njuk mburi koyo ono bangunan piramit koyo neng mesir ming seko boto abang.samping joglo ono omah omah limasan serba seko kayu jati..jian ketok ngengreng banget..ngarepe di pager duwor ,regole seko wesi di gawe lung lungsn rambat ono tulisan neng ndueure "Padepokan Samber Nyowo " . Kang Ahmadi teros ngomando ator strategi ..sebagian njagani pojok pojok deso ngawekani nek si Gareng iso mlayu..kabeh polisi nggowo senjata lengkap ples rompi anti pluru. Neng regol ono seng njogo , 2 sajake cantrike ,( pengikut ) nganggo klambi ireng ireng..nganggo baret barang ..nganti koyo aparat wjwjwj ming sipil we nggaya lee..kang ahmadi njalok kon mbukakke pager mergo di gembok seko njero. Ning ora gelem mergo kyai samber nyowo lagi semedi tidak berkenan menerima tamu jare.." Nek ..ora di bukak tak gedor !" Omonge si p nggleling..
" tidak bisa..! Kami takut nanti kyai marah !" Omonge seng njogo.. " wess...ora gelem mbukak ..?" Takone Ahmadi..seng jogo malah mencak mencak nantang polisi seko njero pager.." Bukaken nek iso..kui dudu gembok sembarangan..seng jogo atusan jin..wes di keki kodam !" Jare cantrike, Ahmadi tros noleh aku sajak njaluk persetujuanku.." bukak ..! Ra ono apa apane kui..dyapusi tok !" Langsung kang ahmadi njikuk pistol neng balik jakete tros ...Dorr..dorr..gembok mencelat ajur..lawang pager di jejak si p. Brrak..seng , njogo nganti njenkang..tros di playoni ro si p . Arep di keprok kayu..ning tros angkat tangan karo ndodok tanda menyerah..tros diamanke karo profos stempat neng pinggir .." perkoro iki ora ono sangkut paute karo kowe..mulo kowe rasah melu melu !" Omonge polisi karo ngecongke senjatane..' nggih paak ampun pakk !" Tak sawang ono wong limo metu seko pendopo ..do nggowo golok..! Nantang nantang polisi seng intine arep mbelani gurune. " Ati ati kang ..! nek iki wonge wes di iseni ora ming lawaran ! Omongku mergo tak sawang ono jin seng manggon neng awake..
Si p seng nggwo kayu arep cenanangan maju bali mundur meneh wjwkk..
Genten aku seng maju ..wong limo do sesumbar nek duwe ilmu kebal..hh..ning jin seng manggon neng awake ketok nek wedi nyawang aku .mbuh ngopo...hhh..sajake aku wes kondyang neng dunia per jinan po yo..wkwj..langsung tak getak wae " nek kowe ora minggat seko ngarepku berarti kowe nantang ro aku..opo njaluk tak obong dino iki..?" Jin jin seng manggon neng awake menungso limo mau langsong do oncat mboko siji..ketitik ono cahyo abang seng do metu..bablas..mboh nengendi parane..
" Percuma kowe nggowo bedil aku ra wedi bedil ! " Jare wong seng brewok karo nyopot klambi karo nepuk nepuk dadane seng kebak wulu ! Njuk akon kancane kon mbacok awake..ra sadar yen seng manggon neng awake wes minggat ..kancane yo ngono ngetokke parang njok di bacokke neng awake seng brewok dengan pe denya..hayo langsung ..crass..getih muncrat..neng latar..klumbruk..njuk mbengok..sak kayange ..Hiyooooong..! Seng mbacok melu kaget njuk parang di tibakke sajak ra percoyo nek dadane kancane mlowek sak mono gedene..liyane langsung do ngrubung ..untung Ahmadi ugo uwes siap paramedis dinggo njagani nek ono kedadian ngene iki..hedeh..ono ono wae .liyane seng maune nggleleng njuk ngluntung ndodok ora wani ndangak.." piye kowe seng mau jare kebal endi kene tak bacoke ..!" Omonge si p ..nggleling. Aku tros munggah pendopo di kawal si p, ro sakperangan polisi..
tak deleng..".wee....ha..iki...mundur sek kowe pee...! Karo konco konco do semingkir rodo adoh...!" Omongku langsung di gugu. " Ono opo..?" Takone si p.."iki ono jin tingkat menengah pee...! Seng ngadang lakuku..! Pingin weruh po ?" Giyaaah...! Wangsulane si p cepet
😀. Neng njero pendopo ono wewujutan Sardulo gedene sak pedhet mongko loro seng siji wernane dadu seng siji putih..nggereng nggereng ..matane abing menciring nyawang aku tanpo kedep..hh..njjuk le oleh nengendi ...? si Gareng due ingon ingon ngono kui.." Aku ora ono urusan karo kowe..ning nek kowe arep nyobo yo ..ayo..ojo maju mboko siji..majuo bareng..!" Karo wes tak watek mantramku kanggo nyekel bongso kajiman koyo ngene iki..
sardulo loro klintar klinter njuk langsung nyamber nyamber awakku ..ning gandeng aku weruh polahe dasare yo wis siap langsung tak petoke tanganku iso mak glangsarr..! Tangan ro sikile krekel krekel arep mlayu, langsung tak candak buntute tak bobat babitke samplukke cagak ..sardulo loro sing maune galak dadi njegrik ora wani namatke raiku..ciandak gulune tak kumbo ..ambyar dadi titik titik abang njuk ilang tak kedepke..hhh...pancen lur..bongso jin nek badan wadak ( ora ngangslupi ) arepo ujute gede neng blas ora ono bobote..karang le nyipto Gusti seko geni..ning duwe daya rusak gede banget..seng iso di rusak..lhoo...wkwkwk.." wes aman ..ayo mlebu goleki Gareng !" Omongku
..neng pelataran soyo okeh wong do moro ,do kepo pingin ngerti, ning karo polisi wes di terangke yen tujuane ming arep ngringkus Prapto mergo dadi buron mateni uwong.
Setiap ruangan di gledah..malah polisi nemu wong wadon cacah 4..iseh enom enom..neng omah limasan sisih kiwo, jebul kui bojone Gareng..jilak..tuwekan ora urus...! ora ngoman omani seng enom..wkwkw malah seng siji isih Abg...hedehh..kok yo gelem to kowe nduk ? Jare kepekso...mergo wedi karo eyang ! Nek ra gelem raiso munggah suargo..! . Ekwkwk...cen hajingan ok Gareng ki ...suargo ki nggone gareng po ...! ono seng ngaku nek ora gelem keluargane arep di santet..! Wooo...juru santet barang to gareng ki..wkwkwk. malah seng bejo si p , di ruket bojo bojone Gareng , ngucap matur nuwun mergo di bebaske...seko eyang samber nggelap wkwkw
Aku tros moro neng mburi joglo ono bangunan koyo piramit..lawange di tutup rapet..lagi arep mlangkah mlebu kupingku mbenging banter banget..kroso ono kekuatan ghoib gede neng cedakku..hh..aku mundur..woh nek iki pancen ora baen baen..tak sawang seko pucuk bangunan ..ono seng mudun ujut ulo gede banget .hhh...nek iki wes kelas ..menengah atas ...iki...hhh.tlosor tlosor..ndase wae gedene sak lemari..awake nekming rong prangkul we punjul..nggubet bangunan piramit..hhhh...pamore abang murub..ndase nlolor nyedaki lehku ngadek..namatke aku karo mbeses mbeses melet melet..hhh..iki margane patikuh...batinku..
Kowee...zzzz..manungso..zzz..wani zzz..ngganggu aku..zz. wah iki iso omong..! langsung tak sentak wae.." Seng arep ngganggu duapormu yo..sopo...?.heh..e..blis.lanat..?" Aku ming arep nyekel menungso anak buahmu kae..ning nek kowe ngalang alangi malah tak katotke dosane sisan..! Opo njaluk tak soke neroko jahanam dino iki ? Heh..Kowe jin seng wes tuwek keklek mestine yo ngerti ..aku tekan kene dudu karepku dewe..ning nek pancen kowe pingin weroh siksane geni neroko , tak rampungi sisan dino iki...!. nek kowe isih kepingin urip ndang minggato selak nyepet nyepeti mripatku..! "
Ulo seng gedene sak bongkote ngetal nyawang aku njuk koyo kaget keweden , langsung mundur njuk plas malik sinar abang gede..munggah ndedel ditotke atusan sinar abang liyane njuk ilang tak kedepke...hhh...tak sawang langit seng maune ketutup mendung njuk byak..katon lintang lan rembulan.
Tak rasak rasake wes ora ono energi ghoib neng kono...kabeh resik.ming isih krungu suoro suoro kemruwek ora ceto..seng jelas dudu bangsane kajiman.." peee.....lawange dobrak pe !" ....siap !. Si p langsung ndupak lawang sak kayange..lawange megek si p seng teros njengkelit.." hajinganiii...lawang kandel ko ngono kon ndupak !" Jare si p ro pringas pringis nyekeli sikile..wkwkwk..
Ahmadi njuk maju arep ndupak ning nyobo mbukak slote klek ...ngeek. ...! jebul ora di kunci..hedeeh.si p ketok nggonduk banget wkwkwk
Bareng neng njero piramit jebul padang..samping kanan kiri ono kamar kamar tengahe jembar...ono hiasan guci guci keramik gede gede mejo kebak sesajen ambu dupo ratus karo menyan ngganduk banget...tak sawang ono wong telu seng loro isih bocah umur 14-15 taun ngiglo ora klamben ,seng tengah nganggo jubah putih sorbanan ...marep mburi ngungkuri aku...sajake lagi nglakoni ritual..mboh ritual opo ....sepat sempate......hhhciandak ra kowe !
" Seng dudu samber nyowo metu ......! timbang tak tembak ndase !" Omongku nggertak. Seng loro isih bocah keweden , njuk klutuh kluntuh gage metu ruangan. Ming kari siji mbalik alon alon njuk marani aku " loh...anakuuuuu.....aku kangen !" Omonge deknen karo arep nyobo ngrangkul awaku..tak deleng tangane tengen nggegem sesuatu. Mboh candu mboh racun ,karepe arep di kapyokke raiku...langsung tak disiki...pluokk...! Glangsar......tibo neng ngarepe si p .langsung di gajul si p. Raine..plok...iki salam seko anii , ploook...bocor irunge..Ahmadi langsung ngruket diamanke seko pengamuke si p..hedeh...tros di deke seret metu..." Sek sek kang !" Omongku....tak delok kok sikile normal....?? " keLeru iki ..dudu dareng iki !" Hedehh....meh wae , rtos tak delok ono kamar seng lampune murup, mau mbukak kok sakiki nutup.
.
Tak dobrak..wheee...lhadalah ono tuwekan ndelik neng kamar...karo wedokan meneh...kok yo sempat sempate....hhh langsung tak jambak seret metu..mlakune deglok..naaah...ciandak tenan iki . " Kowe ora kurang ajar , kowe ora ngerti sopo seng mbok adepi iki ! Samber nyowo dukun kondang " Getake gareng..
Ora tak jawab ming langsung tak tempiling ndase plook.....glundung..." Kurang ajiar...kowe ra ngerti boloku akeh...jen ku ewon cacahe..kui neng njero guci boloku kabeh kui !" Omonge gareng " endi ...guci iki !"
Langsung tak dupaki ambruk ambyar kabeh..gucine... Kurang ajar..kui guci ...larang.....tak santet kowe tak santet kowe !" Ancame gareng.."piyeee...? Kowe arep nyantet aku ? Nyoh santeten....ayo gek di santet..!" Yo sabar..sek...nyantet ki ora iso kesusu...alon alon..kudu nganggo rapalan barang je.." ayoo...gek di rapal...cepeet...! iki dupone iki menyane ayoh..santeten aku !'" si p melu melu...".sabar yo mass..gentenan nek nyantet uwong ki ora iso bareng bareng.! " Alaaah kesuwen ..ploook . Glinding.."iki dinggo Anii ..plook ..glunding....iki nurul..plook..! Glangsar..." Anayuung! Anayuuung...! Ampun..ampun..kulo ampun di piloro nek purun emas teng mriku katah njukuk dewe ! " Ora butuh emas palsu ..plok...plok..nganti ajur rupane gareng ora kalap...tros di glandang polisi metu njobo ,tangane di kecrek leboke mobil tahanan. Jebul sworo kemruwek mau sworo jiwa jiwa seng di kunjoro neng njero guci hhhhj....cen panjelmane iblis tenan si Gareng ki..hh
Kok yo ndilalah tekan dalan gede gareng sempat sempate mencolot melarikan diri hedeeh....presss...tronton ngangkot semen seng mlites ...ambyar jasate gareng raiso di kukup..hhhh . Ruh ...e gareng mbegegek sajak bingung nyawang kuandane ajur..kelet karo aspal ..njuk ono wujut nggilani akeh metu seko njero lemah, abang..murub ...do ngruyuk..si prapto do di seret dilebokke bumi..prapto bengok bengok njaluk tulung..ning wes ora ono seng krungu.....hhhhj...calon dadi intipe neroko kowe reng....mongko.selamanya.....selama lamaya...hhh...naudubilah mindalik..mugo mugo awak dewe sak anak turune ojo nganti koyo si gareng kang wes milih dalan sesat tekan matine...
-----------------------------------------
Bareng wes rampung kajatku kasil netepi janjiku karo Anii..lego rasane..jiwa jiwa seng katikung deneng prapto wes iso bebas munggah ndedel bali neng ayunane Gusti ora dadi budake iblis..jebul korbane Gareng yo akeh..wkwkwk.." neroko jahanam wes menunggumu reeng gareng..!" Batinku..
Critaku seng dawane koyo ngono mau ming kanggo ngelengke ,
Ojo gampang percoyo marang bujuk rayu tembung manis, ora ono..! seng jenenge mukti wibowo seng tanpo rekoso ndisik..kejobo ngolah bondho londo (warisan).seng tak maksud ke ki ngene lho lur..wong arep duwe gegayuhan di landasi laku prihatin. Conto gampange wong pingin pinter yo kudu laku prihatin ujute sinau tenanan...karo ndongo ben enggal kabul kajate..ora kok pingin sugih urip penak, njuk poso awan mbengi ndongo nganti jemblek ning wegah nybut gawe wjwjwj..okeh tunggale...wkwkwk..Ojo kesusu muluk barang kang melok mundak keselak tembe mburine..kasus koyo ngene iki wes akeh korbane..mulo seng ati ati..nek ono seng ngomong jare iso menggandakan duwet , anti cukur, emas kentalan .. ming mbeel ..! , kui bosone sakiki ming PHP. ( pemberi Harapan Palsu ) ..tapuken cangkeme ..wkqkqkk ojo wedi karo bongso setan ,iblis, mergo kui musuh sejati ..

================== TAMAT ==================
😀
😂
😂
Gabung dalam percakapan