Sedulur 4, 5 Pancer
Sedulur 4, 5 Pancer
Sedulur 4, 5 Pancer
Story by : Dokter Kung Top
seumpama ana jeneng lan papan sing pada ya jelas ora tak jarak.
Saiki aku arep crita masala luku . Nek basa enggres e ples bek . Ples kui crita bek kui masa lalu.
Wes rasah maido.. Aku ki sekolah neng luar negri je..
Kawit lair aku dianggep bocah sing aneh, nek umume bocah kui lair 9 sasi 10 dino , lha Aku 11 sasi 9 dino..meh setaun to kui lur.. hh jare wong tuaku...lhoo..hh mbuh salah ngetung, opo tenan, aku yo ra ngerti wong ming di critani oq.
cilikanku aku kelingan wes biasa dolanan karo kanca sebayaku, yo playon, yo jogetan ,yo gelut gelutan , wis kaya cah cilik lumrah.
Ning karo wong tuaku malah sok di seneni mergo aneh dolanan dewe.
"koyo wong edan...!, Kowe ki ngobrol karo sapa leee..?, Kowe dolanan karo sopo lee...? "
Ning angger tak omongi nek
"aku dolanan ro kancaku !"
Aku malah di keplak nganggo luntungan koran hedeeh..dadi yo angger aku ditakoni aku pilih meneng wae ndak di keplak .
Umur 7 taun aku di lebokke SD ( sekolah Dasar), tanpo nganggo TK, mbiyen sing sekolah TK ming anake wong sugeh.
Aku neng sekolahan paling bodho dewe, cah anteng ora gelem omong, ming plirak plirik njelehi tenan ..hh.gek.. loro loronen nek turu awake panas njur kupingku mili banyu ....wkwk kopoken po yo ?

Neng dokter THT wes nganti jelih. Nek jare mbahku aku ki ming bocah nyawa saringan, mbuh maksute opo.? Nyowone bolong bolong po piye, ramudeng.
Wong tuaku dewe nganti judek ngrasake aku, mergo saking bodhone. bola bali nunggak ora munggah kelas.
Di seneni Guru nganti jelih..hh..di keplaki nganggo luntungan koran meh sarapanku mbendino hhh..
lha piye wong tuwo ora mangkel, mangkat sekolah di terke tekan sekolah wayahe bel masuk ming mlebu delok, tros metu dewe dolan neng sawah golek iwak golek welut.
wayahe bali melu bali ngonoo terus meh mbendina piye le ra goblok iya ta lur... .
ning nek tak omongi neng kelas okeh setane..galak galak.. do rapercoyo.hhh.. malah aku .dikiro cah setres..hh..lha aku wes tau kok lor...mejoku dinggoni lelembut tak kon lungo malah aku di cakari nganti kulitku mbarut mbarut perih sak awak.
Tekan ngomah disalini ibuku , kaget weruh awakku tatu kebak cakaran.njuk isuke ibuku nglabrak neng sekolahan kon nduduhi bocah sing nyakari aku.nek bahasane saiki membuly.
Wes piye kui jal..aku lak yo trimo meneng wae to !
malah aku di sengeni gurune diarani tumbak cucukan.. (wadulan).Mongko wong sakkelas ora ana sing wani ro aku..! , tonyo pisan njengking ...cah tunggaan je..nyepelekke wkwkk..
Hhh...malah tau kok lurr.. aku ki direkomendasikan karo Guruku nek aku kon pindah sekolah neng SLB


Akhire aku di gawa neng lempuyangan..nenggone kyai ampuh, nek ra kliru lho lor ..asmane KH Dhaldiri..ning saiki wes kasedan jati..( almarhum).
Kaget pak kyai weruh aku..hh mboh saking eleke rupaku po yo...? .hh aku njuk di dongani tros di usap raiku jian anyeep banget astane..tros disaranke aku di pondoke wae neng pesantren anak ,neng daerah salam magelang karo di gawani surat..mboh surate tulisane opo, wong nganggo tulisan arab gundul..
Dina kui ugo karo bapaku aku di gowo neng pesantren..
Neng pesantren aku diundangke guru khusus..kyai seka Mbangil Jawa Timur.
Nek cara jawa diruat,nek coro islam di rukyah. Dikon ngapalke amalan amalan , diajari ngalahke kekuatan ghoib sing mapan neng ragaku...hh.. neng koyone ora ngefek blas.. hh
Neng pesantren aku di perlakukan kusus..di gabungke karo bangsane anak habib ,anak kyai, pdahal aku ming anake wong ndeso..wkwkk ning ojo ngece.. neng pesantren
aku paling kondiang nakale wkwkwk..
Tau suatu ketika santri santri do pingin mangan lawoh iwak..neng do ra wani nembung kyaine..ming di janjeni tok karo pengurus pondok...hh..mangkel blumbange tonggo pondok tak POTAS ( sejenis racun ) Iwake modar kabeh ..wkwkk..
sek duwe blumbang lapor ro kiaine ,akhire sak pondok mangan lawoh iwak kabeh wkwkkk.
Kyaiku nek karo aku ora tau nesu..mboh ngopo wong wes tau ..kancaku santri tak arak tak ajak nonton bioskop neng tempel kae lho lor..mbiyen ngisor jembatan krasak ono bioskupe..nganti di susul kyaine..wkwkwk..njuk malah kyaiku melu nonton..wkwkwk..Tak bacutke crita fiksiku yo lur..
Neng pesantren aku di gembleng entek entekan selama 3 taun nek jane yo hurung lulus..ning wes lumayan lah iso nggo sangu urip .
Nalarku wes kebukak.
Gandeng aku neng pesantren yo nyambi sekolah formal, lulus SD dengan nilai Nem terbaik sak magelang wkwkwkk..umuk titik rapopo yo lur..kan mung crita ndobos ..

Ndilalah e bise kebak ,aku karo bapaku numpak kendaraan dewe ..
Singkat crita ya lur..tekan makame Sunan kudus wis kewengen,rombongan sing nganggo bis malah durung tekan.
gandeng aku melu rombongan cilik, nganggo mobil dewe, mboh piye carane kok oleh mlebu makam ro juru kuncine.
Disogok bapaku paling

Bar isak do ndongo neng ngarep makam sunan kudus.ono seng zikir ono seng ndarus ..ono seng klekaran turu ..lha aku gandeng isih bocah dasare rodo mabuk perjalanan..ming leyeh leyeh neng teras makam .
Lha kok ujug ujug tak delok nggon petengan ono wujud koyo menungso gede duwure meh sundul pyan namatke aku.. ,njuk,.. ketebang ketebang marani aku nek tak matke koyo wong timur tengah..hh.. irunge mancung, brewoken.. mripate tajem nyawang aku nganggo jubah sarwo ireng.
njuk nggetak nggetak aku ,nuding nuding raiku nganggo boso opo mbuh ra jelas..hh..sajak nesu banget..hh..suarane banter neng kupingku jian nganti mbenging mbenging, ning kok gumunku wong wong liane do ora krungu..? kok sing di seneni ming aku tok..? aku ming tingak tinguk kaya munyuk ketulup.
Gandeng aku ora ngerti basane aku yo ming ndomblong ora mudeng karepe, yo tak nengke wae to luur...! lhakok aku di cengkiwing ... hhh.. tros di tuntun metu mandek neng padasan ( gentong cilik ) deknen njuk nunjuk nunjuk padasan .
"aku kon ngopo..??.. wudhu..?" deknen ming matuk sedakep namatke aku ..hh..cen aku mau wes batal ngentut wae..hh.
Bareng wes rampung wudu njuk wuzzz...aku di krukupi jubah irenge..tros pet..peteng ndedet..koyo bar kepaten lampu kae lo lur..jian blas ra ketok opo opo...ming sarwo ireng..
lak yo aku.. kaget to..lurr.. aku njuk waton njrantal.. mlayu..karepku arep metu seko kain jubah. ning anehe..blas ra ketok dalan.. njuk sitik sitik koyo ono cahaya temaram ora padang koyo lampu po srengenge...hawane sejuk banget ..
Tak terusku crito ndobos ku yo lur...
. Iki ming hiburan dadi ojo dianggep serius 

.
wudhu niyat ingsung ngilangi khadas ( rereget) seng tumemplek neng anggaku sesuci iki ming karena lillahhitaalla .njuk wuzzz...jubah ireng dombrang dombrang di krukupke awaku iso mak pet..peteng ndedet njuk alon alon koyo ono cahyo temaram ora koyo padange lampu po srengenge.
mripatku bola bali tak kucek nggoleki sumbere cahaya blas ora ono...
aku ki ngimpi po yo..? Bola bali pipiku tak keplaki kroso loro berarti aku ora ngimpi hh..opo aku mati po yo ? ..ning mosok mati nggowo ragaku..gek iki papan opo?,batinku wektu kui.
hawane jian sejuk .bola bali aku unjal ambegan..koyo kroso seger banget neng awak.ambune semrebak wangi seng aku durung tau nemahi...saya padang mripatku nyawang kahanane ..
nek tak gambarke yo lur...koyo ra nemu nalar .




wudhu niyat ingsung ngilangi khadas ( rereget) seng tumemplek neng anggaku sesuci iki ming karena lillahhitaalla .njuk wuzzz...jubah ireng dombrang dombrang di krukupke awaku iso mak pet..peteng ndedet njuk alon alon koyo ono cahyo temaram ora koyo padange lampu po srengenge.
mripatku bola bali tak kucek nggoleki sumbere cahaya blas ora ono...
aku ki ngimpi po yo..? Bola bali pipiku tak keplaki kroso loro berarti aku ora ngimpi hh..opo aku mati po yo ? ..ning mosok mati nggowo ragaku..gek iki papan opo?,batinku wektu kui.
hawane jian sejuk .bola bali aku unjal ambegan..koyo kroso seger banget neng awak.ambune semrebak wangi seng aku durung tau nemahi...saya padang mripatku nyawang kahanane ..
nek tak gambarke yo lur...koyo ra nemu nalar .
kaya neng taman jembar uapik tenan .hh...okeh tetanduran kang tukul mangka warna .
kembang sak wernaning kembang..tanamane aneh aneh kaya kaya, durung tau weruh jenis jenis tanaman koyo ngene ..tanduran sak kembange dilit dilit rubah rubah warnane..dadi disawang ketok apik tenan..ora ono godong mati garing jian blas raono..alon alon godong tak demek jian lembut gek koyo kewan kae lho lur wit witane..hh..raiso nggambarke aku lur...tros ono uwit buah buahan wakeh jenise .ning durung tau weruh buwah model ngene iki .
karepku arep ngicipi ,tanganku tak ranggeh ,lagi tak angkat tanganku ,pang kebak buah wes mentiung dewe embane malah koyo di manggakke.
rasane jian seger tenan durung tau ngrasake buwah koyo iki..gek papan opo iki..?
Trus koyo ono blumbang gede banyune roto ora ono ombake blas wernane aneh iso gonta ganti..ijo njuk alon alon ..malih dadi biru..wes nganti raiso nggambarke lur..mergo saking endahe..
Lagi gumun weruh kahanan dumadakan aku di kagetke ono uwong papat nganggo sandangan podo kabeh dedeke sak aku mlaku neng nduwur banyu mblumbang..njuk seng siji mesem tangane ngawe karo aku..hh..aku clingak clinguk ..
" kowe ngundang aku po ?" Takonku ,deweke mantuk .
" Gah...! Aku raiso mlaku neng nduwur banyu !" Omongku.
" ora popo ..!" Jare deknen.
" Ndasmuu...! Aku ira nggowo salin je..mengko nek gejegur ? "
"Ora oraaaa..! " Jare ndeknen
"Tenan lho iki!" Njuk aku mlaku karo cincing ..hh..jebul dudu banyu koyo watu blebekan jembar gek kinclong..
njuk le masang pye...iki..?,
bareng aku soyo cedak karo cah papat mau..kaget aku lurr.
" jabang bayyiiik ! Rupane ora asing..

"weh...jebulnya..aku ki duwe dulor kembar to

Deknen tros ngajak aku munggah neng kaya pendopo ..njuk lungguh neng permadani..hh..
aku yo gage lungguh silo . Tak sawang mboko siji hh..jian iso teplek kabeh..cah papat dadi malah do cekikikan...eee...karang yo isih do bocah...wjwkk..njuk
Aku takon.".jan jane kowe ki sapa to ? " Wangsulane podo bareng
" aku ki yo kowe , lha kowe ki yo aku ! "
" Dyar ra ..! " Wkwkwkk...
" jan jane kowe tak gowo mrene ki, ono seng kudu tak wenehke karo kowe !" ..omongku karo aku.

Aku di wenehi ngerti kenapa aku beda karo bocah liane ,..kenopo kok..kudu aku...
" Kowe besok bakal duwe jejibahan kang abot , aweh pitulungan marang manungso kang nembe nandang susah ,menehi pangan marang wong kang keluwen,menehi sandang wong kang kewudan ,mergo aku jare jalmo kang pinilih ,mergo seko dongane mbahe mbah buyutku ..
Neng kono aku di wejang , diajari..dilatih diwenei daya kekuatan seng iso dinggo nyekel bongso jin, lan sak piturute..
Ning papan kene aku kroso betah banget , ora ono kroso kesel,ngelak opo meneh ngelih.hawane ming seneng.
Bareng wes diroso cukup anggonku sinau ,aku tros kon bali neng alamku..
jlek sedih rasaku..hh
" mbok aku tak nengkene wae..aku wes kroso seneng neng kene mbok salah siji seko kowe seng ngganteni aku !" Omongku karo aku liyane

Njuk salah siji seko aku, ngomong yen aku durung wektune..mergo aku ki jare pancere hhh..
isih okeh masalah seng bakal tak adepi neng alamku..
" opo ora sesok wae nek aku wes bosen neng kene tak bali !" Omongku
" ora saiki kowe kudu bali..! Karo iki gawanen kanggo ngamalke darmamu !"
Aku di kalungi ujud tasbih digawe seko kayu..
"eleng darmamu kui tetulung marang sepada pada titah ora mawas lanang opo wedok, ora mawas Agama,suku,bangsa ,gede cilik seng njaluk tulung wajib mbok tulungi...!" Jare deknen
" wes ndang balio ! "
Njuk blazz..wujud seng koyo aku trus mlebu neng ragaku kabeh...njuk byar pading silau mataku koyo di poto nganggo blit wkwkkk aku njuk merem.. bareng alon alon krungu suoro wong ndarus..mripatku tak bukak jebul aku wes neng teras makam njeng sunan kudus.
tak sawang wujud wong gede banget yo isih neng ngarepku..mbungkuk karo mesem njuk ketebang ketebang mlaku ngadoh neng petengan plas ilang tak kedepke...hh...
jebul ming ngimpi to aku iki mau...hhh..ning nengguluku kok ono kalung tasbeh seko kayu...njuk sopo seng menei kalung iki..kabeh tak takoni do ra ngerti..hh..yowes taknggo wirid koyo seng diajarke guru sejatiku mau..hhhKaya sing tak critakke neng seri sak durunge.
neng makame Sunan Kudus ,aku ketemu wujud menungsa gedhe banget duwure meh sundul pyan ngonek oneke aku nganggo bahasa embuh tros nyeret awakku kon sesuci ( wudhu ) tros aku di lebokke neng dimensi ora cetha..wjwkk..neng kana ketemu kembaranku cacah papat..nengkono aku di kandani werna werna , disejarahke kenapa aku kawet bocah wes iso weruh seng kudune ora iso di weruhi menungso lumrah , jare pancen aku di gawani bakat seka mbah mbah mbah..buyutku seng jare trah pajang, hhh...
pajang ki opo aku dewe yo rangerti..trus hubungane opo ..pajang karo kudus ki..?
Ning bareng aku wes gedhe lagi tak goleki tenan ,neng buku buku sejarah antarane Pajang ,Kudus ,Demak . Tekan seprene teb ora mudeng

Pancen wong urip neng alam donyo iki ,samben menungso mesti digawani senjata sing ampuh neng ora ujud ,salah sijine yokui seng diarani bakat...!
Bakat kui wes gawan bayi ..isa ketok cetha menowo di asah kawit cilik Conto gampang , bakat olah raga ,batminton misale..nek bocah bakat , cepet..iso malah luwih pinter tinimbang seng ngajari , nek seng ora bakat ya isa ning yo ming ngono ngono wae..
Bakat dagang, pengusaha, pemimpin, seni, lan liya liyane...
Kabeh ilmu iso di pelajari, ming hasil mesti beda karo seng bakat. Yo pora lur wkwkkk.
Lha bareng wes rampung leh ku meguru karo aku
Aku kon bali neng alamku. Hedeehhh...
Lulus SD aku balik jogja neroske le sekolah. Nek sak durunge aku ora isa mbedake antarane jin , karo arwah. Bar kejadian neng kudus lagi iso nganggo ilmu titen .
Nek jin kui aurane semu abang yo ora mokal wong Gusti nyiptake seka geni, nek arwah utowo ruh ,biasane aurane semu kuning, hanek mencorong putih ,biasane malaikat.
Jin kui jenise macem macem lho lor...,nek tak gambarke kaya kewan. Sing galak ,ana sing pah poh ya ana, sing goblog ya akeh.seng wujudte gedhe ya ana,cing cilik ya ana . Jin sing gawene ndobos ya ana

sing pengabdi setan ana ning sing ora ya ana , dadi ojo kliru ..Jin sing gaweane ngibadah ya akeh , ning drajate tetep duwur manungso.
Mulo nek sholat jamaah neng masjid kae lho lur imame selalu mengingatkan , rapatkan sof ..ben ora keselan ndak dinggoni jin . jin oleh melu ning kudu bagian mburi .
Pengalaman pertamaku wani karo bangsa lelembut berawal seko krungu kabar yen sekolah SD ku ndisik (sakdurunge aku di pondokke ,) geger beritane nganti mlebu koran.
" Beberapa siswa SD..... Kesurupan pada saat jam pelajaran "
" wooh ..SD, ku ndisik !" Batinku.
sorene tak parani...gandeng karo pak bone aku kenal akrab , maklum...tunggaan wkwkk. Takon takon, karo nyileh kunci kelas sing wis di tutup rapet.
Bareng tak bukak..." Whoooo....hakok bregejil bregejil.( Jin kelas rendah ) do nglumpok neng kene to iki...ujudte nek tak gambarke bocah cilik kuru tangane dowo ora sesuai bentuke rupane tuwo rambute dowo ming arang arang ora klamben cawetan gombal luwuk . Tak itung ana lima..do cekikak cekikik ngguyu nyawang aku....hhh..opo anggepe rupaku ki lucu po yo lur ! " Langsung meja tak gebrak .
" bruuuaak !".
" NGAPA DA NENG KENE !" Tak getak sisan hh..
langsung do meneng le ngguyu..hh..kabeh do menteleng anteng namatke aku ..sajak gumun campur kaget. Malah ono seng penasaran mlaku alon alon sajak wedi wedi nyeraki aku ...bareng cerak langsung tak sentak
" AREP NGAPA KOWE...!" Karo ora sengaja tanganku kemlawe ngeplak ndase...iso muni banter mak
" PLUAAAK..! " Deknen iso njengkelit cekakaran neng njobin. Liyane do mbengok kaget koyo munyuk kaget kae lho lur...do mbeker mbeker nyawang aku .
Asline aku dewe yo kaget iso ngeplak ndas bregejil.tak sawang tanganku isa murub warna biru...mode otomatis po ya lur...
" HAYOO...SAPA MENEH SING WANI MAJU..! " Karo tak tudingi mboko siji...." AYO KROYOKAN LEGANE ATIKU...! " Omongku jian nggleling kae lur..
seng mau njengkelit gage tangi njuk plas mlayu metu nembus tembok di tututi kanca kancane...hhh...
Oprasi demit dilanjut kan neng kelas liyane...merga aku duwe pengalaman di kerah lelembut nganti gilo ra wani mlebu kelas...
mboko siji tak bukaki ruang ruang kelas..
Kelas III a . Wes resik seka bregejil..genti neng kelas papat...kosong ra ono penunggune..kelas limo..tak bukak..jegagik.
Ana wewujutan kaya wong wadon rambut dawa lurus kaya duk..lungguh neng pojokan kelas. Horaa..pangling iki mbiyen seng gawene nyakari aku..hh.
Deknen namatke aku sajak ora pangling .njuk nguyu...swarane banter banget
" hiii hiii..hhiii....hiii"
Daya energine ora beda adoh karo bregejil bregejil mau, semu abang rupane..nandake nek jenis kajiman..hh langsung tak cedaki.
Bareng wes cedak aku lungguh kursi neng ngarepe persis...
"Nek ora kliru kowe mbiyen manggon neng kursi barisan mburi pinggir dewe.. kelas telu.. lha kok kowe saiki pindah kene?..neng kelas lima, naik kelas po? "
" Hakok lancang..!, aku we mbiyen nunggak ping pindo goro goro kowe... Hakok kowe malah naik kelas, lak yo bikin sakit hati to iki? "
Deweke namatke aku menteleng matane ,njuk mrenges untune ketok teng klireng irunge nyungir nyungir ngambus ambus raiku jian ambune badek koyo peceren.. hh.. ..milang miling njuk ngguyu meneh..hh .
"Hiii..hi.hihihi... !"
" PLOOOK...! "
Tanganku kemlawe ngeplak pipine ...
Deknen kaget ..karo nyekeli pipine ...sajake sak umur umur durung tau di keplak menungso...njuk bali ngguyu meneh ..ning koyo ngetokke kekuatane
.".hii..hi..hi.hi...! " ngguyu di gawe gawe.. hh
Pak Mingan pak bon,sing ngetotke aku, langsung njrantal..mlayu..pontang panting..hhh.
Langsung tak gebrak mejo ngarepku ..
" Bruaaak ! "
" NGAPA KOWE...? , NGGEGUYU AKU ?" karo tak pentelingi...mripatku nganti meh mecotot metu
" HEEEH ...RUMANGSAMU AKU lUCU...? HIYAA ? "
Deknen ora leren le ngguyu, malah sajak di gawe gawe le ngguyu ..ben saya medeni karepe..
" PLAAAAK..! PlOOOK ! "
Ping pindo

" AWAS..! ,WANI NGGEGUYU MENEH..TAK TAPUKI CANGKEMU NGANTI PEROT..! "
Deknen mundur njuk ngangkat tangane arep nyakar raiku ...hh...drijine seng dowi dowi kukune lancip, tak saut ..tros tak cekeli kenceng..hh..
"KOWE ISIH WANI KARO AKU..? " Tak jambak rambute seng kasar koyo duk sapu , tros tak jebles jebleske mejo...ning gumunku..kok ora bablas yo ..biasane lelembut ki iso nembus matrial padat, ojo meneh ming kayu..wesi ,koco ,tembok we tembus..opo merga kena daya kemandenku yo ?
" Ampuun....! Ampuun mass ..! kulo tobaat...kulo ming ajeng tumut sekolah..!" Jare deknen
" KOWE SEKOLAH BARANG KI AREP NGGO NGOPO ?"
" Pados pedamelan....!"
" NGAPUSIIII.....!" Langsung jebles jebleske mejo meneh..
" waduuh! ,Ampun mas...ampun..massseee !" sambate .
" kulo niki mbiyen nggih tiyang ,kados njenengan, sekolah teng mriki..!" Jare deknen.
" woo.. NGAPUSII.. ..! Opo rumangsamu aku ora iso mbedake ..! Kowe ki asli jin sing membo ujud kaya menungsa...! orausah ngapusi aku kowe..!, hh..GELEM MINGGAT SEKA KENE ORA ? , NEK ORA MINGGAT KLAKON TAK POTOL NDASMU..!" karo tak gabitke ambyar dadi titik titik abang..njuk ilang..hh.
Antena ghoib ku ngrasakke kekuatan wes sudo akeh..sajake bongso bregejil bregejil jin jin kelas teri ,wes do bubar mlayu luru pandelikan anyar..hh..
ming aku isih ngrasake energi ghoib neng sekitar bangunan mburi sekolahan.
Tak petani setiap ruangan...maklum lur aku iso weruh lelembut ning ora iso tembus materi padat..hambok ming ketutup selembar kain we aku wes ra weruh, ming energi ghoibe aku isih iso ngrasakke..
Bareng tekan kamar mandi khusus guru...ono wewujutan gedhe ireng kebak wulu matane abing..ngadek nggejejer..namatke aku karo mbekos mbekos..
" iki po yo seng sok do diarani gendruwo ??" .
" Heeh....demit mesum ..! Ngopo kowe nengkono ? arep nginjeni guru guru do nguyuh yo ?"takonku karo tak tudingi raine...
Deweke njuk ketok kaget..
" Sopo kowe pawongan kok iso ngerti dunungku ?" Takone gendruwone
" loh..berarti kowe gendruwo bodho...ora ngerti karo aku..hh..cobo waspadakno sing tenan, SAPA AKUUU ?"
Wujud gede mau langsung keweden ..matane seng mau murub dadi mbleret sak kal.
" Saiki kowe trimo minggat dewe seko kene opo ndadak tak ajiar koyo tunggalmu mau ?" takonku
Gendruwone Njuk glendah glendeh lungo ..ilang tak kedepke..hh...gene jirih ra sesuai ro bentuke...

Bareng tak rasakke wes ora ono energi ghoib meneh aku njaluk pamit karo pak Mingan sak kluargane seng manggon neng omah gedek samping sekolahan.
" wes pak ..! Wes resik ora ono setane meneh ,!" Karo tanganku ngelungke kunci kelas .
Pak mingan sing maune semringah dadi pucet mergo krungu gedebak gedebuk karo guyune mbak kunti wkwkwk..
Kui critaku awal mulane aku wani karo bangsa kajiman.seng tak nggo praktek demit demit sekolah SD ku ndisik seng marai aku mbiyen wegah sekolah wkwkwk..
Aku pamit mulih , jebul wes bengi ,jam songonan...hedehh
Numpak pit BMX nubras nubras wong jaman semono dalan isih peteng..durung akeh lampu koyo saiki
.
tekan omah jam setengah sepuluhan
neng ngarep omah wes di enteni bapakku nggowo luntungan koran..
mergo lebali tekan wengi...hedeehh genten aku seng diajar bapaku nganggo luntungan koran ..hh nasib nasib 


Aku pamit mulih , jebul wes bengi ,jam songonan...hedehh
Numpak pit BMX nubras nubras wong jaman semono dalan isih peteng..durung akeh lampu koyo saiki

tekan omah jam setengah sepuluhan

neng ngarep omah wes di enteni bapakku nggowo luntungan koran..




Dari sinilah petualanganku dimulai..
================== TAMAT ==================
Gabung dalam percakapan