Misteri Hantu Tuli
Misteri Hantu Tuli
Misteri Hantu Tuli
Story by : Dokter Kung Top

Dulurku kabeh..!

Pasrahke wae karo sing ngecet lombok. Nek nganti koyo ngono kok ora ndang sehat..tak ewangi GUGAT NENG KAYANGAN..! Dlang....nung gling nonggling...nonggling..


Ngono we kok repot.
Bagi sing sehat, rasah do ngeyel tetep ganggo prokontol kesehatan . Jaga jarak pakek masker.. liyane opo yo..? Lali aku wkwkwk.. Maklum wes tuwo, sing jelas OJO LALI MADYANG ! .
"HIDUP MADYANG! "
nek ono sing di pangan

Bali mancing karo si P aku kok kroso nguantuk biyanget, mripatku jian koyo di lem..
" Wes pe.. hasile mancing gek di beteti trus di goreng dinggo madyang mbengi! " Akonku karo si P.
"Lha kowe arep nengendi ? "
"Arep adus trus turu, ngantuk banget aku! "
"Segane? " Takone si P
" Isih akeh kui neng mejig jer.. Cukup nek mung dinggo cah loro ! , ojo lali nyambel sisan, lombok e neng kulkas! " Omongku
"Siap..!, mengko aku nginep kene sisan yo kung ! "
"Karepmu! "
" Sik.. Sik.. Kung, kulkas e endi? "
" Matanee..!, kui ngisor mejo kui lhoo..! " Omongku
" Iki jenenge besek yo.. Dudu kulkas! " Jare si P
" Iki omahe sopo?, omahku to..!, sakkarepku le arep ngarani to!, crewet wae! " Omongku
Bar adus langsung nggletak tros... Gorrr.. Gorrr.. Zzz..
Bengi bengi aku nglilir goro goro gebrebegken kucing gandik...( kawin) neng nduwur gendeng..hh..Suuunan og .
Kucing ki angger mongso kawin ngene iki , mesti mbeker mbeker mbrebeki kuping.
Tak gausah..
Husss... Huusss.... Huuusss... !
Le mbeker trus meneng.
Aku menyat seko dipan,wong kroso ngelih, tak delok si P micek ngringkel neng sofa ruang tengah, jam wes numjuk jam loro bengi.
Gandeng ngelih njikuk ajang nyiduk sego.. Madyang

Lagi enak enak madyang.. Kucing e mbeker mbeker gek banter meneh..

"OHHH... OHHH.. MY GOOD... OHHH... YEESSS... YEESSS... OOHH....NOOO...NO..YESS..! "
sajake kucing londo

Aku metu omah karo nggowo ciduk isi banyu.. Takgoleki kucing e ketemu ,Langsung tak gebyur...
Crooot... Crooot.. Croot..!
Kucing e trus do mlayu... Gilapen
"WES.. DO MINGGAT KONO..! , KUCING RA NGGENAH.... MING KAWiN WE RIBUT... MING AREP UMUK KOWE..! ,AWAS ANGGER BALI RENE MENEH TAK OBONG JEMBUTMU ! "
Dumadakan Sak klebatan koyo aku weruh ujud menungsa neng kebonan.. hh..( pinggir omahku isih kebon)
Trus tak dingkik..alon alon.Ning gumunku kok cat katon cat ora... Hhh... He's.. Jelas demit kae. gage tak tinggal mlebu omah.
Crooot... Crooot.. Croot..!
Kucing e trus do mlayu... Gilapen
"WES.. DO MINGGAT KONO..! , KUCING RA NGGENAH.... MING KAWiN WE RIBUT... MING AREP UMUK KOWE..! ,AWAS ANGGER BALI RENE MENEH TAK OBONG JEMBUTMU ! "
Dumadakan Sak klebatan koyo aku weruh ujud menungsa neng kebonan.. hh..( pinggir omahku isih kebon)
Trus tak dingkik..alon alon.Ning gumunku kok cat katon cat ora... Hhh... He's.. Jelas demit kae. gage tak tinggal mlebu omah.
Bukane aku wedi lurr..... Ming males, Ha nek nuruti demit wes ra ono enteke.
"Ngopo e kung bengi bengi kok ngedumel dewe? "Takone si P
" Nglilir po pee... Kucing kawin kui lhoo.. Mbrebegki kuping! "
Bar nggusah kucing aku bali mlebu omah neruske madyang. Si P tak delok wes bali ngringkel neng kursi meneh.
Jegagik.. Lha kok demit sing neng njobo mau melu ngetotke mlebu hedehhh.
Tak matke jebul demit lanang hedeehhh.. malesi biyanget.
Ora tak gagas.. Hh demit plentangan nggo ngopo



Bar madyang wareg gawe kopi trus srupuuut .... Cresss... Bull bull.. Aroma rokok kretek cap tingwe alias nglinting dewe

.
Tak mat ke demit e Ming ngadek nggejejer karo namatke aku.
Aku teb etok etok ra weruh. Nek kowe iso weruh wujudte lur.. Wkwkwk
Ora medeni malah mangkelke.. Lha piye , rupane ki jian ora proporsional. Lambene maju dadi malah koyo contong wkwkwk .Kuru ceking rambute arang arang gek lagake nganggo masker barang

Demit og wedi korona batinku hh..


Suwe suwe deweke nyedak penasaran karo aku sajake.
Tenan nek nganti wani nyedak arep tak gedig cengele sisan ben mati pindo.

Bareng deknen ngliwati nggone si P le turu, deweke kaget karo mbengok...
" EEEE.... JA JA JA BANG BAYIIK... A A AADAA... CELEEENG! "
hayo sepontan aku ngguyu to.. Lur.
Ancuk nan og demit siji iki.. lha wong rupane deknen koyo clurut we isa isane ngonekke uwong hedehh.
Wah nek si P iso weruh mesti gayeng iki batiku.
Aku gage menyat seko lungguh, marani si P, langsung matane, tak leleti kemandenku AIR SHURGAWI
.
trus tak tinggal mlebu sentong, lawange tak japani ben demit ora iso mlebu trus turu.
Subuh subuh aku krungu Capet Capet si P gedabigan ribut nek ono wong edan mlebu omah
Wah nek si P iso weruh mesti gayeng iki batiku.
Aku gage menyat seko lungguh, marani si P, langsung matane, tak leleti kemandenku AIR SHURGAWI

trus tak tinggal mlebu sentong, lawange tak japani ben demit ora iso mlebu trus turu.

Subuh subuh aku krungu Capet Capet si P gedabigan ribut nek ono wong edan mlebu omah

" SOPO KOWE WANI MLEBU OMAHE UWONG? ! "

" AMPUUUN MASSS..! KU KU KU LAAA TI TI TYANG SAEEE! "
" KOWE AREP MALING YOO? "
" Mboteeen masss...!, Kulo mboten edaan kulo pun eling! "
" JENENGMU SOPO? " Takone si P mbengok banter.
" Empun mass..!, Kula pon dangu mboten madang! "
" KOWE KUI JENENGE SAPA?, DITAKONI JENENG MALAH MADANG MADANG, ONO PERLU APA ISUK ISUK TEKAN KENE? " Takone si P
"Ming mlaku og, kulo mboten numpak kendaraan " Jare demite
"WHOO.. LHA NGEJAK GESEH WONG IKI! "
" ngopoeee e peee..! ,Isuk isuk wes ribut..? " takonku karo ongap angop metu kamar
" Kui sapa to kung, kok aku durung tau weruh? "
" Sapa to? " Aku genti takon
" Wooo.. Matane picek! " Jare si P
" Endi to? " Takonku tok etok ora weruh
" Wong iki lho...! "
"Genah raooposapa sapa og! "
" Ojo ojo demit iki kung? " Takone si P karo ucek ucek matane

"Lha yo embuh...!, Aku ora weruh og! " Omongku
" Iki lho mosok ora weruh...?" omonge si P karo arep nyengkiwing tangane.
Bareng ora isa nggandeng si P langsung kaget dewe

"Mosok kowe ora isa weruh to kung? "
"Oraaaa...weruh apa to ? "
"Whoo.. Lha biyangane nek iki! "
"Paling kemampuanku weruh demit wis pindah nggonmu! " omongku
"Kok isa pindah? "
"Ha nek wes ra betah! "
"Mesti mataku mbok nodai? " takone si P
" WOOOH....! Raaaasudii...! Emang gue cowok apaan!, ngerti dewe aku neng kamar uwong og , senengane menuduh! "
"Mas mbok aaaaku mbok dii tulungii! " omonge demite karo si P
Dyarrrrr... Wkwkwk
"Ora pee... Kok ndingaren kowe ora wedi di weruh demit,, biasane langsung ngompol ? " Takonku.
" Nek demite lanang ora wedi aku kung, nek demit wedok jian bagiku nggilani banget hiii...! "
"Lha kok iso kan podo wae? " Takonku
"Yo beda lah... Nek demit lanang bagiku biasa wae.. Malah aku sering ndelok rupo sing luwih nggilani ! "
"Sapa? "
"Rupamu! "
"NDASMU.....! "
" Wes lah kung, tak bali ndisik, simbokku neng omah ijen! " Omonge si P pamit mulih.
Tak delok demite melu ngetutke si P mulih.

Modaro peee... Wes kono do minggat
batinku
-----------
Lagi penak penak adus karo melatih vokal campur sari lha kok krungu lawang omahku digedor gedor.
" Koooong...! Kooong...! Kuuuoooong! "
Ora pangling swarane mboke si P.
" Ngopo e makk isuk isuk wes gegeran ...? " Aku metu karo blebetan anduk
"Kae si P kena apa? " Takone mboke si P
" Lha ngopo to? " Takonku
" Bali seko turu kene , kok malah njur ngomyang, ngomong dewe muring muring, bengok bengok koyo wong edyan! "
" Loh....lagi sadar to kowe mak.. !,Nek anakmu kui edan! "
" Mbok di tiliki kung..! " Akone make si P
" Yo mengko tak ndono! "
"Tenan lho kung! "
"Iyoooo.... Iyoooo maak! "
-------
Bar adus trus bablas neng omahe si P.
Seko teras ngarep wes krungu swarane si P bengok bengok neng kamar wkwkwk...
Modyar cocotmu peee... Emang enak iso weruh demit ki
. Aku langsung njujug pawon.
" Kae piye nek ngono kae? " Takone mboke si P
" Ora popo mak, mengko lak mari dewe! " Omongku
"Masak opo mak? " Takonku
"Durung sarapan po kung? "
"Hayo jelas durung, warunge yu Semi jare tutup "
" Kui aku masak jangan mbayung, lawuhe iwak pitik, karo nyambel trasi! " Jare make si P
"Woh gaya kowe mak, lawuhe ayam, lagi sugih duwet po mak? "
"Woo kowe kui ora mudeng og kung..., justru nek lawuh ayam kui aku lagi ora duwe duit..... Nek duwe duit lawuhe tahu tempe! "
" Lha kok iso? "
"Ha nek tahu tempe lak yo ndadak tuku to kuung.. Jian goblok tenan kowe, nek ayam kan gari nyekel trus di beleh! " Jare mboke si P
" Ayam e didol lak yo oleh duit to mak? " Takonku
"Lagi ora oleh dodol neng pasar sakplok ono penyakit KOPET kui lho..! "
" COVID..... Kopet kopet..! " Omongku
" Ora oleh dodolan ...!, Jare dioprak oprak dagangan nek nekat dodol! " Omonge make si P
" Anyaaak... Jare sapa?, lha lehmu dodol sayur njur piye? " Takonku
"Hayo prei... Sakplok PPKM! "
" Opo kui? " Takonku
" Ambuuh.. Kung, Pelan pelan Kita Modyar po opo rangenah..! " Jare mak e si P
"Yo ora lah maak, nyatane isih do urip og
" Omongku
"SUWE SUWE YO MODYAR TENAN! " Jare mak e si P rodo dongkol aku dadimalah ngguyu.





" malah ngguyu... Wes gek madang ! , njukuk o dewe sak karepmu, arep tak tinggal tandur, ndak di enteni kancane, karo kae si P di tambahi! " Omonge mak e si P
"Yo mak! "
"Ora pee... Kok ndingaren kowe ora wedi di weruh demit,, biasane langsung ngompol ? " Takonku.
" Nek demite lanang ora wedi aku kung, nek demit wedok jian bagiku nggilani banget hiii...! "
"Lha kok iso kan podo wae? " Takonku
"Yo beda lah... Nek demit lanang bagiku biasa wae.. Malah aku sering ndelok rupo sing luwih nggilani ! "
"Sapa? "
"Rupamu! "

"NDASMU.....! "

" Wes lah kung, tak bali ndisik, simbokku neng omah ijen! " Omonge si P pamit mulih.
Tak delok demite melu ngetutke si P mulih.


Modaro peee... Wes kono do minggat

-----------
Lagi penak penak adus karo melatih vokal campur sari lha kok krungu lawang omahku digedor gedor.
" Koooong...! Kooong...! Kuuuoooong! "
Ora pangling swarane mboke si P.
" Ngopo e makk isuk isuk wes gegeran ...? " Aku metu karo blebetan anduk
"Kae si P kena apa? " Takone mboke si P
" Lha ngopo to? " Takonku
" Bali seko turu kene , kok malah njur ngomyang, ngomong dewe muring muring, bengok bengok koyo wong edyan! "
" Loh....lagi sadar to kowe mak.. !,Nek anakmu kui edan! "

" Mbok di tiliki kung..! " Akone make si P
" Yo mengko tak ndono! "
"Tenan lho kung! "
"Iyoooo.... Iyoooo maak! "

-------
Bar adus trus bablas neng omahe si P.
Seko teras ngarep wes krungu swarane si P bengok bengok neng kamar wkwkwk...
Modyar cocotmu peee... Emang enak iso weruh demit ki

" Kae piye nek ngono kae? " Takone mboke si P
" Ora popo mak, mengko lak mari dewe! " Omongku
"Masak opo mak? " Takonku
"Durung sarapan po kung? "
"Hayo jelas durung, warunge yu Semi jare tutup "
" Kui aku masak jangan mbayung, lawuhe iwak pitik, karo nyambel trasi! " Jare make si P
"Woh gaya kowe mak, lawuhe ayam, lagi sugih duwet po mak? "
"Woo kowe kui ora mudeng og kung..., justru nek lawuh ayam kui aku lagi ora duwe duit..... Nek duwe duit lawuhe tahu tempe! "
" Lha kok iso? "
"Ha nek tahu tempe lak yo ndadak tuku to kuung.. Jian goblok tenan kowe, nek ayam kan gari nyekel trus di beleh! " Jare mboke si P
" Ayam e didol lak yo oleh duit to mak? " Takonku
"Lagi ora oleh dodol neng pasar sakplok ono penyakit KOPET kui lho..! "
" COVID..... Kopet kopet..! " Omongku
" Ora oleh dodolan ...!, Jare dioprak oprak dagangan nek nekat dodol! " Omonge make si P
" Anyaaak... Jare sapa?, lha lehmu dodol sayur njur piye? " Takonku
"Hayo prei... Sakplok PPKM! "
" Opo kui? " Takonku
" Ambuuh.. Kung, Pelan pelan Kita Modyar po opo rangenah..! " Jare mak e si P
"Yo ora lah maak, nyatane isih do urip og

"SUWE SUWE YO MODYAR TENAN! " Jare mak e si P rodo dongkol aku dadimalah ngguyu.





" malah ngguyu... Wes gek madang ! , njukuk o dewe sak karepmu, arep tak tinggal tandur, ndak di enteni kancane, karo kae si P di tambahi! " Omonge mak e si P
"Yo mak! "
Bar madang mlebu neng kamar si P. Maklum lur kamar si P ora ono lawange, Ming nganggo korden sarung.
"Ngopo e P ee.. Bengak bengok koyo wong edan? " Takonku
"Kui lho kung.. Demite ngetutke aku, kowe ora weruh tenan po kung? "
"Oraaa diomongi og ! " Omongku
"Jian tobat tenan nek iki hhh...! " Jare si p
" maz CELENG aku mbok mbok mbok ditulungi to mass! " omonge demite kemayu

"CELENG MATAMU KUI..! " jare si P
" mbok rasah bengok bengok, demite ngopo to? " aku etok etok takon.
" Lha mangkelke je kung, nggriseni tenan! " jare si P
" Mangkel ke piye to? "
" Bola bali ngomong njaluk tulung "
"Hayo mbok ditulungi "
"RASUDI...!, KON NDUPAK LAMBENE YO KENE! , ONO DEMIT KOK MRONGOS! "
"kowe we yo mrongos og, ribut! " Omongku
"Aku kui ora mrongos yo kung, Ming rada gedawan gusi ! " Jare si P
" Demite lanang po wedok to? " Takonku
" Banci paling? "
" Hambok coba kon ngemut! "
" Matamuu...! " Jare si P
" Mbok jajal ditakoni, jenenge sapa, omahe ngendi, karepe piye ngono lhoo..? "
" Mau ngaku jenenge sutono nek awan nek mbengi sutini " Jare si P
"Demit banci tenan po? " Aku etok etok takon..
" hayo genah to...!, Wes banci budeg sisan hhh..rupane jian rawangun wanguno, Gek Ming nganggo katok gemes ,rasane pingin nggajul congor e! "
" Mbok ojo kejem kejem! " Omongku
"Ben ..!, demit kongono nek radikejemi ndak tuman! "
"Lemu oleh nengendi e? "
" Hayo nenggomahmu to..!, paling kowe mbiyen tau ngemutke ning durung mbayar lha saiki nagih! "
"MATAMUU..! "

"Banci kongono kok yo doyan to kowe kung? "
"Prek.. Ratau yoo... Suii..! "
" Kui nek ra mbok tulung ngetotke kowe terus lho pee.! " Omongku
" Le arep nulungi we piye wong budeg raiso dijak rembugan! "
" Hayo di tulis wae deweke kan isa maca, kono golek kertas karo sepidol! '
"Nyoh iki sepidol karo kertas e! "
"Wes gek ditulis jenengmu sopo, omahe ngendi? " Akonku.
Si P terus nulis neng kertas trus demite maca.
" Oalaaah... Tadi eike kan udah bilang, jenengku nek kerja bakti sutono nek kerja sutini.. Nggak ngira mas CELENG tulisanya bagus! "
"Aduuuuuuuh, mbok jangan GALAK GALAK too... aku kan jadi atuut, lha terus siapa masee " Jare demite
"Mbok tulisi opo to pe..? " Takonku penasaran . Bareng tak waca tulisane
"CELENG MATMU SEMPAL !, JENENGKU DUDU CELENG! "
ttd celeng
" Yo rasah ditambahi ttd celeng yo clok! "
------------------------------
HANTU TULI part 4
" Wes gek ditakoni demite, karepe piye? " Omongku karo si P
Si P, gage nulis neng kertas trus diwaca demite
Dadi ceritane ngene lur..
Sutana kui jenenge, anak ke 3 dari 5 bersaudara. Klairan kulon progo. Kawit cilik Sutana pancen rada beda karo dulur dulure. Wong lair lanang ning jiwane wedok.
Karang neng ndunya ki isine ora Ming ireng karo putih ning yo ana abu abu barang iya ta lur!, salahe sapa nek ngunu kui?,

Sutana kawit SD wis sering di buly merga banci. Ojomeneh karo kancane, sedulure dewe we nganti ngucilke, merga wes banci rupane ora mbejaji meneh wkwkwk.. Mending banci ning ayu, lha iki...


Ming ibune wae sing tetep mbombong atine Sutana.
Singkat cerita, bar lulus SEMEA . Sutana hijrah neng ibukota, nyambut gawe neng pabrik garmen. Neng pabrik dadi tukang jahit. Mboko sitik duit gaji dilumpukke nganti isa tuku mesin jahit dewe.
Gandeng Sutana kui duwe bakat ndesain, neng kontrakan e Sutana nyambi nggaweni klambi klami manten. Jebul peminate akeh. Suwe suwe bakat e Sutana dingerteni karo seorang desainer terkenal, jenenge mis Zee.
Akhire Sutana di tarik nyambut gawe neng butik e mis zee.
Karya karyane Sutana isa nganti tembus pasar dunia.
" Sik sik.. Suu..!, aku kok ora mudeng ceritamu..!, desainer kui apa? " Takone si P polos
" Desainer kui perancang busana! " Omongku njelaske
" Oalah.. Sing dinggokke uwong trus mlaku megal megol neng panggung kae? " Takone si P
" Iya mass.. Kae jenenge model! " Omonge demit Sutana
" Nek aku wangun ora dadi model? " Takone si P
" Model kijing kayane pantes masee..! "
" KIJING NDASSMU..! "
" Mbok jangan galak galak too.. Gitu aja marah! "
" Wes gek intine kui apa ngono lho..!, ora mudeng aku, disainer, model.. Entut berut..! "
" Loh pe..?, jaremu mau demite budeg, kok kowe isa caturan? " Takonku
" Weh.. Iyo e.. Woo... Lha kui apa kung, demite nganggo alat bantu dengar! " Jare si P
" Mosok ono demit og, nganggo alat bantu dengar barang.. Hies ono ono wae kowe pee..! "
" Lha nyatane og..! , jal tak takonane "
" Sik.. Suu.. Iki sing nemplek neng kupingmu ki apa to? "
" Ohh.. Ini?, ini alat bantu dengar, masak nggak tau! "
" ORA MASALAH NGGAK TAU..!, KENAPA ORA MBOK NGGO KET MAU SUU..! hh.. Jian nggemeske tenan og demit siji iki! "
" Tadi iku sudah saya enggo..!, tapi kebalik pasang e ! " Jare demite.
" Wes gek dilanjut!, intine wae rasah bertele tele!"
Suatu ketika mis Zee.. Arep nganakke pameran peragaan busana neng singgapur. Nah sebagian sing dipamerke klambi rancangane Sutana.
" Wes gek dilanjut!, intine wae rasah bertele tele!"
Suatu ketika mis Zee.. Arep nganakke pameran peragaan busana neng singgapur. Nah sebagian sing dipamerke klambi rancangane Sutana.
---------------------
Tak bacutke perndobosanku ya lur
" Wes gek diteruske critmu, intine wae karepmu piye, rasah bertele tele!, ora mudeng aku perkara desain klambi! " Omonge si P
" Nah kala itu misis zee jadi pameran di Singapur, aku yang jadi asistenya, tiba tiba aku terkejut, kok ada salah satu karyaku yang ikut dipamerkan, padahal baju itu aku buat khusus untuk hadiah pernikahan adiku di Jawa, baju itu tidak pernah aku keluarkan, kok tiba tiba ikut dipamerkan tanpa seijinku, itu kan namanya mencuri! " Jare demit banci sutono.
Si P Ming plonga plongo merga ora mudeng sing diomongke. Hayo maklum wong awam babagan koyongono kui.aku we yo ra mudeng opo meneh si P

" Aku kan marah, terjadi cek cok antara aku sama miss zee.. Aku ditampar aku kan malu dilihat orang banyak. Emosiku memuncak. Baju karyaku itu malah jadi pusat perhatian para tamu, bahkan ada yang mau beli ratusan juta. Setelah pameran selesai aku robek robek baju karyaku itu, miss zee semakin marah, aku dipecat trus kepalaku di pukul sesuatu sampai sudah tidak ingat apa apa tau tau sudah sampai di sini! "
Si P Ming ketap ketip sajak bingung krungu ceritane.
" Crito ra masuk akal, mosok ono klambi manten nganti ratusan juta, ojo ojo kowe Ming ngimpi su..? " Omonge si P
" Bener..!, aku tidak bohong! "
" Wes anggep wae aku percoyo critamu, lha trus karepmu? "
" Aku kan di jakarta punya rumah dan sedikit uang simpanan hasilki menabung, maksudku mau saya berikan sama ibuku , terserah mau dijual apa mau ditempati apa dikontrakan, pokoknya semua hartaku mau saya berikan sama ibuku. Maka dari itu mas, tolong sampaikan pada ibuku! "
" Gah..! " Jawabe si P singkat

" Kok gitu siih..! , pliss.. Tolong aku! "
" Wegah..! "
" Kenapa? "
" Karepmu lak aku mbok kon nemoni ibumu opo dulurmu to..!, trus ngeterke tekan jakarta, lha ongkos e opo ora mbok pikir?, padakke murah po?, mongko iki lagi musim pandemi, ndadak suweb barang nek arep numpak sepur...ngerti dewe suweb ki larang, wes.. Wegah aku!. Bangkrut tenan aku. " Omonge si P masuk akal.
" Semua biaya nanti tak ganti! " Jare demite
" Ganti nganggo godong?, kowe we ra nggowo duit og, aeng aeng! "
" Maksudnya aku punya ATM nanti bisa digunakan! "
" Lha endi? " Takone si P
" Saya taruh di lemari pakaianku, di jakarta sana! "
" Hayo ndadak njikuk ndono, ragate kui lho clok, masalahe! " Omonge si P
" Yowis aku gelem, ning yo ora Ming ngijoli ongkos e tok, yo pe yo! " Omongku
" Lha yo kui..!, kita yo di pikir nooo...! " Omonge si P
" Lho mas mase ini juga bisa melihatku to? " Jare demite
" WOOO... NGAPUSI AKU YO KOWE KUNG..! " omonge si P
Aku Ming ngguyu ngakak
" Pantesan..!, aku Jane wes curiga, angger rembukan perkoro duit , lagi nyaut koyo kompor! " Jare si P




" Kula nuwuun! "
Ono swara seka njaba, bareng tak inguk , jebul komandan e kang Ahmadi kadir.
" Monggo..! " Omongku
" Woo.. Jebul do nglumpuk neng kene! , pantesan omahmu suwung "
" Karo sapa kowe kang? " Takonku basa basi
" Kae karo anggota! " Jare kang Ahmadi
" Mlebu wae kang! " Omonge si P
Wong telu trus do jagongan
" Piye kabarmu kang, jare kowe kena kopet? " Takonku
" Iyo e kung, meh sesasi aku isoman, ning alhamdulillah saiki wes mari! " Jare Ahmadi
" Tak kiro njur mati e kowe kang! " Cangkeme si P ora iso diatur.
" Ora e pee..!, jare kowe ndisik je pee..! "
" Ora mungkin..!, viruse gilo nek karo si P kih! "

" Ora gilo kung, jijik! "

" Ming dolan opo ana perlu je kang? " Takonku
" Pancen ono perlu karo kowe je kung, iki mau ana laporan penemuan mayat trapung di laut, mbok menawa kowe iso nrawang iki jenasahe sapa? " Takone Ahmadi karo nduduhi berkas foto foto jenazah.
Bareng aku ndelok fotone langsung nyekekek


Si P tak duduhi fotone yo langsung nyekakak.
" Iki do ngopo to kok do ngguyu kabeh? " Takone Ahmadi bingung.




" Kula nuwuun! "
Ono swara seka njaba, bareng tak inguk , jebul komandan e kang Ahmadi kadir.
" Monggo..! " Omongku
" Woo.. Jebul do nglumpuk neng kene! , pantesan omahmu suwung "
" Karo sapa kowe kang? " Takonku basa basi
" Kae karo anggota! " Jare kang Ahmadi
" Mlebu wae kang! " Omonge si P
Wong telu trus do jagongan
" Piye kabarmu kang, jare kowe kena kopet? " Takonku
" Iyo e kung, meh sesasi aku isoman, ning alhamdulillah saiki wes mari! " Jare Ahmadi
" Tak kiro njur mati e kowe kang! " Cangkeme si P ora iso diatur.
" Ora e pee..!, jare kowe ndisik je pee..! "
" Ora mungkin..!, viruse gilo nek karo si P kih! "


" Ora gilo kung, jijik! "


" Ming dolan opo ana perlu je kang? " Takonku
" Pancen ono perlu karo kowe je kung, iki mau ana laporan penemuan mayat trapung di laut, mbok menawa kowe iso nrawang iki jenasahe sapa? " Takone Ahmadi karo nduduhi berkas foto foto jenazah.
Bareng aku ndelok fotone langsung nyekekek



Si P tak duduhi fotone yo langsung nyekakak.
" Iki do ngopo to kok do ngguyu kabeh? " Takone Ahmadi bingung.
----
Bareng diduduhi foto jenasah sing ditemukan neng pantai aku karo si P langsung nyekekek

" Kok do ngguyu ki, ngerti po iki jenasahe sapa? " Takone Ahmadi kepo
" Ora perkoro kui kang, iki mayite le nemu nengendi? " Takonku
" Neng pantai samas! , seng pertama ngerti yo wong mancing! " Omonge Ahmadi.
" Lha kok iso? ,jenasah cenanangan tekan kana ? "
" Lha yo ora ngerti, kowe kenal po karo wong iki? " Ahmadi saya kepo
" Kui mayit uwong opo bathang tikus clurut to kang? " Si P melu komentar
" TIKUS MATAMU..! " jare demit sutono karo penjab penjeb.
" Ndelok kang fotone sing pas wudo mlumah mau..!," Jare si P
" Bajlaaak.. Ming sak mlinjo..! "


" AA... CREWET..! " jare sutono

" Lha saiki mayite nengendi? " Takonku
" Neng kamar mayat!, Jane iki jasadte sapa ta kung? " Takone Ahmadi
" Kui jasad bencong kang..!, demite we isih neng kene ! "


Trus tak critakke lelakone si sutono seka A nganti z
" Wah jenenge kebeneran kui kung, saiki mara nenggone kluargane sisan ngabari, nek sutono wes ora ono, trus tek ngebel Rumah Sakit ben ndang dirukti mayite ! "
Singkat crita dino iku uga budal neng kulon progo mara neng omahe kluarga korban. Jebul omahe neng Perbukitan menoreh.
Nek ndelok kahanane jian mesakke tenan, omah gedek wes do popol. Jobine isih lemah, kayu kayune wes do popol.
" Kok isih ono omah kaya ngene yo kang?, kudune lak wes ana bantuan pemerintah dinggo ndandani omahe wong ora mampu to kang? " Takonku
" Nek kudune pancen Iyo! "
Seka njero omah kerkel krekel simbah simbah metu omah metuke aku.
" Madosi sinten nggih mas? " Takone wong wedok tuwo nganggo jarik lusuh.
" Nopo leres mriki griyane Sutono mbah? "
Simbah simbah ketok kaget trus namatke aku serius, njur...
" Njenengan sinten?, kancane tono? " Takone
" Enggih mbah..!, njenengan dewekan napa? , sederek sedereke tono pundi mbah? " Takonku
" Mongo pinarak mlebet riyin, mangkih kula undang ke! "
Simbah simbah mau trus mbengok
" TIIII... tiiii... Gilo ana tamu..! "
Ono wong wadon nginguk seko cendela, tanggane omahe rada neng nduwur
" Sapa masak..? "
" Kancane kakangmu! "
Ora suwe wong wadon mau gage mudun karo nggendong balita metoke aku trus ngejak salaman.
" Dospundi mas..?, madosi mas tono?, mas tono niku kesah teng jakarta pun 15 taun niki mboten balik! , monggo pinarak mlebet, karang nggone mbok rondo nggih ngoten niki, ajeng kulo boyong munggah mboten purun niki mbahe! " Omonge wong wadon mau.
Taksawang demite Sutono malah Ming mbegegeg mbrebes mili nyawang kahanane mboke.
" Demit og gembeng! " Batinku
Njero omah katon peteng merga ora ono lampu. Jian kahanane memprihatinkan.
Bareng wes do jagongan, mboke sutono malah neng pawon ngurupke geni arep nggodog banyu sajake.
Aku sak rombongan dijagongi wong wadon mau.
" Nuwun sewu, njenengan niku priyayi pundi kok madosi mas tono? " Takone
" Maaf mbak kita dari kepolisian, kalau boleh tau, mbaknya ini adiknya mas tono ya? " Takone Ahmadi.
" Iya.. Saya adiknya, namanya minten, itu tadi ibunya mas tono namanya mbok Surati, ayah kami sudah meninggal beberapa taun lalu! "
" Lha saudara yang lain? " Takone Ahmadi
" Ada kok, mas tono itu anak ke tiga, kakak saya laki tiga trus perempuan tiga, adik saya perempuan semua! " Jare si minten
" Mbok kalau bisa disuruh kumpul semua ada masalah penting! " Akone Ahmadi.
" Oh.. Ngih, sekedap nggih pak kula undange kabeh ! " Omonge minten karo metu ngomah.
Ora suwe regudug do tekka dulur dulure sutono, jebul omahe yo Ming cerak cerak kene.
" Oh.. Ngih, sekedap nggih pak kula undange kabeh ! " Omonge minten karo metu ngomah.
Ora suwe regudug do tekka dulur dulure sutono, jebul omahe yo Ming cerak cerak kene.
Nek ndelok kahanane ketoke yo ora adoh karo aku, wong rekoso kabeh



" Niki pun do kumpul kabeh? " Takone Ahmadi
" Sampun, niki kakangkula, kang Jan kalih kang Mul, niki adikula Prapti kalih ragile Parmi.
"Lha sing niku sinten? " Takone Ahmadi karo nunjuk pawongan lanang brewoken.
" Ohh.. Kesupen, dereng kula kenalke, niki pak Dukuh, sesepuh desa mriki " Omonge minten
" Asalamualaikum, nderek dipun tepangaken kulo kadus dusun mriki, namikuka, kadus Sujati! "
" Njenengan nggih di dawuhi tindak mriki kalih mbak minten niki? " Takonku
" Oh.. Mboten..!, ampun salah tampa..!, kula mriki meniko atas inisiatif kula dewe "
" Oalah dadi pas ajeng mriki to niki wau? "
" Mboten..!, sakjane kula Ming ajeng liwat dalan niku, nanging kok kula sumerep onten mobil liu liu, trus teng batin kulo tuwuh pitakonan, ono opo iki?, kok ono mobil polisi mandek, lha kula trus mampir "
" Onggih.. Tidak apa apa!, memang yang saya akan sampaikan nanti juga akan melibatkan aparat desa! " Omonge Ahmadi
" Napa perlu kula undang ke pak Hadi? " Jare dukuhe
" Pak Hadi niku sinten? " Takonku
" Beliau saat ini menjabat sebagai ketua LKMD! "
" Saya sudah disini pak Dukuh! " Omonge pawongan njedul seka lawang mburi, trus melu jagongan.
" Kok mboten ngejak pak RT napa pak RW sekalian? " Takonku.

" Oo.. Mbaten!, teng dusun mriki RT utawi RW dereng terbentuk! , seng wonten naming ketua kelompok tani desa Sido luhur! , nopo perlu kula undang sekalian? " Jare pak Hadi
" Kula sampun teng mriki pak LKMD! " Jare pawongan sing ndepis neng mburi trus melu jagongan.
-----
Saya suwe malah omahe mbah Surati dadi kebak uwong, merga do kepo ono mobil patroli parkir neng ndalan.
Saya suwe malah omahe mbah Surati dadi kebak uwong, merga do kepo ono mobil patroli parkir neng ndalan.
" Monggo lho gek do di unjuk, nggih nuwun sewu lho.. Pak Dukuh, pak LKMD, kalih pak POKNI ( KELOMPOK TANI), entene nggih namung teh, mboten enten kancane! " On nge Suminten
" Alah.. Teh wae wis cukup!, orasah nganggo werno werno! " Omonge pak Jati dukuhe karo nyruput teh panas.
" Monggo lho..!, ayo lho.. Lek JUM, YEM, KEM, LAH, NAH, TI, WAR, KUM, TO, NO, SI karo kabeh wae gek do di unjuk selak adem ! " omonge Suminten nyebut sing do teka.
Aku, yo melu nyruput teh nasgitel ( panas, legi, kentel) . Dasare le nggodog banyu nganggo kayu rasane dadi nyamleng rada sangit sangit piye, neng rai dadi kemepyar.

" Mbak wedange njaba kurang siji! " Aloke salahsijine warga.
" Loh dinggo sapa? " Takone Suminten
" Mbah kaum! "
" Loh mbah kaum barang rawuh to? "
" Iyo ten ..!, aku teka! " Omonge mbah kaum gage metu seka ngisor dipane mbah Surati.
" Pun ket wau napa mbah? " Takone Suminten
" Ya wes sauntara sakdurunge tamu tamu da teka! " Omonge mbah kaum
" Oalah.. Mbok pinarak mlebet mriki, kula damelke unjukan! " Omonge Suminten
" Nuwun sewu pak Dukuh, niki para warga pada nglumpuk napa bantuan e pun mudun napa? " Takone salah sijine warga.
" Waduh.. Piye iki pak LKMD? "
" lha piye..?, dospundi pak POKNI? "
" Lha maune piye?, piye iki mbah kaum? "
" Lha piye..?, akudewe ya ra ngerti! , aku teka mrene iki mau tak kiro ana genduren je! " Jare mbah kaum
" Arep ana bantuan apa ta? " Si P melu takon.
" Loh piye to iki..?, jare kabare ana bantuan kovid! " Omonge warga
" Sik sabar sabar.. Sampeyan krungu kabar seka ngendi? " Takone pak Dukuh
" Tenggen TVRI "
" Waduh... Piye iki pak POKNI? "
" Wah.. Piye yo pak LKMD? "
" ampun takon kula!, TV kulo rusak, piye iki mbah kaum? "
" Waaa... Aku yo ora ngerti... Ojo takon aku, lha wong aku mara ndene iki merga tak kira ana... "
" GENDUREN..! " omonge warga meh bareng.
" Sampun..!, sampun..!, malah tekan ngendi endi, sakjane niki mboten onten hubungane kalih bantuan nopo mawon, niki bapak polisi badhe matur babagan putrane mbah surati sing naminipun mas sutono! " Omongku nengahi.
" Woooo...! " Omonge warga bareng kaya kur.
" Iya kalau sudah kumpul anak anaknya mbah Surati, lha ini mbah Suratinya mana kok malah sembunyi ? " Omonge Ahmadi polisine
" Mbah.. Kumpul rene ndisik, kowe kok koyo wong bingung nggoleki apa? " Takone Suminten
" Untu?, untuku mau tiba nengendi ya nduk?, tak goleki kok raono? "
" Lha lemu ndeleh nengendi to mbok? "
" Lha yo embuh, okeh uwong dadi bingung aku! "
" Wes rasah ngurusi untu palsu, mengko lakyo ketemu..!, wes ndene ndisik, gek arep diterangke pak polisi! " Omonge Suminten
" Woooo.. Lha iki opo..!, kecemplung neng njero teko teh! " Omonge mbah Surati nyekekek
Seketika wetengku mak kruwel... Mungkuk mungkuk..
" Cen asuog mboke banci iki! " Batinku
-----------------
Tak bacutke ya lurr..

" Pun pun..!, mbotensah rame!, anggep mawon niku jamu covid! " Omonge Ahmadi enting, bareng tak delok wedange deknen isih wutuh.
Pingin rasane tak cekokke neng cangkeme.
" Yen pun do kumpul kabeh, sakniki kula tak matur! "
" Niki kula sakrombongan sowan wonten dalemipun ibu Surati menika mbeta kabar sae kalih kabar buruk!, ingkang pundi rumiyin sing ajeng kula aturke? " Omonge Ahmadi.
" Sing buruk rumiyen mawon! " Omonge para warga.
" Pripun pak dukuh? " Takone pak LKMD
" Enggih pak LKMD, saene sing buruk mawon rumiyin!, lak nggih ngaten to pak POKNI? "
" Leres pak Dukuh!, kulo sarujuk menawi pawartos sing buruk rumiyin! , dospundi mbah kaum? "
" Nek kulo manut mawon! " Omonge nge mbah kaum.
" Niki kabar buruke nggih, bilih wingi mas Sutono ditemukan sampun meninggal dunia! "
" Inalilahi..! "
" Jasadtipun mas Tono ditemukan terapung wonten laut! "
" Lah saniki gandeng pun kepanggih keluargane, jenasah sampun dalam perjalanan dumugi mriki!, mula niku, kula suwun dumateng para pengurus desa lan masyarakat , supados sawega ing diri doyo doyo samangke nampi dumugineng layon!.
" Ngih matur nuwun pak polisi, gandeng sampun terang lan terwaca, perkara menika mang pasrahke kula!"
" monggo para sederek..!, kaya biasane,kerja bakti gotong royong,pasang tratak karo njukuk kursi blek neng gudang mbale LKMD! " Omonge pak LKMD
" Sing enom enom nduduk kuburan, karo njukuk bandosa!, ojo lali disiarke neng mesjid! " Pak Dukuh melu omong.
" Nggih..! " Trus do menyat bubar dewe dewe .
Ono sing nyandak sapu, nyaponi latar. Ono sing njukuk grobak nggo ngusungi kursi, ono sing moro neng kuburan njukuk bandosa.
Jian nadyan neng ndesa sing sarwa prasaja nek perkoro gotong royong tak akoni , guyup tenan.
Tanpo nganggo ragat, wes mlaku dewe dewe. Ambak ambak ming perkara sepele, nanging wes jarang tak temoni neng kota.
Ora suwe mobil ambulan teka nggawa jenasahe sutana.
Bareng jenasah wes ditampa, aku njaluk pamit, perkara pangruktine jenasah wes dipasrahke pengurus kampung.
Tak delok arwahe Sutana mesam mesem kemayu.
" Kowe ora minggat lho suu..!, sesok aku mara rene meneh ngrampungke urusanmu ! " Omongku
" Pun, nggih para sederek kula nyuwun pamit mbenjang kua mriki malih, tasih onten urusan sing kedah dirampungke, kalih ampun kesupen, jaga jarak, pakek masker, patuhi protokol kesehatan! " Omongku
" Teng mriki aman kok pak..! , mboten enten korona! " Omonge warga


--
Dino sak banjure isuk isuk aku wes diampiri kang Ahmadi numpak elef.
" Kok ora nganggo mobil biasane to kang? " Takonku
" Ya sapa ngerti mengko akeh sing melu neng jakarta! "
" Woh bajigur ig, iki mengko langsung bablas ngulon po? " Takonku kaget
" Lha Iyo, ben cepet rampung gek ganti kasus liyo! " Omonge
" Emange isih ono kasus po? "
" Ono, korban mutilasi guru honorer neng suroboyo! "
" Bajilak..!, sing luwih adoh meneh ora ono po? "
" Ono, bar suroboyo bablas neng Bali! " Jare Ahmadi
" Ngopo neng bali? "
" Membongkar kasus pembunuhan penari bali! "
" Ono mbelgedese ora kui? " Takonku
" Perkoro kui gampang! "
" Ora gompang gampang, itungane kudu jelas!, kowe penak bonas bonus mecahke kasus, nek ra duwe duit ming kari nyegati motor liwat ! "
" Ora tau yoo..! "
" Mbueel..! "


" Kok ora numpak sepur wae to kang? "
' malah repot, ndadak suwep barang mengko! "
Bareng wes tekan mudun mobil elef, jebul wes do kumpul.
" Kok koyone ono sing keri to kang? " Takonku
" Apa? "
" Si P mau ora mbok ampiri po? "
" Lha kae sing ngringkel neng jog mburi kemul sarung kae sapa? " Omonge Ahmadi
" Kae sing micek ket mau ki si P to!, tak kiro anggota! "
" Tangi clok wes tekan! "
Si P kriyip kriyip njur gage tangi
" Mau bengi begadang po kok matamu abing? " Takonku
" Hayo goro goro kowe..!, mau bengi ora iso turu weruh demit pating sliwer! " Omonge si P karo mecucu

" Jare pingin dadi wong ampuh! "

" Prek..! "
" Saiki isih weruh po? " Takonku
" Kayane wes ora! " Omonge si P
" Dileleti meneh po? "
" Wegyaaah..!, wes kono gek do mudun aku arep neruske turu,ngantuk banget aku, nek wayahe madyang digugah yo! "
Singkat crita kabeh sedulure Sutana wes do nglumpuk, tak sawang arwah bancine yo isih ono nunggoni mbkke.
" Wingi bapak polisi sampun ngendika, nek wonten kabar sae, njur kabar napa nggih? " Takone Suminten adine sutono.
" Kabar apike nggih niku, yen Sutono ninggal harta warisan sing ora sitik, nah harta warisane ono sing wujud omah sak perabotane, nilainya iso nganti ratusan juta! "
Krungu kabar koyo ngono kluargane do teng plenggong sajak ora percaya.
" Njur kakang kula niku nyambut gawe napa kok iso duwe omah barang? " Takone Suminten.
" Loh do ora ngerti po? " Aku genti takon
" Mboten niku..!, Ming mbiyen tau ngabari nek adikula ragil ajeng dadi manten ken ngabari, ture ajeng wangsul ngoten! "
" Adiku sutono kui, banci budeg lho.. Kok iso duwe omah, ojo ojo sampean kliru! " Omonge kakange
" Mosok Ming ngamen iso duwe bondo sak mono akehe! " Omonge sedulur liane sajak maido.
" Kakangmu kui desainer kondang yo..! " Omongku
" Sanes sing teng pinggir dalan niko po? "
" Ora yo...!, mbok padakke banci banci kae po..?, kakangmu yo jelas ora payu..! " Omongku
" Nah iki wasiat e kakangmu sakdurunge mati,disekseni yo..! Yen , hata warisane arep dikekke ibune kabeh! " Omongku
Cep klakep do meneng kabeh .
" Pripun niki..?, do setuju to niki? "
" Kula niki empun tuwo, gesang nggih mboten dangu melih, kula niki urip nggih pun diopeni anak kulo si minten niku, dados bondho kula pun mboten butuh, nek saget bandhane sutono mang sukakke si minten niku, mesakke urip Ming ijen, gek ngopeni adi adine anake yo isih cilik! " Omonge mbok surati
Dadi ubur saknaliko.. Wkwk.. Dulur e lanang do protes wkwkwk.. Ipe ipene do mrengut.
Hayo ngene lur, biasa perkara bondho.. Nek ono warsan karepe oleh okeh dewe, nek kon ngopeni mboke sing wis tuwo do uncal uncalan.. Wkwkwk
" Waduh pripun niki kula dadi ora kepenak kalih kakang kakang kula..! " Omonge Suminten
" Lha terus piye? " Takonku
" Nopo kula undangke pak Dukuh ben adil! " Omonge Suminten
" Kula pun teng mriki ket wau dik minten! " Omonge pak Dukuh metu seko pawon
" Perkara niki kudu dirembug ben pada padange! " Omonge pak Dukuh.
" Saene dospundi pak Dukuh? " Takonku
" Tulung dik minten, pak Hadi diatur tindak mriki! "
" Kulo pun teng mriki ket wau mas Dukuh! " Omonge pak ketua LKMD njedul mbrobos gedheg.
" Kok mboten ngatur mbah kaum sekalian? " Omongku nggonduk
" Kula ket wingi pun teng mriki mas! " Omonge mbah kaum krekel krekel metu seko ngisor dipane mbok surati... Hedeeehhh
-----
tak bacutke ya lur crita ndobosku

" Ngeten lho pak Dukuh, pak LKMD niki masalahe kulo lak bingung.. "
" Wes.. Cukup..!, ojo mbok bacutke aku wes krungu kabeh " Omonge pak Dukuh.
" Iki perkarane dudu bondho warisane Wong tuwo, iki bandhane dulurmu, dadi kowe.. Jan, karo adimu si Sur, ora keno nuntut..!, umpomo diwenehi yo sak pawehe! , lak nggih ngaten to pak LKMD?"
" Leres ngendikane pak Dukuh, wasiatipun meniko lak kagem simakipun, lajeng simakipun masrahaken dateng nak Suminten, lha nanging bandhanipun almarhum meniko pinten lak dereng genah, dadi ojo nganti wes ribut warisan jebul.. Plekenyik.. Ming rongewu.., lha lak ndadosaken kuciwo to niku?, saene ditakyinke teng jakarta mriko ben luwih ceto, lak ngoten " Jare pak Hadi ketua LKMD.
" Lha njenengan njih ajeng tumut teng Jakarta nopo? " Takone pak Dukuh
" Lha enggih..!, kula pun siap siap mbeto tas barang je! "
" Lha nek ngoten kulo nggih ajeng tumut..! " Jare dukuhe
" Lha nggih awi..! " Jare pak LKMD
Batinku.. Haduh.. Remuk juum.. Tambah anggota.. Ceto pemborosan iki hedehh
" Nak Suminten, kowe yo kudu melu, ben ngerti kahanan omahe! "
" Nggih pak, kula tak tata tata, niki mboten kula damelke ujukan riyin? "
" ORAAASAAH..! " omongku meh bareng

" Lak cukup to mobile mas tambah tiyang tigo? " Takone pak Dukuh
" Cekap pak, mobile ageng kok! " Jare Ahmad
" Nggih nek ngoten kula tak siap siap nggih! "
" Nggih pak, mbah kaum mboten tumut sekalian? " Takonku
" Ora Lee.. Tak neng omah wae, ora duwe sangu! " Omonge mbah kaum.
Singkat crita bareng arep mangkat... Bajilak jebul okeh sing do arep melu neng jakarta ,hedehh..jare do pingin weruh jakarta, mobile dadi kebak suk sukan, si P le lungguh nganti ndepis



" Iki madang e do mbayar dewe lhoo..! " Omongku
" SIAAPP..! "
Hedeeh.. Padake piknik
" Piye iki kang? " Takonku
" Hayo piye meneh..! " Omonge Ahmadi
Neng perjalanan ming do ribuuut wae, ndi sing ngentut, ndi sing kepuyuh, endi sing mabuk hedehh.. Kacau kacau..

Sing luwih nyebahi aku kudu mangku Sutono si demit banci hedehh.
Akhire 9 jam perjalanan tekan jakarta
---
Tak bacutke lehku ndobos ya lur..

Neng perjalanan Ming ribuuut wae, tekan tegal kena oprasi merga ana penyekatan, ning gandeng sopir e yo polisi dadi iso lolos. Lha karepe kon jaga jarak, le arep jaga jarak we piye?, sak jog dinggo wong loro!, hedehh..
Tekan Jakarta 9 jam perjalanan, boyoke nganti arep pedot..
Jam 3 bengi tekan lokasi sing dituju, jebul omahe yo lumayan jember.
" Kunci pagere endi? " Takonku karo demite sutono.
" Tak titipin tetangga yang rumah ijo, bilang mau ambil kunci, disuruh inces! "
" Inces? "
" Iya.. Aku disini sering dipanggil inces! "
" Dapur e kaya kadal og inces! , wes terserah lah, tak dodogke omahe, tanggamu jenenge sapa? "
" Bik inung! "
" Sik kang tak jikukke kunci nenggone tanggane! " Omongku karo medun mobil.
Bareng kunci wes diwenehke, gerbang tak bukak, jebul omahe tingkat. Neng garasi ono mobi inova ribbon karo sepeda motor N max.
" Hagene kowe sugih suu..!, hambok oprasi plastik po piye! "

" Iki kunci omahe sing endi? " Takonku
" Itu yang kuning! "
Bareng omahe dibukak trus lampu tak urubke, perabotane komplit, wong sing do melu teng plenggong terutama adine si Suminten.
" Lha trus surat surat karo kartu ATM nengendi? " Takonku
" Itu tak simpan di lemari pakaian kamar utama! " Omonge Sutana.
Bareng tak cek, jebul tenan ono 3 ATM. Karo surat surat penting liyane.
" Lha trus nomer pin e apal ora kowe? "
" Itu pin nya sama semua.. XXXXXX..! " Omonge Sutana
" Yowis sesok tak cek kabeh, saiki tak ngaso ndisik selak ngantuk banget aku! "
Aku metu kamar jebul wes do teng gletak tepar kabeh, ono sing turu neng kursi, ono sing neng njobin ruang tengah, ono sing neng teras.. Aku mlebu kamar trus nggletak . Zzzzzz
Durung marem nggonku sare wes digugah. Hedehh
" Mas mas.. Omahe mboten enten pawone! " Jare Suminten.
" Lha mburi kae apa? " Omongku kriyip kriyip
" Mboten onten kompor e! " Jare Suminten
" Ah mosok? " Omongku karo menyat seka dipan
" Niko pak Dukuh kalih pak LKMD nyuwun didamelke kopi! "
" Lha iki opo nek dudu kompor! "
" Kompor kok kaya meja kaca? "
" Wes kene tak ajari, kae cerete di isi banyu, trus tumpangke kene, njur tombol iki di pejet, nek pingin gedhe genine di pejet meneh, nek pingin mateni, sing iki di pejet! "
" Oalahh.. Dadi mbotensah ndadeni riyin nggih! "
" Lha kopine wes ono durung? "
" Empun, Kulo pun tuku teng warung ngarep niku ! " Omonge Suminten.
" Lha iki seng neng nduwur iso dibukak,lha.. Gene kopi wes ono akeh, ndadak tuku, gula barang wes ana kari nggawe, trus ngisor iki dibukak, kui adah gelas piring, nek arep asah asah neng kono, nek arep ngliwet nganggo kui, iki jenenge mejigcom gari nancepke. Nek arep ngombe wedang es, kui lemari gedhe dibukak... Lho.. Isine wes komplit, ono buah, ono sayur, sirup! , lha iki wadah beras, Ming kari mejet berase wes metu, wes arep takon opo meneh kowe? "
" Wah wah wahh.. Jian canggih nggih! " Omonge Suminten.
" Wes gek gawe kopi, aku gaweke sisan, tak adus! "
" Siap boss..! "

" Bose ki kowe je teen, lho iki lak nggonmu kabeh! "
Bubar adus trus jagongan karo bapak bapak.
" Loh pee.. Ahmadi nengendi? " Takonku
" Embuh mau metu nggo motor ki, paling tuku rokok! "
" Niki ngeten mas, miturut saran saking pak ketua LKMD, semua barang sing teng mriki didata sedoyo trus langkah selanjutnya ajeng di rembag teng nggriyo! " Omonge pak Dukuh
" Nggih monggo, sing baku kula naming nyampaikke amanat saking almarhum! "
" Lha sak lajenge, para warga niku njaluk kepingin mubeng, mubeng, mumpung teng jakarta! "
" Plesir plesir maksude? "
" Enggih leres! "
" Lha do mbeto sangu mboten? "
" Pun mbeta kok, bab niku beres! , Ming nyuwun tulung diterke! " Omonge pak Dukuh
" Sakniki ngeten mawon, enten sing saget nyopir mboten? " Takonku
" Lha kula niki mantan sopir je! " Omonge pak Dukuh
" Lha niku mobil elef e di beta mawon, bensine kebak og niku! "
" Angsal nopo? "
" Oleh mawon, monggo mang mubeng mubeng sak jelehe! " Omongku
" Ayo sopo sing arep melu plesir? " Omonge pak Dukuh
" Kula, kula, kula....! "

Ora suwe wis bubar do plesir, Ming kari Suminten karo dikancani ibu ibu 2, do masak neng pawon.
Aku karo si P . Jagongan neng teras ngenteni Ahmadi, ora suwe Ahmadi teka.
" Seko ngendi kowe kang? "
" Seka kantor polisi, gawe berkas penangkapan karo njaluk bantuan personil! "
" Mobile nengendi? "
" Dinggo plesir bapak bapak! " Omongku
" Sing nyopir? "
" Pak Dukuh! "
" Woo.. Iso nyupir to, ngertio wingi tak kon nggenteni aku! "
" Wingi arep tak genti kowe ra gelem! " Omonge si P
" Ha niat do nusul sutono kabeh! "
" Inces mas..! " Jare demite
" Prek ! "


" Kapan le arep nangkap mis ZEE? " takone si P
" Ya mengko nek wes rampung arep do ngampiri ndene! "
----
Rada sauntara ngenteni polisi setempat.
" Ndingaren kok suwi yo kang? " Takonku
" Hayo antri paling, maklum kutha gedhe masalahe yo mesti akeh, sabar paling sedelok engkas! " Omonge Ahmadi
" Mas mas , kalih pak polisi monggo dahar riyin nika masakan e pun mateng, sayur sop kalih sambel terasi lawuhe tahu tempe! ! " Omonge Suminten
" WA.. Siap..! " Bengoke si P sing ket mau meneng wae
" Ayo kung..! , madang sik! "
Lagi sak tengah e madang, krungu ana mobil kijang teka mlebu pekarangan.
" Lha kae opo kang..!, wes teka polisine " Omongku
" Ndingaren kok suwi yo kang? " Takonku
" Hayo antri paling, maklum kutha gedhe masalahe yo mesti akeh, sabar paling sedelok engkas! " Omonge Ahmadi
" Mas mas , kalih pak polisi monggo dahar riyin nika masakan e pun mateng, sayur sop kalih sambel terasi lawuhe tahu tempe! ! " Omonge Suminten
" WA.. Siap..! " Bengoke si P sing ket mau meneng wae

" Ayo kung..! , madang sik! "

Lagi sak tengah e madang, krungu ana mobil kijang teka mlebu pekarangan.
" Lha kae opo kang..!, wes teka polisine " Omongku
Bareng tak inguk kok bentuk bentukane ora koyo polisi batinku
Ono wong enem ,metu seko mobil glelengan . Trus bengok bengok .
" Dudu polisi kung..!, ora ono sing kenal aku , jelas preman kae kung! " Omonge Ahmadi.
" Waduh njur piye iki kang? "
" Hayo piye meneh, kudu di adepi, sajak e kabar nek omahe sutono dileboni uwong wes kepringu mis zee.. Njur nyewa preman! " Omonge Ahmadi.
" Wah awake metekol metekol je kang!, senjatamu siapke mbok menawa ana apa apa! "
" Waduh senpiku tak simpen neng bagasi mobil elf je! "
" Hedeehhh... Njur piye iki? "
" HEHHH... KELUAR KALIAN..!, ENTE SIAPA KOK BERANI BERANINYE MASUK RUMEH ORANG! " bengoke sing awake metekol.
Kang Ahmadi gage metu nemoni grombolan preman
" Heh ente siape kok berani masuk rumah orang? "
" Sabar bang..!, sabar! " Omonge Ahmadi nenangke
" SABAR SABAR APEE...! , EMANG SIAPA LOO..! " Omonge preman logat betawi
" HEH...!, SIAPA KALIAN BERANI MASUK RUMAH ORANG..! , AYO BUBAR..!, APA MAU GUE HABISIN SEMUE!, " omonge preman liyane.
" Kui sopo to kung?, kok bengok bengok ora duwe aturan! " Takone si P
" HEEH NGOMONG APE LOO..!" takone preman mentelengi si P.
" Sabar bang sabar! " Omongku arep njelaske malah si P genten ngegas.
" DITAKONI APIK APIK MALAH NYENTE NYENTE..!, ANGEPMU AKU WEDI PO NYAWANG DYAPURMU..! "
" Sabar pee.. Sabar awak dewe kalah jumlah! " Omongku
" ENTE OMONG APE..?, KAGAK NGERTI GUWE..! "
"GUWE GUWE.. NDASSSMU KUI! " getake si P hedeh
" ELO NANTANGIN GUWE..?, BERNI ELO SAMA GUWE?, KALO ENTE MAU HIDUP SEGERA ANGKAT KAKI DARI SINI APE GOLOK GUWE YANG BICARE! " omonge preman karo nduduhi sajam sing dideleke neng balik jaket te.
Karang sing dijak omong wong ora duwe uteg, malah karo si P langsung ditempiling ndase nganti menjoto.
GEGER GEDHE... TENG BRENGOK ORA KARU KARUAN.
hayo uwis aku njukuk watu tak bandemke ndase preman liyane, untung luput, Ha nek keno iso moncrot ndase.
Aku trus ngetokke jurus andalan..
" TOLONG..!, TOLONG..!, MALING.. MALING..! "




Wong wong do metu, ning yo Ming nonton tok ora ono sing gelem ngewangi .
Wong telu dikroyok preman enem..
Hayo ora imbang,tak sawang Ahmadi ditendangi wong loro, si P malah ngantemi preman sing awake lemu. Preman e do ngetokke gaman
pas keadaan genting, ndilalahe ono mobil elf mlebu.
-------
Aku wong telu sida jotosan karo preman kongkonane mis Zee. Gandeng wong telu mungsuh wong enem hayo jelas kwalahan. Preman e do ngetokke senjata tajam.
Pas kahanan kepepet dumadakan mobil elef njedul.
Reguduk wong sak batalion mudun balane pak Dukuh.
Aku langsung mbengok..
" MALING.. MALING.. MALING.. ! "
Preman e jebul yo panik tak bengoki ngono, arep do mlayu, sing maune sangar dadi kiwah kiwih.
Wong enem do dinggo bancakan wong sak RT.
Ahmadi langsung mlayu njikuk senpi neng mobil elef.
" JANGAN BERGERAK..!, ATAU SAYA TEMBAK!, LETAKKAN SENJATA! " getake Ahmadi karo nembak tanda peringatan neng nduwur ping telu
" Dorr.. Dorr.. Dorr..! "
Preman preman do kaget,Senjatane langsung do dibuang, trus ndodok angkat tangan tanda menyerah.
" Nek kowe yo rasah melu menyerah to pee.. Cah radong , kok njur melu angkat tangan hedehh.. Wes kui gek dibondo tangane! " Akonku
"Siap..! , lha aku melu kaget jee..!" Omonge si P
Akhire wong enem kasil diringkus, di Banda tangane.
" Ampuun.. Ampuun.. Ampuni aku pask ! "
"" ASS... AMPUN AMPUN OPO..! IKI JALUKANMUU..! '
langsung do tak ajiaaar.. Tak kaploki tak dugangi tak jotosi ndase, tak jambaki rambute.. Jian ngamuk tenan aku lur
" Wis kung..!, wis kung..!, sabar.. Sabar..! " Omonge Ahmadi karo nyekelii tanganku.
" Ampuun.. Ampuun..! "
"WES OJO DIPISAH..!, OJO DIPISAH... TAK RAMPUNGANE DEWE PENJAHAT IKI..! " omongku emosi.
" Sudah mas sudah jangan main hakim sendiri! " Pak Dukuh melu nggujer awaku.
" AMPUN DICEKELI PAK DUKUH..!, AJENG KULA PLATOK NDASE, AJENG KULA JUWING JUWING KWANDANE..! " bengoku
" Sabar kung..!, sabar..!, iki mengko ben diurusi polisi! " Omonge Ahmadi nyadarke aku.
Aku langsung nyebut..
"Astaghfirullah halazim!, aku kok dadi kalap hedehh... Coba ora dicekeli wes tak entekke dewe wong enem iki mau! " Omongku karo mlakuku tak degek degekke jian ketok jantan bsnget
" Heleh Karang wis do di Banda! , mau tak delok Ming mlayu ngalor ngidul ro bengok bengok tok! " Omonge si P nylekit
Ora suwe polisi polisi kancane Ahmadi do teko trus preman preman diglandang neng kantor polisi, karo barang bukti sebuah mobil kijang.
" yah ngeten kok pun wangsul pak Dukuh? " Takonku
" Lha pripun!, tempat tempat wisata do di tutup merga pandemi lha kula langsung bali "
" Owalaaah jan sial nggih! "

"Ayo kung!, nusul neng kantor polisi, sekalian nangkap tersangka pembunuhan Sutana! " Omonge Ahmadi
" Siap numpak apa? "
" Nganggo inovane wae! "
" Pak Dukuh kulo tinggal nggih, menawi ajeng balik jogja elefe dibeto mawon mboten nopo nopo! " Omonge Ahmadi
Singkat crita
Jebul tenan, preman preman pancen disewa mis Zee. Seko Ormas daerah kene. Jebul mis Zee uga kepingin nguasani bandhane Sutono alias inces.
-------
Bar seka kantor polisi, lanjut penjemputan tersangka pembunuhan , sapa meneh nek ora mis Zee desainer kondang.
Tekan omahe tersangka langsung di Grebeg, ndilalahe miss Zee yo agi nengomah. Miss Zee kaget omahe di tekan polisi pirang pirang.
" Ada apa ini? " Omonge miss Zee
Jebul sing jenenge miss ZEE kui yo banci


" ANDA KAMI TANGKAP! " omonge polisi setempat
" Salah saya apa? " Takone miss Zee
" Kamu diduga melakukan tindak kejahatan pembunuhan! " Jare polisine
" Buktinya mana kalau saya membunuh! " Omonge miss Zee arep selak
" Nanti bisa kamu buktikan di pengadilan!, borgol orang ini! " Omonge polisine
Akhire miss Zee di borgol tanpa perlawanan.
" Aku heran, kenapa kalian bisa tau? " Takone miss Zee bingung.
" Jangan pernah menyepelekan polisi Republik Indonesia, biarpun kamu sembunyi di lubang semut pun pasti akan tertangkap! " omongku.
Akhire Miss Zee di glandang neng kantor polisi.
Kasus ditutup
" Kung omongke si Sutono, nek kajadte wes tuntas, ojo ngetutke aku meneh! " Omonge si P
Tak sawang demite sutono mesem karo dada dada trus tangane ditangkepke embane njaluk pamit, trus ilang mboko sitik bablas neng ayunane Gusti .
" Wes ra bakal ngetutke kowe meneh peee.. Wes minggat wonge, muga muga lepas O parane jembaro kubure! " Omongku
" Amiin! " Jare si P
Aku sak rombongan bali neng omahe sutana sing
wes dadi take Suminten.
Jebul masyarakat kulon progo isih do neng kono
" Ngaturi preksa bapak bapak lan mbak suminten, mangkih kula sak rombongan badhe wangsul teng jogja, nek saget sebagian tumut kula Ben mobil elef moten suk sukan! " Omonge Ahmadi kadir
" Lha nek ngoten bareng mawon, lak nggih ngaten to pak ketua LKMD? " omonge pak Dukuh
" Lha le ndata harta warisan pun rampung nopo? "Takonku
" Perkara niku mangkih ajeng dirembug teng griyo mawon! " Omonge Suminten.
" Pokoke pesen kula sing adil nggih , mongsa borong le ajeng ngatur! " Omonge Ahmadi
Akhire bakda isak mangkat balik jogja irit iritan mobil loro.
" Kang mampir ATM ndidsik sakdurunge mlebu tol! " Omongku
"Siaap..! "
Bareng tak cek saldone jumlah total meh 200 jutaan







Aku njikuk limang juta dinggo cekelan.
" Piro kung duite Sutana? " Takone si P kepo
" Akeh banget je pee..!, totale ana 15 jutaan! " Omongku



" Josss...! , aku di pikir lho kung! "
" Rasah kuatir pee..!, pokoke beris! " wkwkwk
============ TAMAT ===========
Anda telah membaca artikel dengan judul Misteri Hantu Tuli. Semoga bermanfaat dan terima kasih sudah berkunjung di website Kaweden MYID.
2 komentar