Misteri Barang Ghoib
Misteri Barang Ghoib
Misteri Barang Ghoib
Story : Dokter Kung Top

Asline crita iki yo durung pati suwe, isih awal awal pandemi kae lho lur.
Ceritane ngene
Dina kui udane nggrejih jian kawit bar subuh nganti tekan awan . Awet banget. Udane Gawean jerman sajak e

kumbahanku teng klumbruk durung pati garing, jian ambune sedep tenan

Wektu kui pancen aku sengaja mrei le mbutge..ora perkara udan. Dasare yo lagi dadi pengangguran

" Kula nuwuuun!...Assalamualaikum! "
Krungu swara uluk salam karo ndodog lawang ngarepan.
Bareng lawang tak bukak, jebul si Surata, bakule angkringan sing dodol neng kampungku.
" Ngapa surr.., kok njanur gunung? " Takon ku
" Iki kung..!, aku ngeterke tamu! " Jare Surata.
" Tamu sapa..?, kene mlebu ndisik! " . Omongku mbukak lawang.
Tak sawang Surata nggawa pawongan loro, sing siji nganggo sandangan sarwo ireng, sing siji nganggo batik. Umure kira kira wes sewidakan.
" Kenal ke kung..!, iki mbah sabrang, sing nganggo pecis iki mbah Darno.
Aku yo banjur salaman.
" Iki piyayi seka madiun sing siji seka sragen! " Jare Surata
" Lha maksud dan tujuanmu mbok gawa, Rene? " Takonku mulai curiga ana sesuatu sing ora, beres.
"Nah ceritane ki lak ngene kung.. Mau bengi mbah Sabrang karo mbah Darno ki lak jajan nenggonaku, ngobrol ngobrol trus deweke crita nek adoh adoh seka madiun arep dodol benda pusaka neng jogja! "
" Lha alamat e sing arep tuku nengendi? " Takon ku
" Lha kui kung,.. Alamat e jare lali! " Omonge Surata
Lhaa...lak tenan to...!, Iki Ming wong lara.. Batinku
" Gini mas..!, maaf ini saya memotong pembicaraan, ini begini, intinya saya punya benda pusaka, barang saya ini dulu sudah ditawar lima em.transaksi sudah mau terjadi, kemudian saya sholat istikarah dulu, minta petunjuk. Trus malamnya saya bermimpi didatangi kakek kakek tuwa dengan pakaian serba putih, yang intinya saya dilarang menjual pusaka saya ini ke orang luar Jawa, kemudian transaksi saya gagalkan karena saya takut ada apa apa! " Jare wong sing nganggo sandangan sarwo ireng, sing ngaku jenenge mbah Sabrang.
" Lha trus..? " Takon ku
" Saya dengar kabar, kalau di jogja ada yang mau beli, maksudnya mau mencari benda yang saya miliki ini ! "Jare si Sabrang
" Maksudku... Kenapa mbok gawa Rene..? " Takonku karo si Surata
" Lha critane wingi ki ya ana si P. Trus si P ngomong Caba terke nggone si kung wae, deknen kayane golek!, Njur tak terke iki! " Jare Surata
WOO.. CEN ASUOG CAH SIJI KAE.. batinku
" Nek kula sawang pancen wahyune tibo njenengan..! , pas banget nek njenengan sing ngagem! " Si Darno
Wah iki dolope..

Asline aku blas ora, tertarik karo barang barang pusaka ngono kui lur.. Ming apus apus tok..!, lha aku ki tukang ngapusi je.. arep dapusi..
" Barang e niku ujud napa ta? " Aku etok etok takon
Mbah Sabrang trus alon alon ngrogoh sak, njur ngetok ke barang sak kilan dawane sing diubel ubeli mori putih.
Trus tangane di keder kederke... Hedeehh.... Abrakan ora ono apa apane.. We gayane.. Tangane keder barang..

Alon alon mori putih dibukak..
Bajingaaan... Ming carang pring og piye..



" Niki barang e.. Nek di sawang ketok temanjem.. Manter tejane.. ! " Jare si Sabrang.
Temanjem... Matamu.. Batinku

" Woh... Enggih.. Ngedab edabpi...! " Omongku ben ketok manteb.. Gayeng
" Niku jenenge nopo mbah? " Takon ku
" Niki sing disebut PRING PETUK! " omonge mbah Darno
" Wooh.. Pring nggih enten sing pethok barang to, nek sing pekok gadah mboten mbah ? " Takon ku
" Sanes pethuk... Ning petuk! " Jare si Sabrang .
" Petuk kalih sinten? " Takon ku
" Mbok ampun guyon to...!, niki barang ghoib lho... Mangkih isa kualat lho..! " Jare Sabrang.
" Kula niki awam tenan babakan niku je mbah...!, kok diarani guyon! " Omongku
" Maksudte petuk niku niki lho..!, mang gatekke.. Ros e niki lak adep adepan to.. Mula diarani pring petuk! " Mbah Darno njelaske
" Oalah.. Niki ros lanang, trus niki ros wedok njur di adep adepan ngoten? " Takon ku
" Lha mengkih nek trus di kentu njur hamil? "
" Mboten ngoteeen.... Ya Allaaah.. Mosok pring kok kentu... Aneh aneh mawon njenengan niku..! "
" Barang niku istimewane nopo to mbah..? " Takon ku kepo
" Sopo sing kanggonan barang niki mesti bakal sugih bondho..! " Jare mbah Darno
" Lha kok njenengan kere? " Takon ku logis
--------------------------------------------------------------
Tak bacutke lehku ndobos yo lur..


" Asline pring petuk kui gunane nggo ngopo to mbah? " takon ku
"Sopo sing kanggonan pusaka iki, bakal sugih banda dunya! " Jare mbah Darno
" Lha kowe kok kere? " Takonku
" Eee... Mergane.. Nganu.. Ee.... @#$&&##@@ .. " Si Darno bingung le arep wangsulan
" Mergane barang pusaka niku cocok cocokan.. ! " Jare mbah Sabrang nyaut omongan.
" Maksudte..? " Takon ku
" Nggih nek mboten dicocoki nggih barang niki mboten saget bekerja dengan maksimal! " Jare mbah Sabrang.
" Oalaaah.. Dadi kasarane tembung si Darno niki ora pantes nek dadi wong sugih ngoten? " Takonku
" Ngih saget dibilang ngoten niku! " Jawabe mbah Sabrang.
Tak sawang rupane mbah Darno jian ketok elik banget

" Ning nek kula pikir pancen bener atur njenengan, rupane Darno niku lho...mang gatekke..wes ketok nek kere bangeti..ora pantes nek dadi wong sugih..!" Omongku
Tak sawang rupane Darno soyo ditekuk
Si Sabrang ming mesam mesem ngampet ngguyu.. Sajake ana masalah pribadi..

"Ee....Ora sida tuku yo rapopo kok..! " Omonge Darno karo mlengos sajak nggonduk
" Mbok biasa wae mbuaah... Rasah nesu nesu.., aku ki wes berminat tenan je..! " Omongku ngeyem yemi

" Nek njenengan serius tenan, barang pusaka niki saget di mahari, kulo iklas nek sing ajeng ngagem njenengan! " Omonge mbah Sabrang ngglembuk alus
" Njur mahare pinten niki? " Takon ku etok etok tertarik

" Barang niki sampun ditawar 5 em...( lima miliar ). Lha.. Monggo..njenengan Le ajeng mahari pinten? " Mbah Sabrang balik takon.
"Nuwun sewu.. Niki awakdewe rembugan ket wau mboten onten wedang kalih udud ketok wagu ngih.. ! " Omongku
" Jane enggih..! " omonge si Darno

" Kana surr... Tukokke udud patang bungkus karo wedang sak panganane! " Omongku karo Surata
" Duite? "
" Hayo duwitmu lah..!"
" Loh kok.. Aku? "
" Halah.. Mbok rasah pelit pelit.. Jer basuki ki mawa bea... Mengko nek terjadi trangsaksi.. Em eman... Kowe rong persen ..!, opo ora madang ro madang.. Komisine ratusan juta lho kui... Ora main main.. Wes Kana gek mangkat..! " Omongku meksa merga kentekan udud.
Surata gage klepat krungu komisi ratusan juta


Ora suwe krungu helikopter sekaten mandeg neng ngarep omah
" Edek.. Edek... Edek..... Greek..! "
Ora pangling mbahne FU ne si P
" Kuuung..!, kowe wingi goleki..! " Bengoke si P
" Rasah bengok bengok..!, goleki sopo clok..? "
" Bakule pring petuk..! " Jare si P
" Lha iki opo! "
" Woooh.... Wes tekan kene to mbah..! " Omonge si P karo nyalami wong loro.
" Sing ngeterke sapa e mbah..? " Omonge si P karo melu jagongan.
" Hayo si Surata..!, sapa meneh! " Omongku
" Lha saiki nengendi bocahe..? "
" Lagi tuku udud..! " Omongku
" Iki po sing jeneng Pring petuk? "Omonge si P karo nyaut pring petuk trus nggo dolanan
" EEEE.... EE.. AMPUN NGGO DOLANAN.. NGONO KUI.. NIKU PUSAKA... MENGKO KUALAT.. NIKU ONO KODAME LHO..! "
SI P kaget trus malah langsung diuncalke..


" Klotek..!" , lim e copot..!


" LHAAA... LAK TENAN TOO...! DADI TUGEL..! " bengoke mbah Darno
" Ora popo mbah..!, mengko isa di lem meneh..! " Jare si P enteng

" Sing akon Rene kowe to pe..! "
" Ora yoo..!, aku Ming omong nek pusakane si kung kae asli, nengendi endi digawa.. Nek arep mbuktekke moro neng omahe si kung.. Ngono! "
" Loh njenengan nggih gadah to? " Takon e mbah Sabrang
" Gadah napa? " Takon ku malah dadi bingung
" Pring kados niki..? "
" Mboten niku? " Omongku bingung
" Nek nggone si kung niku jenenge dudu pring petuk ning PRINGSILAN yo kung..! " Omonge si P
" CANGKEMMMEE.....! "


-----------------------------------------------------------
--Waaa... Ha nek Ming PRINGSILAN we... Aku yo duwe.. Malah gedhe sebelah wong bar ke tatap cagak! " Omonge mbah Darno
" Lha kok iso?, bar ngentu cagak po? " Omonge si P
" IKI MALAH DO NGOMONG APA TO... HEDEHHH...! "

" Kui lho kung..!, ono wong tuwo ra genah.. Cagak kok dianceli..! " Jare si P karo nyekakak
" Trus sidane pripun niki..?, sios di mahari mboten pring petuk e ? " Takone Mbah sabrang
" Yo ora lah..!, wong barangmu palsu! " Si P sing njawab
" Asli niki..! " Mbah Sabrang ngotot
" Asli kok lim liman.. Ki cara ngendi..? " Takon e si P
" Loh niki pernah ditawar lima milyar lo..! " Omonge Sabrang serius
" Sing nawar mbah Darno iki..!, karang kui dolope je..! "
" Ning mau asli..!, gandeng mbok nggo dolanan trus tugel, sampean kudu ngijoli..! " Mbah Darno melu omong
" ORA TRIMO PO PIYE..! , OPO NJALUK TAK IDAK IDAK.. RAIMU..! " omonge si P karo mripate mecotot mecotot.
" Kowe ki yo ngono.. Og kung, genah ana wong arep apus apus kok yo mbok tanggapi..! "
" WES GEK DO MINGGAT KANA..!, ORA MINGGAT KLAKON ONO WONG TUWO TUWO TAK NGGO BANCAAN..! " omonge si P
" Loh.. Sampean ampun ngoten lho.. Ambak ambak ngene , kulo niki kondang dukun santet, tukang nenung uwong lho.. ! " Omonge mbah Sabrang ngancam.
" NJUR NGOPO..?, KOWE AREP NYANTET AKU?... NYOH.. SANTETEN.. HAYO.. SANTETEN SAIKI..!, AKU ORA WEDI..! " omonge si P nggleling
" Ora nggowo alate je mass..!, nek nggawa wes tak santet yo kang..!" Omonge mbah Sabrang
" KAKEAN ALASAN...!, GELEM MINGGAT ORA!, ORA MINGGAT TAK KEPRUK KURSI NDASMU..! " Omonge si P karo arep ngangkat kursi

Wong loro langsung gedabigan mlayu metu.



" Kowe ki cen asuog Pe... Karo wong tuwo je..!, isa kualat lho ..! " Omongku
" Ben.. ! Ora berduli, wong tuwo tuwo ora do golek dalan padang, malah ming arep apus apus.. Ben kapok! " Jare si P
" Mesakke..! "
" Hass.. Rasah mesak masakan! "
" Kejem..! "
" Ben..! "
Ora suwe si Surata teka karo nyangking tas kresek.
" Loh mbah Sabrang karo kancane nengendi? " Takon e Surata.
" Neng bank njikuk duit! " Omongku
" Loh sida mbok bayari po? " Takone Surata
" Sida lah..!, endi udute? " Takon ku karo trus di ulungi udud sak bungkus, si P yo nyaut sak bungkus



" Mbok bayari piro je kung sidane? " Takone suroto kepo
" Sepuluh em lah..! " Omongku
" Emange kowe duwe duit sak mono? " Takone Surata
" Wohhh... Ngece..! "

" Mbueeel... arep tuku udud we ora gableg duit og..! "
" Lha gene ngerti..!, ndadak takon! "



"Asline aku ki ming penasaran, PRING PETUK kui ana tenan opo ora? " Takone Surata.
" HAYO JELAS ORA ONO LAH..! " omongku karo nyekekek
" Kok kowe isa ngomong ngono?, jare barang palsu kui ana merga ana sing asli " Omonge Surata
" Lha wong istilah Pring petuk kui ming sanepo.. dadi yo ora ono barange..! " Omongku coba njelaske
" Ngene lho tak terangke..!, gatekno gobogmu curekken kopokmu ben kowe ngerti tenan! "
Pring petuk kui ming sanepo,( sejenis tebak tebakan) kui sejarahe mbiyen ,ngene...ana muridte kanjeng sunan Kalijaga duk ing uni takon, piye carane ben isa keturutan sedyane ( bisa terwujud apa yang di inginkan)
Lha karo njeng Sunan dijawab " Yen kowe kepingin keturutan apa sing dadi kepinginanmu golek ana PRING Sing Rose PETUK! "
Sing dimaksud njeng Sunan kui , PRING seko tembung PENGERAN ING.. ( ALLAH YANG BERADA DI TETEMPATNYA ( ARRASI)) ROS seka tembung RASA , SING PETUK utawa gatuk.. Lha nek wes ke petuk rasamu ( bertemu , isa manunggal ing kawula ku lawan gusti) bakal kasembadan apa kang dadi sedyamu !, karepe ndedonga karo Gusti Allahmu,ojo njejaluk karo sak liane Gusti Allahmu "
" Oalaaah.... Dadi wujud barange ki ora ana ta..! "
" Ora ono...!, kui barang ghoib kok!, maksudte kui yen kowe duwe keinginan ki yo berusahalah dan berdoa karo pangeran sing ngreksa uripmu ngono blok ! "
" Dadi para wali kui nek ngetes muridte pinter apa ora, le ngandani nganggo sanepo . Ngelmu kui yo kudu nganggo mikir
" Dadi pring Petuk kui ora ono, umpamane ana kui uwis mambu tangan menungsa dong ora! "
" Oalahhh...! " Omonge Surata karo mantuk mantuk
" Mula ana wong wani mbayari nganti em eman.. Lha Wong jelas ora ana! "

" Kok kowe duwe keyakinan nek ora ono kung? " Si P melu takon
" Apa wae sing diciptake karo pengeran kui mesti ngango pakem, ora ono ciptaan e gusti mbedal pakem, conto kowe wes tau weruh bayi lahir tangane seng kiwo sikil seng tengen irung ! "

" Semono ugo wit witan, klebu wit pring barang kui.. Ana batang ono cabang ono daun kui wes dadi pakeme.. Sak jroning batang ono sing jenenge kambium sing fungsine dinggo liwat pangane uwit kui.. Lha nek njur dalane petukan haniat do tabrakan.. Trus batang e petuk.. Haniat godhonge kualik... Njur le arep ber fotosintesis piye?, utegke..! "
" Lha jare.. Nek ana pring petuk ngono kui ana kodame, .. Ono jin e sing tunggu! " Omonge Surata
" Kodam telek po..!, jin kok nunggoni pring petuk kui jin kurang gawean... Ngapain


" Tak baleni meneh kui Ming sanepo ,Kui tunggale KAYU GUNG SUSUH ANGIN, GALIHE WIT KANGKUNG... Kui ya ora ana barange wong Ming sanepan! "
" Oalah ngono to..! "
" Hambok arep tekan kiamat ora ono sing jeneng Pring Petuk asli seka alam " ..


" Lha nek merah delima kui ana ora kung? " Si P genti takon
" Kui yo tunggale..! , Ming di didobosi.. Ngendi ono jin ngasah akik, sing isa ngasah watu nganti mencirit werna abang apik kae yo Ming menungsa! "



================ TAMAT ================
Gabung dalam percakapan