Misteri Demit Kamar Mandi
Misteri Demit Kamar Mandi
Misteri Demit Kamar Mandi
Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ
Petualangan Indigo - Koyo biasane lur ..crito iki ming crito fiksi ,tegese ora tenan,ming karangan dadi teramat sangat tidak bisa dipertanggung jawabkan

Critane ngene
Aku duwe konco jenenge Putri...konco SMA mbiyen..cewek lur ....! .wayo jelas..! Mosok jenenge Putri ..cowok !







mbiyen ki angger ono cewek rodo ayu sitik we mesti wes duwe pacar..hh..
Bar lulus SMA blas ra tau petuk ..
Durung suwe iki lur ..Konco SMA do ngajak reonian nengomahe Putri..jan jane paling males aku nek ono acara reonian..hh..hhh..seng ditakokke mesti pertanyaan klasik..hhh.." Wes nikah rung? , Anakmu wes piro ? , blaa bla blaa..!
Ning mbuh ngopo aku diparani Putri kon melu reonian neng omahe deknen..hh..dipekso kudu melu..hh..yo akhire tak putuske mangkat..hh.
Singkat crito pas hari H aku mangkat rodo gasik ben iso ngewang ngewangi si Putri..
Tenan wae lur..! Tekan omahe putri jek sepi rung ono seng teko..ming ono konco wedok wedok do ngewangi masak masak..neng mburi
Aku gebagian njunjungi kursi, nggelar kloso..

"Wah omahmu gedhe apik put ! " Takonku karo nyawang kahanan omahe..
" Biasa wae kuung..

Tros seko kamar njedul bocah cilik wedok sajake anake.." loh ..! Wes bangun to kowe deek ! " Omonge putri.." anakmu po put..?" Takonku " iyo...! Aku lagi duwe anak siji iki karang nikahku rodo telat kakean sekolah !" Jare putri karo mangku anake.." lha kowe ngopo rung nikah ?" Takone putri " ra payu..!" Wangsulanku singkat " si putri meng mesem "nunggu jandamu je puut


Neng perhatianku tertuju neng anake putri...raine okeh bekas bekas luka ..mbarut mbarut tipis..hh..gek ora koyo bocah biasane seng ceria..opo mergo bar tangi turu ?.." namamu siapa cantik ?" Takonku karo anake putri.. " enjel omm!" Mboke malah seng njawab. Hh.." anteng yo put anakmu..?" Takonku hhh..
si putri ora njawab ming ambegan rodo dowo..hh..seko raine ketok nek nyimpen wadi..hh..
"Kui kok raine enjel kok koyo teng blarut ngopo to..?" Takonku njuk putri namatke raine karo ngelus elus rambute...hh.." dikukur dewe paling ..okeh nyamuk sih..!" Omonge Putri ketok nutup nutupi..hh..
Ora let suwe konco konco wes do teko..si putri njuk menyat sibuk ngurusi tamu..hh..aku ming namatke enjel seng menurutku bocah rodo ono kelainan...anteng neng ora fokus ..plerak plerok sajak waspada ..
Aku njuk kelingan cilikanku...plek koyo si enjel iki...tingkshe...nek seko pradugaku lho lurr...! si enjel anake putri iki cah indigo ..! neng ra wani omong..hhh...ada apakah ini...kasus dibukaaa!...
---------------------------------------
Koyo seng tak ceritakke neng seri sak durunge yen aku diundang reonian neng omahe Putri.ming kok seko pangrasaku ono sesuatu seng aneh neng omahe Putri seng anyar iki..antena radar per ghoiban iso ngrasakke ono energi negarif seng kuat banget..meng opo ujudte aku durung ngerti..jan jane aku penasaran karo anake Putri seng jenenge Enjel ..nek ndelok tingkahe gerak gerike ketok bocah keweden..sajake deknen duwe kelainan iso ngrasakke hal hal di luar nalar ..hh..
"Kui kok raine enjel kok koyo teng blarut ngopo to..?" Takonku njuk putri namatke raine karo ngelus elus rambute...hh.." dikukur dewe paling ..okeh nyamuk sih..!" Omonge Putri ketok nutup nutupi..hh..
Ora let suwe konco konco wes do teko..si putri njuk menyat sibuk ngurusi tamu..hh..aku ming namatke enjel seng menurutku bocah rodo ono kelainan...anteng neng ora fokus ..plerak plerok sajak waspada ..
Aku njuk kelingan cilikanku...plek koyo si enjel iki...tingkshe...nek seko pradugaku lho lurr...! si enjel anake putri iki cah indigo ..! neng ra wani omong..hhh...ada apakah ini...kasus dibukaaa!...
---------------------------------------
Koyo seng tak ceritakke neng seri sak durunge yen aku diundang reonian neng omahe Putri.ming kok seko pangrasaku ono sesuatu seng aneh neng omahe Putri seng anyar iki..antena radar per ghoiban iso ngrasakke ono energi negarif seng kuat banget..meng opo ujudte aku durung ngerti..jan jane aku penasaran karo anake Putri seng jenenge Enjel ..nek ndelok tingkahe gerak gerike ketok bocah keweden..sajake deknen duwe kelainan iso ngrasakke hal hal di luar nalar ..hh..
Gandeng soyo sore konco konco tamu undangan wes do teko..waah nek seng wedok do cipika cipiki..do kangen kangenan..malah ono seng seko luar negri barang do nglegake teko...ming arep kepingin ketemu konco wjwkkk..jare seng paling di goleki konco konco wedok ki aku..wkwjk..maklum lurr...aku mbiyen kondang sih...kondang nakale..wkwjkk..gaweane nyilake rok nginjeni katok...

"Woooh...soryyy....nek nggonmu ra tauu....! Ngarang..! Grrrr.....hhh...kowe ming nganggo katok pramuka kebak peniti oq...aku ki nek nginjen ki yo pilih pilih..ora waton je..! Yo put yoo...! Nek nggone Putri kui.seprono seprene ming krem...! " Omongku selak




Biasa lur reonian seng di bahas tentang kengglidikan jaman ndisik..endi seng di setrap guru endi seng mbolosan



Gojeg gayeng , crito ngalor ngidul...wkwkk..tros mlebu acara inti..yaitu..MAKAN MAKAN

lagi tengah tengahe makan keprungu..bengoke si Enjel.."whaaa...hwaa...mamaaa..mamaaa..ituu...! Ituu..! " Karo ndudingi kamar mandi sebelah mburi cedak sumur..
Karo Putri anake langsung di sikep di tenangke.." Oo..itu namanya tokek..! Sayang..!" Jare Putri..hhh
Tak sawang blas raono tekek seng nemplek neng tembok.." Dah ..tak usire tekeknya..! " Omongku nylamur...karo tak parani mlebu kamar mandi..hh
Kamar mandi sebelah mburi pancen rodo jembar..bak e gedhe kebak banyu..model jadul..dipasangi kramik werno krem..
Bareng wes neng njero kamar mandi ..tenan wae..ono wewujudtan wong wedok rupo pucet rambute di krembyahke nganti nutupi rai...nganggo long dress..ngadek neng pojokan karo namatke aku..hh..
Gandeng aku wes siap dadi ora kaget..hh..wooo...! dadi iki to seng manggon neng kamar mandi gaweane medeni bocah..! Hhhh...ning aku etok etok ra weruh..dasar demit mesum ..! Batinku..
Gandeng kroso kepoyoh aku yo langsung sreet..sreet...thurrrr...!

Tak sawang deknen namatke..karo rodo geser geser ndak kecipratan...haning tep tak oyakke..wkwkkkk..ben lungo..
Deknen tros namatke aku,semono ugo aku namatke raine ...jebul manis rupane lur...hh..secara reflek dan tak bisa di cegah...si Anton njengaat..hhh..




Ngerti Anton aktif...deknen soyo namatke aku..yo langsung tak kasih jurus kerlingan maut ku...cling...",kyAaaaaaaa....!" Deknen mbengok banter..tros plas mencolot mlebu bak kamar mandi nganti banyune bak iso muncrat...byurr...! Tros ilang tak kedepke...hhhh..
Njuk sopo demit ayu semok semlohai , iki mau..??? Nek ndelok aurane semu kuning jelas..Arwah penassaran iki..wjwkk...
------------------------------------
Metu seko kamar mandi ora sengojo mesam mesem dewe..lha piye ono demit kok nginjenan









Basan soyo bengi..tamu tamu do pamit mulih..bojone si Putri seng kawet mau ndelik neng kamar lagi metu melu nguntapke ...wkwkkk..
" Bojomu ket mau mbok cencang neng kamar po put..?

." mboten mas...! Mengkeh ndak mboten bebas nek onten kulo !" Wangsulane bojone..wkwkk..."berarti bojomu isinan puut !...wkwkkk..kenal ke mas ...! kulo koncone putri ..!" Omongku karongejak salaman..
"Nami kulo Anton ..!" Jare bojone Putri..




Aku njuk melu pamit .." put aku pamit yo..! Ming pesenku..kamar mandi mburi kae rasah nggo adus ndisik..terutama bojomu....! wjwkkk..ndak antone si anton njengat wjwjwkk..!..ono demite wedok ! " Si Putri ming menjeb " da ..! Enjel om pulang dulu ya ..ndak usah takut sama hantu..!" Omongku karo anake putri..

(Let telung ndino)..
Sore jam limonan lagi enak enak ngopi karo si P .ndobos ngalor ngidul sinambi cres....bul bull....kedayohan Putri diterke bojone..si ANTON..wkwkk
" Weh puut...! Wingi bar ketemu kok , moro ndhene ki kangen ro aku po ?" Omongku karo nyalami putri..wjwkk.."wooh GR we..! " Jare putri..si Anton bojone putri ming mesem , njuk ngejak salaman , si Enjel yo melu di gendong bapake..


Tros do jagongan neng teras ngarep
" Ada apa gerangan Puut ? Ono perlu opo ming dolan wae..??" Takonku mbukak rembug. " Ngene mas..! Aku rasah boso wae yo..! Mergo ora iso boso je..!" Omonge si Anton.." iyo mas..ra popo malah ben ketok akrab..!" Wangsulanku..
" Ngene mas tekaku mrene iki sepisan silaturohmi..seng peng pindo aku arep takon ..babagan anaku si enjel kae..sakplok pindah omah kelakuane ki rubah..dadi jirih sering nangis ngembret nggembret nganti awake panas..jare sering weruh mbak mbak sliweran neng mburi omah..hh..parahe meneh mas kadang sambat nek di cakari mbak mbak seng ra ketok kui..lha...lbune yo dadi katot wedi..ngono mas ..! Sowanku mrene iki arep takon mbok menowo nduwe kenalan wong pinter seng iso nutup moto batine anaku ben ora iso weruh hal hal ghoib ngono kui mas..iki aku njaluk tulung tenan..sokor bage yen kowe iso mas..!" Omonge si Anton..
"Haduuhh...ngapunten nggih mas..! Mbok sampean cobo moro teng nggen pak kyai seng pun genah mumpuni babagkan per ghoiban ben si enjel di rukyah..!" Omongku..
"Wah mas..! Wes bola bali tak coba..neng ora ono hasile..!" Jare anton .." mbok kowe wae kuuung..! Aku njaluk tulung..nek kowe iso ngilangi..!" Si putri melu omong.." whaaa...ngawor kowe puut..! Aku ra iso ...yoo..

" Lha njenengan wingi pas pamit niko kok ngendiko nek omahku ono penunggune..?" Takone anton.." woo..nek kui pancen iyo...! aku wes meruhe dewe..! Lha..nek tak blakani kowe yo mesti ra percoyo..malah iso nginekke aku gemblung mengko..

" Pancen awale aku ora percoyo bab bab ngono kui..ning gandeng saiki menimpa anaku dewe..aku lagi percoyo..!"
----------------------------------
" Pancen ngono kok..! Aku dewe yo maklum menowo akeh seng ra percoyo hal hal ghoib! Jenenge we yo ghoib dadi ora iso di delok nganggo mata lumrah..hh
Lha nek anakmu kae seko pandugaku iso weruh..kui gawan bayi..! Dadi yo percuma nek mbok rukyahke..kui seng iso nambani yo ming Gusti Allah..ming biasane bocah nek wes iso bergaul opo bersosialisasi karo kancane yo umur 10 taunan njuk ilang dewe..biasane lho kui puut !" Omongku
" Woo..dadi menungso ki yo ono to seng duwe kemampuan weruh hantu ?" Takone Putri...
"Halaah..ojomeneh kok ming weruh ghoib , menungso ki ono lho seng iso omong karo kewan..wkwk..contone Nabi Sulaiman !" Omongku "nek kae lak wes genah nabi kuung !" Jare si Putri.."weh...ojo salah we put..seng nyebut deknen nabi ki wong liyo..lho..Sulaiman dewe ratau menyebut dirinya nabi

Ora let sue si P ro enjel teko karo nggowo jajanan akeh..wkwkk..njuk si P melu jagongan.
" Nek ngilangi iso ora kowe kuung ? " Takone anton.." wah nek kui aku kudu moro nengomahmu...!" Omongku.." waaa...mbok aku njaluk tulung nek njenengan iso !" Omonge anton sajak bungah.." ning ono sarate lho ton ..! Iki mesti ber bau ragat..





"Berees jo kuatir..!"
Singkat crito aku nginep neng omahe putri dikancani si P.
Bubar madang do klekaran neng kamar mburi..kiro kiro jam sepuluhan aku wes kroso ono mahluk ghoib neng sekitarku.." pee...! Demite wes metu pe..! " Omongku bisik bisik karo si P "endi..?" Kowe pingin weruh po ? " Giyaaah..!

Tenan wae lur..demit wedok seng rupane koyo penyanyi.." cinta ini..






"Ampuun mass...! Ampuun ! " Bengoke demit wedok..hhh..wjwkkk..ono demit kok wedi diwudani wjwkk.." sopo kowe..? ' ayo ngaku Sopo jenengmuu..?"
"Eryna mas...namaku Eryna..! " Wangsulane demite...
------------------------------
Bareng wes keciandak demit wedok tros tak lungguhke kursi..
"Piye..? Wes kecekel durung ? " Takone si P karo ingak inguk seko njero kamar.." uwes iki...! " Omongku " endii..? Raono apa apane..! Diapusi tok..! "Wangsulane si P..karo metu nyedaki aku..hh.." lha kowe pingin weruh po piye ?" Takonku.." ora ..! Ora..! Aku percoyo wae lah..! Lanang po wedok ? " Takone si P "
"Yo..wedok lah...! Lanangan nggo ngopo..!





"Jiaan jos..pool..meh mirip artis penyanyi je pee..! Nek ming via valen we lewat..!" Omongku "preeeeet...!" Omonge si p " weeh ra percoyo..! Wes si Anton ro putri gek di gugah kon mrene..! " Omongku..
Bareng wes nglumpuk ,tak kenalke..karo Anton lan Putri..hh.." perkenalkan mbak mbak tak kasat mata iki namanya Eryna..!"
" Hallo eryna..! " Omonge si P.." kuuung..kowe nggugah aku bengi bengi ming arep mbok kenalke karo kusi..?..hhh... Mbok ra edan kowe kuung..!" Jare Putri ro ongap angop aras arasen..hh..opo meneh si Anton..ming ketap ketip bola bali ngucek ucek mripate...tanpa eksprasi..hh.." jare kon nyekel demite...lhaa..iki wes tak cekel..saiki lungguh neng kursi iki lho..!" Omongku meyakinkan..hh.." kung..! Mbok ra ngarang..!



Anton yo melu mantuk mantuk sajak maido.." percumah saja mas..! .mereka nggak bakal tau !" Eryna melu omong..hh..haduh njuk piye iki..hh.." kowe nggeser kursi kui iso ora Er..? " takonku..Eryna njuk menyat berusaha ngobahke kursi ning blas ra obah..hedeeh njuk piye iki carane ben do yakin nek ono badan Alus neng ngarepe..hhh...opo yo kudu aku ngetokke Antonku njuk Eryna tak kon wudho..ben do weruh nek iso ngetril
😂hedeeh..ning nek ngono kui terlalu fulgar yo lur...
😂
😂
😂
😂..haduh njuk piye iki..aku jadi bingung..!
😑






Tros aku kelingan .

"Put...! duwe baskom opo ora ?" Takonku.." ono..!"
Yess..! Singkat crito waskom tak isi banyu..tros tak deleh nduwur mejo nengarepe Eryna.." cobo saiki gatekno banyu neng waekom kui..nek iso obah berarti ancen ono lelembut neng kursi kui..neng nek anteng berarti aku ngapusi ..! Piye..! Wong loro do mantuk aras arasen..
Tenan wae lur ..karo si Eryna banyu baskom diobok..nganti muncrat ..kopyak..malah bekas tangane Eryna seng teles di templek templeke mejo dadi ngecap gambar tapak tapak tangan...! giegerr...! sak naliko...si Anton nganti ngewel ...semono ugo putri nganti kamitenggengen..ngoplok..weruh tapak tapak tangan mlaku neng mejo.." wes..piye..? Per coyo to saiki..!" Wong loro gage le mantuk..karo ngoplok.." di sapa dong..!" Omongku .." hhhhhaii..mmmbak...! Erina..!" Omonge putri karo ngangkat tangane seng isih ndredek.." wes rasah wedi..biasa wae..!' si p melu omong wjwjk nggaya..! mau yo wedi we..wjwjk.
------------------------------
Bareng wes percoyo kabeh lagi tak takoni si Arwah penasaran iki, jian nek di gambarke malah do koyo wong kentir kabeh..lha piye ..! Mengintrogasi korsi kosong




"Saiki ngene gandeng awak dewe ora iso weruh lan ora arep njaluk weruh..! kowe dadi penerjemah wawe..! Seng takon ben wong telu iki..piye..?" Usule si P. " Okee..! Ra masalah !"
" Kowe lanang po wedok ?" Takone si P.." hedeehh...hayo jelas wedok ..! Diomongi bola bali ra dong dong..! jenenge we Eryna mosok lanang..! Hhh.." omongku.." rangandel ...! Jal tiliki..!" Akone si p...




" Wes terjawab to pee...! Arep takon opo neh.... kowe..? ..susune ora mbok takokne sisan


" ora oraaa..! " Omonge si p karo nyekeli pipine..wkwkwkk..
" Lha kenopo kok manggon neng omah iki tros salahe opo anaku si enjel mbok larani..?" Si Putri genti takon..
Tros badan Alus seng ngaku jenenge Eryna ndungkluk tros nangis sesenggrukan...hhh...bar kui deknen njaluk ngapuro masalah sering kontak fisik karo si Enjel..mergane enjel kui iso weruh ujudte deknen...mulo enjel seng dinggo jalaran ben do ngerti nek ono arwah gentayangan.." ooo..dadi maksudmu golek perhatian..!" Omongku..
Si Eryna mantuk..
"Lhakok senengane neng kamar mandi...hh.?" Anton genti takon.." hobimu nginjeni wong adus yo..?" Takonku ndedes..
" Endaaak..! Kalo ada orang mandi aku keluar..koq !" Jare si Eryna..."mbueel...! nyatane kowe wes weruh..wekku..!" Omongku.."kui mergo pean ra gelem minggir..!" Alesane eryna..hhh..piye..? Siip to ?

" Piye kui gek di jawab !" Omonge putri..
Mergane deknen sering neng kamar mandi mergo jasadte si Eryna di pendem neng bak tros di cor semen..hhhh... ." Wooo...pantes...! bak kamar mandine gede tur cetik..tros weno kramike bedo..! Ketok nek susulan ..hh..njuk seng mateni kapan sopo wonge seng tego mateni kowe Er..?" Takonku..
Rupane ery rubah dadi ngeri..mripate menteleng..ketok nek nesu..hh.." Budi Purnomo..!" ????????????
" Budi purnomo..? Sopo kui..?..hhh... Opo ra salah kowe..!..dudu Anton iki po..?" Takonku serius..hh..mbok dimatke seng tenan..! Dudu iki po seng mateni kowe..!" Omongku karo nunjuk si Anton bojone Putri..
" Kuuuuuuung..!



"Mboten buuu...!



--------------------------------------
Jenenge Eryna ...ngakune wong mbayat, klaten..anake pak Sapari ,menjalin hubungan gelap karo seorang Dosen seng jenenge Budi purnomo..lelaki yang sudah ber istri punya 2 orang anak.,si Eryna njaluk pertanggung jawaban si Budi mergo meteng...hedeehhh..." Taun piro kui..? Kelingan ra ?" Takonku , kejadian taun 2003 .
" Hedeehh....jare dosen kok gobloke ra jamak..! .hh..ra kenal kondom po..?"




" Sek ...!tros Budi purnomo ki sopo ton ? Opo kowe tepung..? " takonku karo Anton bojone Putri..
" Ora ki..!" Omonge Anton karo gedeg gedeg.."lha opo kowe tuku omah iki udu karo Budi purnomo po ?" Si P melu takon..
" Dudu....! Iki mbiyen nggone mas Anjar..! " Jare anton .." lha tros ..Budi purnomo ki sopo ..? Jal takon mas Anjar..duwe kontake ora ? " Takonku duwe..! Omonge Anton karo mlebu kamar njikuk Hp..gandeng suasana rodo gaduh si Enjel tangi marani mboke neng ruang mburi.. njuk jegagik ketok kaget weruh wong wadon tak kasat mata ..lungguh kursi.." om itu ada orangnya lho..!" Omonge Enjel ngandani aku..

"Iya ..om juga tau..ini namanya mbak Eryna..! Nggak usah takut..sekarang ndak galak kok udah jinak.!" .omongku karo tak ucel ucel rambute..tak delok si eryna senyum wagu..wjwkkk..
" Iki gelo nomere..!" Jare anton .."gek di hubungi yah..! " Omonge putri..."iki meh jam siji ki ?" Hasss..ra masalah..! Ngomong wae darurat..! " Si p melu nimpali..
Ndilalahe diangkat karo mas Anjar ,pemilik rumah..jebul ngene lur...
Sak durunge di tuku si Putri omahe iki di kontrak utowo di sewo selama 4taun ..seng ngontrak jenenge Budi Purnomo....!
Dyaaarrrr...CIANDAK RAAAWEE...! ..hhh....

Deknen jare dosen neng universitas swasta daerah jatim..
Lha dinggo menunjang karire si Budi di sekolahke meneh neng universitas negri jogja..makane deknen kontrak omoah iki..nggo ngrampungke studyne..sinambi demenan..! Lak ngono to kui lur...! .wkwkkk.jian mantab kui..

Jebul si Eryna iki mbiyen mahasiswine...wkwkk..dasare dosene clutak mahasiswine geleman..hh..
"Wes genah kasus kriminal iki..sesok wae ngundang tukang mbongkar kolah, jenasahe Eryna di rukti seng Apik..!" Omongku
"Kok aku ra habis pikir yo kung ..! Seorang dosen kok kelakuane koyo ngono yo ?" Omonge si Putri bareng ngerti rentetane crito..."Dosen ki yo uwong je puut..!




Kasus complitet..

Singkat crito esuke aku ngebel jang Ahmadi ,polisine..ben di urus kasuse...seng jelas nama tersangka jelas..saiki isih dadi dosen neng jatim.
kluargane Eryna ugo wes di kabari..malah njaluk jasadte Eryn di gowo neng kampung halamane..daerah mbayat klaten..
Kolahe sido di bongkar...tenan wae ditemukan tulang belulang tengkorak manusia yang terbungkus semen cor..wkwk..jasatde isih wutuh lur..wong tukange ra wani nitiki..kesuwen jare.hh..dadi yo di lebokke peti sak bongkahan bongkahan semen cor coran.wjwkk..dadi uaabote ora njamak..wkwkk..lha piye meneh..



Tak sawang badan aluse Eryna meluk kenceng karo ngambungi si Enjel anake putri..embuh opo seng di omongke...Enjel wes ketok ora keweden...njuk dada karo si Enjel ..enjel yo mbales dada..hh..
Barkui njuk Eryna nyedaki aku..karo mesam mesem." Makasih yo mas..! "Slamat jalan Eryna..ming aku arep takon satu hal ...gede endi Antonku karo Antone Anton...


Syemmm...hh..pantesan si putri Kemonthil konthil..
================== TAMAT =================
Gabung dalam percakapan